Monday, August 20, 2012

JAWA SEJATI-SEJATINYA JAWA DALAM LONTAR DAN SEJARAH(LANJUTAN)

DARMAGANDHUL-(KERUNTUHAN MAJAPAHIT)

Carita adêge nagara Islam ing Dêmak bêdhahe nagara Majapahit kang
salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama Islam.
Gancaran basa Jawa ngoko. Babon asli tinggalane GKPH.Kolonel

Poerbodiningrat,Jl.Suryo No.20 (sekarang) di Kelurahan Purwodiningratan,

Surakarta.
(dirumah Beliau diaku sebagai milik dan karya dari PT.Saddhu Budhi)

BÊBUKA.

Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangikêtira, kiyai Kalamwadine, ing

nguni anggêguru, puruhita mring Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing guru,

sru sêtya nglampahi dhawah, panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir

Jawata.


Satuduhe Raden Budi êning, pan ingêmbun pinusthi ing cipta, sumungkêm lair

batine, tan etung lêbur luluh, pangesthine ing awal akhir, tinarimeng Bathara,

sasêdyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir

myang kabir, dumadya auliya.


Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susêtya, mring dhawuh wêling

gurune, kêdah mêdharkên kawruh, karya suka pirêneng jalmi, mring sagung ahli

sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang, sinung aran srat

Darmagandhul jinilid, sinung têmbang macapat.



Pan katêmben amaos kinteki, têmbang raras rum sêya prasaja, trêwaca wijang

raose, mring tyas gung kumacêlu, yun darbeya miwah nimpêni, pinirit tinuladha,

lêlêpiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinêdhak tinurun sungging,

kinarya nglipur manah.







Pan sinambi-sambi jagi panti, sasêlanira ngupaya têdha, kinarya cagak lênggahe,

nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarêm-arêmi, tarimanireng badan, anganggur

ngêthêkur, ngêbun-bun pasihaning Hyang, suprandene tan kalirên wayah siwi,

sagotra minulyarja.


Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang, ing

lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je

warsanira, Sancaya kang windu, masa Nêm ringkêlnya Aryang, wuku Wukir

sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata (taun Jawa 1830).







DARMAGANDHUL.


Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene "Mau-maune

kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama Islam?"


Wangsulane Ki Kalamwadi: "Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging aku wis tau

dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna dipracaya, nyaritakake

purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul".


Ature Darmagandhul: "Banjur kapriye dongengane?"


Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: "Bab iki satêmêne iya prêlu dikandhakake,

supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben ngrêti".


Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka, dene ênggone

jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging kang durung ngrêti

dêdongengane iya Majapahit iku wis jênêng sakawit. (1)


Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu Brawijaya.


Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh Putri

Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane Islam, sajrone lagi sih-sinihan,

Sang Rêtna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sabên marak,

ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari

katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.


Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo

mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kaparênga anggêlarake

sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid

rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing

Surabaya (3) anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka

sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku padha marêk sang

Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing pasisir. Panyuwunan

mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidhêp mangkono mau

saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha agama Islam.


Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene

panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing

'Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu'llah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh

wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor

sapangulon
sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing

Balambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge uga padha kelu rêmbuge

Sayid Kramat.


Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip nganti sewu taun,

dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi,

Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni,

budi kang ngobahake.


Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa Cina,

miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr Raden Patah.


Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje rama

tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang Prabu kewran panggalihe

ênggone arêp maringi sêsêbutan marang putrane, awit yen miturut lêluri saka

ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen nglêluri lêluhur kuna, putraning Nata

kang pambabare ana ing gunung, sêsêbutane Bambang. Yen miturut ibu, sêsêbutane:

Kaotiang, dene yen wong 'Arab sêsêbutane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur

nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti têtimbangan ênggone arêp

maringi sêsêbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lêluhur kuna

putrane Sang Prabu mau disêbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina,

prayoga disêbut Babah, têgêse pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang

mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh

marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang iku diparingi

sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah nganti tumêka saprene, yen blastêran

Cina lan Jawa sêsêbutane Babah. Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora

nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung

kanggo samudana bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi

sêsêbutan Babah iku.


Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing Dêmak, madanani para

bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake oleh ing

Ngampelgadhing, kabênêr wayahe kiyai Agêng Ngampel. Barêng wis sawatara masa,

banjur boyong marang Dêmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah

nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi

nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati

ana ing Têrung (5), pinaringan nama sarta sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.


Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha nyuwun pangkat sarta

padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse budi, uwite kawruh kaelingan kang

bêcik lan kang ala, yen wohe budi ngrêti marang kaelingan bêcik, iku wajib

sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin.


Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha duwe karêp kang

cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare. Sang Prabu Brawijaya kagungan

panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih

padha cêgah mangan, cêgah turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung

nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga

banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar. Ing wêktu iku ana nalar

kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana netra karna sarta lesan, wêtune saka

engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang

krungu nganggêp têmên lan ora, iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana

wujuding patilasane, isih kêna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.



Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang Kadhiri, kang ndherekake

mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing tanah Kêrtasana, kêpalangan

banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang sarta sakabate loro padha

nyabrang, satêkane wetan kali banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam,

apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha

mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh

padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung dianggêp Nabine, yen

pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan mangan enak, padha sênêng-sênêng

ana ing omah. Sunan Benang ngandika: "Yen ngono wong kene kabeh padha agama

Gêdhah, Gêdhah iku ora irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah".


Ki Bandar matur: "Dhawuh pangandika panjênêngan, kula ingkang nêkseni". Tanah

saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah, nganti têkane saiki isih

karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono mau arang kang padha ngrêti

mula-bukane.


Sunan Benang ngandika marang sakabate: "Kowe goleka banyu imbon mênyang padesan,

kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen diombe nglarani wêtêng, lan maneh

iki wancine luhur, aku arêp wudhu, arêp salat".


Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu, têkan ing desa

Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana mung bocah prawan

siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing wêktu iku lagi nênun. Sakabat têka sarta

alon calathune: "mBok Nganten, kula nêdha toya imbon bêning rêsik".

mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng noleh wêruh lanang sajak

kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang arêp njêjawat,

mêjanani marang dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: "nDika

mêntas liwat kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên entên

carane wong ngimbu
banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen sampeyan ajêng ngombe".



Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune dirikatake

sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane Sunan Benang banjur ngaturake

lêlakone nalika golek banyu.

Sunan Benang mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane

nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen

durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, barêng kêna

dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu

kang gêdhe nyimpang nrabas desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha

rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune

iline gêdhe sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku larang

banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone omah- omah. Sunan Benang têrus

tindak mênyang Kadhiri.


Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku dhêmit ing sumur

Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana wong arane Sunan

Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut, ngêndêl-êndêlake kaprawirane, kali

kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang

dudu mêsthine, mula akeh
desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak, iya iku saka panggawene

Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep

ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta diêlih jênênge tanah

aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah gawe.



Anak putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh sarta

ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai

Plêncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat mêthukake lakune

Sunan Benang, nanging dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang, amarga
rasane awake padha panas bangêt kaya diobong. Dhêmit-dhêmit mau banjur padha

mlayu marang Kadhiri, satêkane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake

kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6)


Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta

Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai Daha, duwe adhi jênênge

kiyai Daka.

Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai

Daha dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta

banjur
didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.


Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya têgêse: kêna

dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp sêtya ing Gusti,

mulane didadekake patih.
Wiwite ana sêbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse:

ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.


Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu

sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt marang kiyai Daka, jênênge

kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa, dene kiyai Daka banjur diparingi jênêng

kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining pêrang.


Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu

Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu

Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta

jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin.

Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa,

kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.


Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing gunung

Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen lahar mêtu supaya ora gawe rusaking desa

sarta liya-liyane.


Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi kêncana kang dilemeki

kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring mêrak, diadhêp patihe aran

Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadhêp, kang tuwa arane Panji

Sêktidiguna, kang anom
aran panji Sarilaut.


Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget kasaru têkane Nyai

Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta

ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sumêdya lêlana mênyang

Kadhiri, arane Sunan Benang.

Nyai Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para manusa.


Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt dukane, sarirane

nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin pêri

parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para lêlêmbut mau padha sikêp

gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo angin, ora antara suwe lêlêmbut wis

têkan ing saêloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran

kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton,

kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang

lakune Sunan Benang kang saka êlor.


Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran yen

kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning dhêmit, sumêdya ganggu gawe,

katitik saka awake panas kaya mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau

padha sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan

Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa,

kiyai Sumbre mangkono uga.


Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên, amarga kêna daya

prabawane kiyai Sumbre.


Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: "Buta Locaya! kowe kok mêthukake

lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha slamêt?".


Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge dheweke, dadi dheweke

kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: "Kados pundi dene

paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika Buta Locaya?".


Sunan Benang ngandika: "Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen kowe ratuning dhêmit

Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.".


Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: "Paduka punika tiyang punapa, dene

mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi.

Kados wangun walang kadung?"


Sunan Benang ngandika maneh: "Aku bangsa 'Arab, jênêngku Sayid Kramat, dene

omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sêdyaku arêp mênyang Kadhiri,

pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing

ngêndi?".


Buta Locaya banjur matur: "Wetan punika wastanipun dhusun Mênang (9), sadaya

patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun inggih sampun botên

wontên, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu

Pagêdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna,
namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta

lahar saking rêdi Kêlut. Kula badhe pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak

putu Adam, nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih

nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis toya, punika

namanipun
siya-siya botên surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gêsang laki

rabi sampun lungse, lajêng botên gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa,

makatên wau saking sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan,

lepen Kadhiri ngalih
panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami risak, ngriki

paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara botên

surup, nyikara tanpa prakara".


Sunan Benang ngandika: "Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha Gêdhah, amarga wonge

kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe agama biru, sabab agama Kalang, mula

tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih

iline, kene kabeh tak sotake larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa

jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg."


Buta Locaya matur maneh: "Punika namanipun botên timbang kaliyan sot

panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang satunggal ingkang

lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangêt, botên timbang kaliyan

kukumipun, paduka punika namanipun damêl mlaratipun tiyang kathah, saupami

konjuk Ingkang Kagungan
Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi

ngrisakakên tanah, lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing

ngriki sagêda mirah toya malih, sagêd dados asil panggêsangan laki rabi taksih

alit lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon. Panjênêngan sanes Narendra têka

ngarubiru agami, punika namanipun tiyang dahwen".


Sunan Benang ngandika: "Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka aku ora wêdi".


Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu Majalêngka banjur mêtu

nêpsune, calathune sêngol: "Rêmbag paduka niki dede rêmbage wong ahli praja,

patute rêmbage tiyang entên ing bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok

sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajêng

tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara botên ngangge

prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên ingkang nglangkungi

kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih sêsikuning Dewa, têbih

saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa

paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu

tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat saking tanah Jawi, sumbêr toya ing

Mêdhang saurutipun dipunbêkta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu,

paduka tiyang saking 'Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl

awising toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl wilujêng

dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên, wujud paduka niki jajil

bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng mubal nêpsune gêlis duka, niku

Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur.

Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka

sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajêng paduka-ênggeni

piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki

bangsaning lêlêmbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih engêt

dhatêng
wilujêngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi

mangsulakên malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya

kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi panjênêngan botên karsa

mangsulakên, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun

pêjah sadaya, kula
tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên

samodra kidul".


Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe

kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur ngandika: "Buta

Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni caturku kang wus kawêtu, besuk

yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune".


Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur nêpsu maneh, nuli

matur marang Sunan Benang: "Kêdah paduka-wangsulna sapunika, yen botên sagêd,

paduka kula-banda".


Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: "Wis kowe ora kêna mangsuli, aku pamit

nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jênêngake cacil, dene kok kaya bocah cilik

padha tukaran, dhêmit lan wong pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara

rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh

sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane, asêm

dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa, lênga têgêse dhêmit

mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen aku padu karo kowe, lan

wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge desa Singkal, ing kene desa

ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku jênênge desa

Kawanguran".


Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali, katêlah

nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa aran Kawanguran, Sumbre

sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu

akal.


Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake têkan ing desa

Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca jaran, rêca mau awak siji êndhase

loro, dene prênahe ana sangisoring wit trênggulun, wohe trênggulun mau akeh

bangêt kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran

êndhase digêmpal.


Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal êndhasing rêca jaran,

saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: "Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya,

kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên

ingkang sumêrêp rêca punika, lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita Jawi".


Sunan Benang ngandika: "Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu karo manusa,

jênênge dhêmit kêmênthus".


Buta Locaya mangsuli: "Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu".


Sunan Benang ngandika: "Woh trênggulun iki tak-jênêngake kênthos, dadiya

pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo dhêmit kumênthus, prakara

rusaking rêca".


Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene, woh trênggulun jênênge kênthos,

awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku".


Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar, kêrsane arêp salat,

sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane, sumure banjur digolingake,

dene  Sunan Benang sawise, nuli sagêd mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.


Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling,

Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, êmbuh bênêr

lupute".


Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane desa Nyahen (10) ing

kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring wit dhadhap, wêktu iku

dhadhape pinuju  akeh bangêt kêmbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe rêca

buta mau, nganti katon abang mbêranang, saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan

Benang priksa rêca
mau gumun bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubênge

bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung

atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune têngên rêca mau disêmpal

dening
Sunan Benang, bathuke dikrowak.



Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke nêpsu maneh, calathune:

"Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta bêcik-bêcik dirusak tanpa prakara,

sa-niki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah

asilipun punapa panjênêngan ngrisak rêca?"


Pangandikane Sunan Benang: "Mulane rêca iki tak-rusak, supaya aja

dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji

brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar."


Buta Locaya calathu maneh: "Wong Jawa rak sampun ngrêtos, yen punika rêca sela,

botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang Labawalhujwa, mila sami

dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para lêlêmbut sampun sami manggen

wontên ing siti utawi kajêng, amargi siti utawi kajêng punika wontên asilipun,

dados têdhanipun
manusa, mila para lêlêmbut sami dipunsukani panggenan wontên ing rêca,

panjênêngan-tundhung dhatêng pundi? Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing

guwa, wontên ing rêca, sarta nêdha ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi

badanipun kraos sumyah, langkung sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca

wêtah ing panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang

agêng, sampun sami ngraos yen alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun

manusa, manggen wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara, dados panjênêngan

punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara siya-siya dhatêng sasamining tumitah,

makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud rêca ingkang pantês

simpên budi nyawa, wangsul tiyang bangsa 'Arab sami sojah Ka'batu'llah, wujude

nggih tugu sela, punika inggih langkung sasar".


Pangandikane Sunan Benang: Ka'batu'llah iku kang jasa Kangjêng Nabi Ibrahim, ing

kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud

marang  Ka'batu'llah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip

ana ing 'alam pangumbaran". Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Tandhane napa yen

angsal sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun angsal saking

Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit? Sunan Benang ngandika maneh:

"Kang kasêbut ing kitabku, besuk yen mati oleh kamulyan".


Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: "Pêjah malih yen sumêrêpa, kamulyan sanyata

wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu sela, manawi sampun

nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng yasanipun

Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi.

Saking
dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing Batu'llahipun,

badanipun manusa punika Baitu'llah ingkang sayêktos, sayêktos yen yasanipun

Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun badanipun,

sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan

rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga pêtêng, kawruhipun

sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih

manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan,

sidik paningalipun têrus, sumêrêp
cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca punika Prabu

Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih

pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan,

paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun.

sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun

piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi

kabar 'Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos,

anggêga ujaripun
tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari

Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm tuwuh

botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli

nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas

tiyang, kangge
rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki,

nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah

pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus,

wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa

pusêring jagad, inggih
ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula

lêpat panjênêngan jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar,

kirang
nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu

Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd ngêpal

lampahing jaman? Sampun ta, kula-aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botên

purun kesah sapunika, badhe kula-undhangakên adhi-kula ingkang wontên ing rêdi
Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula-bêkta mlêbêt

dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah, punapa

panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng Selabale, dados

murid kula!".



Sunan Benang ngandika: "Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan brêkasakan".


Buta Locaya mangsuli: "Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit raja, mulya langgêng

salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panjênêngan rusuh,

rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng tanah Jawi, wontên ing 'Arab nakal

kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking 'Arab, mila

minggat,
saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban, maoni adating

uwong, maoni agama, damêl risak barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu

wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu".



Sunan Benang ngandika: "Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake celung, uwohe

kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung rêmbag, dadiya pasêksen yen aku

padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah nalar".


Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge kledhung, kêmbange aran

celung.


Sunan Benang banjur pamitan: "Wis aku arêp mulih mênyang Benang".


Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Inggih sampun, panjênêngan enggala kesah,

wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên ing ngriki

mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter, nyudakakên toya".


Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih.

Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu

Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen

mêntas nampani layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang

ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline

nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: "Wontên ler-kilen

Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking

kenging sabdanipun ngulama saking 'Arab,
namanipun Sunan Benang.


Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus mênyang

Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang

katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.


Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene

duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen ora oleh gawe, amarga

Sunan Benang lunga ora karuhan parane.


Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama

saka 'Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong

'Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding

nagara, mung ing Dêmak lang Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa,

nglêstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene

yen padha ora gêlêm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: "Gusti! lêrês

dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên sowan

utawi botên ngaturakên bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak,

botên ngrumaosi nêdha ngombe wontên tanah Jawi, dene namanipun santri Giri

anglangkungi asma paduka, pêparabipun Sunan 'Aênalyakin, punika nama ing têmbung

'Arab, mênggah têgêsipun Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika ma'rifat,

têgêsipun Yakin punika wikan, sumêrêp piyambak, dados nama tingal ingkang têrus,

suraosipun ing têmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang

makatên punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên kasamaran,

ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang
Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing

nagari Mêdhang-Kasapta. Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi

pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mênyang

Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh pêrang. Wong ing Giri

geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mênyang

Benang, golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh mungsuh wong

Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh saparo kang

padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene

kang kidul isih têtêp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani

kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur lunga karo Sunan

Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang Adipati Dêmak,

diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati

Dêmak: "Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake Kraton Majalêngka, umure wis

satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih

Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên Kraton Majalêngka, nanging kang

sarana alus, aja nganti ngêtarani, sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya

sikêping pêrang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan

para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing Dêmak, yen kumpule iku arêp

gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang

wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut marang kowe".


Ature Adipati Dêmak: "Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka, amêngsah bapa tur

raja, kaping tiganipun damêl sae paring kamukten ing dunya, lajêng punapa

ingkang kula-walêsakên, kajawi namung sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan

Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula mêngsah bapa, sanadyan Buddha nanging

margi-kula sagêd
dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang

punika bapa inggih kêdah dipunhurmati, punapa malih dereng wontên lêpatipun

dhatêng kula".


Sunan Benang ngandika mêneh: "Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane,

amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-têmu ganjaran

swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul bêntul butêng tanpa nalar, patute mung

dadi godhogan, sapira
kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat,

Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi 'alam, têdhak Rasul panutaning wong

Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong

siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam

kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl

kaping êmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne

ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku

ora prayoga, têgêse Babah iku saru bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa

digawa Putri
Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan

buta; iku mêgat sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik, mulane rêmbugku,

walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên gêtihe, mamahên

balunge".


Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rêraton,

amarga aku ora seba marang Majalêngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arêp

dikuciri lan dikon ngêdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah

Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake

wong kapir,
besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak-Islamake,

tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi

marang Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt marang santri kang muji

dhikir, ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi,

mêsthi rusak agama Mukhammad Nabi".


Wangsulane Sang Adipati Dêmak: "Anggenipun nglurugi punika lêrês, tiyang

rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakên,

sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi

dhahar ngunjuk wontên in tanah Jawi".


Sunan Benang ngandika maneh: "Yen ora kok-rêbut dina iki, kowe ngênteni surude

bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi ora bakal tiba kowe, mêsthi dipasrahake

marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang

putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pêngging, kowe anak nom, ora wajib

jumênêng Nata, mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang dadi jalarane ngrusak
Majalêngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu'llah, patine slamêt

nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka ênggone

nyungkêmi agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek

darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora wêruh marang uripe, iku durung

gênêp uripe, lamun sipat manusa mêsthi melik mêngku praja angreh wadya bala,

awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikarêpake bisa kêlakon,

satêmêne kowe wis pinasthi bakal jumênêng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih

kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dirêbut sarana

pêrang, yen kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe Gusti Allah kang mênyang kowe

bakal dipundhut bali, dadi kowe
jênênge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis wêruh

sadurunge winarah, wis tak-sêmprong nganggo sangkal bolong katon nêrawang ora

samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana

ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra, bisa

ngideni adêgmu
Nata mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse". Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang,

pambujuke marang adipati Dêmak supaya mêtu nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka,

malah diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang gêlêm ngrusak bapa kapir, iku padha

nêmu
rahayu.


Adipati Dêmak matur: "Manawi karsa panjênêngan makatên, kula namung sadarmi

nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang mbotohi".


Sunan Benang ngandika maneh: "Iya mangkono iku kang tak-karêpake, saiki kowe wis

gêlêm tak-botohi, lah saiki uga kowe kirima layang marang adhimu Adipati Têrung,

ananging têmbungmu kang rêmitsarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang Nata, apa

abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu Nata, gampang
bangêt rusaking Majalêngka. Majapahit sapa kang diêndêlake yen Kusen wis mbalik,

Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati,

mêsthi ora bisa nadhahi yudamu".  Adipati Dêmak banjur kirim layang marang

Têrung, ora suwe
utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati Têrung, saguh ambiyantu

pêrang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan

Benang banjur ngandika marang Adipati Dêmak, supaya Sang Adipati ngaturi para

Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arêp ngêdêgake masjid, lan diwenehana

sumurup yen
Sunan Benang wis ana ing Dêmak. Gêlising carita, ora suwe para Sunan lan para

Bupati padha têka kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake masjid, sawise mêsjid dadi,

banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong

kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati Dêmak arêp dijumênêngake

Nata,
sarta banjur arêp ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arêp kêpyakan

tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora

rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan Benang duka, Syekh Sitijênar dipateni,

dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh Sitijênar dilawe gulune

mati. Sadurunge Syekh Sitijênar tumêka ing pati, ninggal swara: "Eling-eling

ngulama ing Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat, nanging tak walês ana ing

dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal

tak-lawe gênti". Sunan Giri mangsuli: "Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal

mundur". Sawise golong karêpe, nglêstarekake apa kang wis dirêmbug. Sang Adipati

Dêmak banjur ingidenan jumênêng Nata, amêngku tanah Jawa, jêjuluk Senapati

Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati

Jimbuningrat wis miranti sapraboting pêrang, banjur budhal mênyang Majapahit,

diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene Garêbêg Maulud, para

wadya bala ora ana kang ngrêti wadining laku, kajaba mung para Tumênggung lan

para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora
melu mênyang Majapahit, pawadane sarehne wis sêpuh, mung arêp salat ana ing

masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para Bupati

bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan.



Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri banjur matur sang

Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing Giri

iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama Islam, arane Sêcasena,

mangsah mêncak
nganggo gêgêman abir, sawadya-balane watara wong têlung atus, padha bisa mêncak

kabeh, brêngose capang sirahe gundhul, padha manganggo srêban cara kaji, mangsah

pêrang paculat kaya walang kadung, wadya Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala

ing Giri pating jênkelang ora kêlar nadhahi tibaning mimis. Senapati Sêcasena

wis mati, dene bala Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing

Giri ngungsi mênyang alas ing gunung, sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang

Benang têrus diburu dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang

banjur nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang

Arab ora bali ngajawa. Sang
Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang Dêmak, andhawuhake yen

ngulama ing Giri lan ing Benang padha têka ing Dêmak, didhawuhi nyêkêl, kaaturna

bêbandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing Kêrtasana,

dene dosane santri Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu, tekade sumêdya

nglawan pêrang.


Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arêp diutus mênyang

Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane utusane Bupati ing Pathi,

ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh

surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing

Dêmak, iya iku Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene kang

ngêbang-êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati

pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene jêjuluking

Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah 'Alam
Akbar Siru'llah Kalifatu'rrasul Amiri'lmukminin Tajudi'l'Abdu'lhamid Kak, iya

Sultan Adi Surya 'Alam, ing Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis

budhal nglurug marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot

mênyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha

ambiyantu anggone arêp mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala têlung

lêksa miranti sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai

Patih. Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun

Jimakir
1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, njêtung

atine, sarta kêrot, gêrêng-gêrêng, gedheg-gedheg, bangêt pangungune, banjur

tumênga ing tawang karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih, bangêt gumune mênyang

wong Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu, malah padha

gawe ala. Kyai
Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.



Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt panggalihe, njêgrêg kaya

tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bangêt marang putrane

sarta para Sunan, dene padha duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi pangkat,

wêkasane
malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora

bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama têka

arêp ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu

ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala.Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu

pêtêng bangêt, sungkawane ratu Gêdhe kang linuwih, sinêmonan dening Dewa, kaya

dene atining
kêbo êntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih,

apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para

Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kabêcikan.


Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh karo nalare, wong

dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha malês bêcik. Ki Patih uga

mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora bêcik, dibêciki walêse kok

padha ala.


Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya mangkono iku

amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene nggêgampang marang agama kang wis

kanggo turun-tumurun, sarta ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni

para ngulama
mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe nganti kawêdhar

pangandikane ngêsotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung, muga

winalêsna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi

wong kucir, dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani". "Sabdaning

Ratu Agung
sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan ana

swara jumêgur gêtêr patêr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang

kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan, katêlah tumêka saprene,

ngulama jênênge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut

pamrayoga marang Patih, prakara têkane mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku

dilawan apa ora? Sang Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin

mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama disuwun kalayan aris

bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis sêpuh. Ature Patih prayoga nglawan

têkaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt,

dene mungsuh karo putra,
mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang kang sawatara bae, aja nganti

ngrusakake bala. Patih didhawuhi nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati

Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake pêrang,

sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak marang

Bali, kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu

paring pangandika, wadya-bala
Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake. Wadya Dêmak banjur

campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki pêrang, Patih Majapahit

ngamuk ana samadyaning papêrangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu

ngamuk. Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, balang Majapahit mung

têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati,

mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang

mêsthi mati.

Putrane Sang Prabu aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana satêngahing papêrangan,

tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat
ing Dêmak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune, pangamuke kaya

bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora pasah sakehing gêgaman, kaya

dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ngêndi kang

katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang

tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing

watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung

disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dêmak, dene

wadya Majapahit wis êntek, sapira kuwate wong siji, wêkasan Patih ing Majapahit

ngêmasi, nanging uwandane sirna, tinggal swara: "Eling-eling wong Islam,

dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngrêbut nagara

gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni

sirahmu, rambutmu tak-cukur rêsik".


Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton. nanging sang Prabu wis

ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri Cêmpa, sang Putri diaturi

sumingkir mênyang Benang uga karsa.


Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana ing kono pada

njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur

isih timur lolos piyambak. Adipati Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura,

ngobongi buku-buku bêtuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura

padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong Majapahit kang ora

gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung lan alas-alas, dene kang padha gêlêm

têluk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah.

Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana

sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku kubure

Raden Lêmbupangarsa.



Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel, dene kang dipatah

tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati Têrung, njaga

kaslamêtan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing

kraton dadi sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên

bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur'an, wadya-bala kang saparo lan para

Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda,

mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban,

putrane Arya Teja, sasedane  Sunan Ngampel, Nyai Agêng kanggo têtuwa wong

Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai

Agung, para Sunan sarta para Bupati
gênti-gênti padha ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat matur

yen mêntas mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur,

ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panjênêngane wis madêg Nata

mêngku tanah Jawa, dene jêjuluke: Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang,

ênggone sowan mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata nganti

run-tumurun aja ana kang nyêlani.


Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta

ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing

panggalih: "Putuku, kowe dosa têlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta

kang aweh kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi

kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis

anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakarêpe, wong pancene

rak sêmbah nuwun bangêt, wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge ora ana

kang wêruh".


Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: "Êngger! aku arêp takon

mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu tênan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe

dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara

kang tanpa dosa?"


Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane têmênan. Kang

ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh.

Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu

Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha

kawak
dhawuk kaya kuwuk.



Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit ngrangkul Sang Prabu

karo ngandika: "Êngger! kowe wêruha, kowe iku dosa têlung prakara, mêsthi kêsiku

ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh

nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan

kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama

iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu saka karêpe dhewe. Wong kang nyungkêmi

agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis

marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi salin dhewe ngrasuk agama Islam.

Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin

agama. Kabeh iki sasênênge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang

ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora bênêr,

mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo têtêping adil, lalar-lulurên asalmu,

ibumu Putri Cêmpa nyêmbah pikkong, wujud dluwang utawa rêja watu. Kowe ora kêna

sêngit mênyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero

pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan
kang luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga ngrusak ora

nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngrêti matane mung siji, dadi

wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang

bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati

bêkti bapa, ora bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong

tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa

kapir, maratuwane gêthing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane tansah

golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wêdi-asih lang

ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang

dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku

êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh

kapir Budha ora gêlêm ganti agama, iku dudu padon. Lan aku arêp takon, apa kowe

wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti

kok-rusak iku kapriye?


Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, têkane Majapahit banjur

ngêpung nagara bae.


Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: "Tindakmu iku saya luput bangêt,

sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ênggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku

amarga sabên dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sabên

dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam,

ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake agamane lawas, mula iya

banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair

batine ora luput. Barêng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata

Khalifatu'llah wênang nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu tak-tontone".


Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare

yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga.


Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane. Ujar-jare bae kok disungkêmi,

tur dudu bukuning lêluhur, wong ngumbara kok diturut rêmbuge, sing nglakoni

rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih mêntah kawruhmu, durung wani marang

wong tuwa, saka kêpenginmu jumênêng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu

santri ahli budi, mung ngêndêlake ikêt putih, nanging putihe kuntul, sing putih

mung ing jaba, ing jêro abang, nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen

arêp ngrusak Majapahit, eyangmu ora parêng, malah manti-manti aja nganti mungsuh

wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wêwalêre kok-trajang, kowe ora wêdi papacuhe.

Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora

wênang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, mêngko rak buwana balik arane,

awit kowe sing mêsthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu'llah

sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu gêni, yen aku tuwa

tiwas, yen kowe têtêp tuwa Ratu".


Banjure pangandikane Nyai Agêng Ngampel: "Putu! kowe tak-dongengi kupiya patang

prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah Mêsir, panjênêngane Kanjêng

Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengsêr saka

nagara, putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sagêd

wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu mênyang alas, jarane

ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya

iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cêngkar,

iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama

banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka

tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, anggêlarake panguwasa sulap ana ing tanah

Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, gêthing marang

Dewatacêngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar dipêrangi nganti

kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara
suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu

Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang

tak-caritakake mau, kabeh padha nêmu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa

kang tanpa prakara, kowe mêsthi cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani, kang

mangkono iku kukume Allah".


Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa kêduwung

bangêt, nanging wis ora kêna dibalekake.



Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: "Kowe kuwi dilêbokake ing loropan

dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok gêlêm nglakoni, sing nglakoni

cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jênêngmu ala,

bisa mênang pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata marang Kang Maha

Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat

ing Ratu, kaping têlune ngrusak kabêcikan apa dene ngrusak prajane tanpa

prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa rusaking Majapahit,

mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane".

Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu

dipangandikani, banjur didhawuhi kondur mênyang Dêmak, sarta didhawuhi nglari

lolose ingkang rama, yen wis kêtêmu diaturana kondur mênyang Majapahit, lan

aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa, amarga

yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.


Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para wadya padha sênêng-sênêng lan

suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan dhêdhikiran, padha angucap

sukur lan bungah bangêt dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa mênang pêrange.


Sunan Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang

Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon bêdhah, layang-layang Buddha iya wis

diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih

Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri Cêmpa wis diaturi ngungsi

mênyang
Benang, wadya Majapahit sing wis têluk banjur padha dikon Islam.


Sunan Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng karo manthuk-manthuk,

sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.


Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldênta, sowan ingkang eyang

Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi

ênggone jumênêng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta diuman-uman,

ênggone ora ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise,

banjur didhawuhi
ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Agêng Ngampel diaturake kabeh

marang Sunan Benang.


Sunan Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya kêduwung, rumaos

lupute, dene ora ngelingi marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa

kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang

Prabu Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin agama Islam.


Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel ora pêrlu

dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi kurang sampurna, luwih bêcik

ênggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai

Ngampeldênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang 'Arab, wusana Prabu Jimbun banjur

matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, mêsthine bakal

oleh sabda kang ora bêcik, mula iya wêdi.


Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama mêksa kondur

mênyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane,

dene yen arêp ngaturi jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mêsthi

bakal ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin agama Islam, supaya

dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.


Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora

ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane bêcik ditênung bae, awit yen

mateni wong kapir ora ana dosane.


Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan Giri kang mangkono

mau.


Gênti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya Sang Prabu

Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-lunta, sabên desa

diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir

wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.


Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah

banjur kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku panggalihe Sang Prabu pêtêng

bangêt, dene sing marak ana ngarsane mung kêkasih loro, iya iku Nayagenggong lan

Sabdapalon, abdi loro mau tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning lêlakon kang

mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngabêkti

sumungkêm padane Sang Prabu.


Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: "Sahid! Kowe têka ana apa? Apa

prêlune nututi aku?"



Sunan Kalijaga matur: "Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panjênêngan

paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi, sêmbah sungkêmipun konjuka ing pada

paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun

ngrêbat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung,

botên sumêrêp tata krami, sangêt kapenginipun mêngku praja angreh wadyabala,

sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kalêpatanipun, dene

darbe bapa Ratu Agung ingkang anyêngkakakên saking ngandhap aparing darajat

Adipati ing Dêmak, tangeh malêsa ing
sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panjênêngan paduka linggar

saking praja botên kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mêsthi

manggih dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panjênêngan paduka,

kapanggiha wontên ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, têtêpa

kados ingkang wau-wau, mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jêjimat

pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan

idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah

kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng saking

karsa paduka,
namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun, lan nyuwun

pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa kados ingkang sampun.
Dene yen panjênêngan paduka botên karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton

wontên ing rêdi, ing pundi sasênênging panggalih paduka, ing rêdi ingkang

karsakakên badhe dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka,

nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila têrusing

panggalih".


Sang Prabu Brawijaya ngandika: "Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora

ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan karo santri padha nganggo mata

pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngarêp nanging

jêbul anjênggung ing buri, rêmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut

pasir kinapyukake ing mata, murih picêka mataku siji. Sakawit ingsun bêciki,

walêse kaya kênyung buntut, apa ta salah-ingsun, têka rinusak tanpa prakara,

tinggal tata adat caraning manusa, mukul pêrang tanpa panantang, iku apa nganggo

tataning babi, dadi dudu tataning manusa
kang utama".


Sunan Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane

ênggone melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin bangêt panalangsane, dene

kadudon kang wis kêbanjur, mula banjur ngrêrêpa, ature: "Inggih saduka-duka

paduka ingkang dhumawa dhatêng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang

pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar amêwahana cahya nurbuwat ingkang

wêning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kalêpatan, punapa

malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapuntên paduka. wangsul karsa

paduka karsa tindak dhatêng pundi?"


Sang Prabu Brawijaya ngandika: "Saiki karsaningsun arsa tindak mênyang Bali,

kêtêmu karo yayi Prabu Dewa agung ing Kêlungkung, arsa ingsun-wartani

pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon

nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samêkta sakapraboning pêrang, lan

Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen anake karo pisan satêkane tanah Jawa

sun-angkat dadi Bupati, nanging ora wêruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa

Ratu, sun-jaluk lilane anake arêp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa

kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen

putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji, ananging ora wêruh ing dalan,

wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni,

ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, samêkta sakapraboning pêrang, njujuga

nagari Bali. Yen wis samêkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang

lêlabêtan kabêcikaningsun,
lan duwe wêlas marang wong wungkuk kaki-kaki, yêkti padha têka ing Bali

sagêgamaning pêrang, sun-jak marang tanah Jawa angrêbut kapraboningsun, iya

sanadyan pêrang gêdhe gêgêmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora

ngawiti ala, aninggal carane wong agung."



Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung

dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: "Tan cidra karo dhawuhe Nyai Agêng

Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang

wujuding dhiri, kulit kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang

Bali, ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing Dêmak masa mênanga, amarga
katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping têlune kang mbêciki, wis

mêsthi bae wong Jawa kang durung Islam yêkti asih marang Ratu tuwa, angantêp

tangkêping jurit, mêsthi asor wong Islam tumpês ing pêpêrangan."


Wusana Sunan Kalijaga matur alon: "Dhuh pukulun Jêng Sang Prabu! saupami paduka

lajêngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe pêrang gêgêmpuran,

punapa botên ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang

badhe nêmahi
kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata botên lami lajêng surud, kaprabon Jawi

kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene sêgawon rêbatan bathang,

ingkang kêrah tulus kêrah têtumpêsan sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda

ing sêgawon sanesipun".


Sang prabu Brawijaya ngandika: "Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane

Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, nêtêpi mripat siji, ora nganggo

mata loro, mung siji marang bênêr paningalku, kang miturut adat pranatane para

lêluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin dadi Ratu, disuwun

krananing bêcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana bêcik, ingsun

wis kaki-kaki, wis warêg jumênêng Ratu, nrima dadi pandhita, pitêkur ana ing

gunung. Balik samêngko si Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun iya ora lila ing

tanah Jawa diratoni, luwih
karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri."


Sunan Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah

ngaturi, mula banjur nyungkêmi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur,

yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga

nyuwun supaya dipateni
bae, amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.


Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe

kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah têbah jaja karo nênggak waspa,

sêrêt pangandikane: "Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing bêcik, tak-timbange

aturmu, bênêr lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku

goroh kabeh.
Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba mênyang aku,

gêthinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina

lali, aku banjur dicêkêl dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore

diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki

alang-alang garing."


Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: "Mara pikirên, Sahid!

saiba susahing atiku, wong wis tuwa, nyêkrukuk, kok dikum ing banyu".


Sunan Kalijaga gumujêng karo matur: "Mokal manawi makatên, benjing kula ingkang

tanggêl, botên-botênipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhatêng panjênêngan

paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami

manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajêng nyêbut asmaning

Allah,
manawi botên karsa punika botên dados punapa, tiyang namung bab agami,

pikêkahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk

manawi dereng mangrêtos sahadat punika inggih têtêp nama kapir".


Sang Prabu ngandika: "Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngrêti, coba ucapna

tak-rungokne".


Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila'llah, wa ashadu

anna Mukhammadar-Rasulu'llah, têgêsipun: Ingsung anêkseni, ora ana Pangeran kang

sajati, amung Allah, lan anêkseni, Kangjêng Nabi Mukhammad iku utusane Allah".


Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: "Tiyang nêmbah dhatêng arah kemawon,

botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang

ingkang nêmbah puji ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun,

mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun. Tiyang ngucap

punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang dipunucapakên, dene têgêsipun Nabi

Mukhammad Rasula'llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang

punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botên muji Mukhammad ing

'Arab, raganipun manusa punika wêwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur

rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga,

lu'llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu'llah punika rasa ala ganda salah,

riningkês dados satunggal Mukhammad Rasula'llah, kang dhingin wêruh badan,

kaping kalih wêruh ing têdhi, wajibipun manusa
mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut Mukhammad rasulu'llah, mila

sêmbahyang mungêl "uzali" punika têgêsipun nyumêrêpi asalipun.

Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad

Rasul, têgêsipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal saking badan kang

mênga, lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun sahadat, botên

sumêrêp rukun Islam, botên mangrêtos purwaning dumados".


Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam,

sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora têdhas

digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair

batos, amarga yen mung lair bae, remane ora têdhas digunting. Sang Prabu banjur

ngandika
yen wis lair batos, mulane kêna diparasi.


Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong:

"Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk

agama Islam, banjur nyêbut asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe

sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha."


Sabdapalon ature sêndhu: "Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rumêksa tanah Jawa.

Sintên ingkang jumênêng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking lêluhur paduka

rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutrêm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos

dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajêr Jawi, kula manawi tilêm ngantos 200

taun,
sadangunipun kula tilêm tamtu wontên pêpêrangan sadherek mêngsah sami sadherek,

ingkang nakal sami nêdha jalma, sami nêdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki

umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajêr Jawi, botên wontên ingkang

ewah agamanipun, nêtêpi wiwit sapisan ngestokakên agami Buddha. Sawêg paduka

ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi têgêsipun ngrêti, têka narimah nama

Jawan, rêmên manut nunut-nunut, pamrihipun damêl kapiran muksa paduka mbenjing."


Sabdane Wiku tama sinauran gêtêr-patêr.


Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening Jawata, ênggone karsa mlêbêt agama Rasul,

iya iku rêrupan kahanan ing dunya ditambahi warna têlu: 1: aran sukêt Jawan, 2:

pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.


Sang Prabu andangu maneh: "Kapriye kang padha dadi kêkêncênganmu, apa gêlêm apa

ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, nyêbut Nabi Mukhammad Rasula'llah

panutaning para Nabi, lan nyêbut asmaning Allah Kang Sajati?"


Sabdapalon ature sêndhu: "Paduka mlêbêt piyambak, kula botên têgêl ningali watak

siya, kados tiyang 'Arab. Siya punika têgêsipun ngukum, tur siya dhatêng raga,

manawi kula santun agami, saestu damêl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene

ingkang mastani mulya punika rak tiyang 'Arab sarta tiyang Islam sadaya,

anggenipun ngalêm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani botên urus, ngalêm

saening tangga, ngapêsakên badanipun piyambak, kula rêmên agami lami, nyêbut

Dewa Ingkang Linangkung.


Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun

manusa punika manut dhatêng eling budi karêpan, dados botên ngapirani, manawi

nyêbut Nabi Mukhammad Rasulu'llah, têgêse Mukhammad niku makaman kubur, kubure

rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing êndhut, namung tansah

nêdha eca, botên ngengêti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih

makaman kuburan sakalir, roh idlafi têgêsipun lapisan, manawi sampun risak

wangsul dhatêng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajêng manggen wontên

pundi. Adam punika muntêl kaliyan Hyang Brahim, têgêsipun kêbrahen nalika

gêsangipun, botên manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud

badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados

sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka

sipate tiyang wujud dados, punika
dadosipun piyambak, lantaranipun ngabên awon, bapa biyung botên damêl, mila

dipunwastani anak, wontênipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar,

saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak,

risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung

kantun rumaos
lan pangraos ingkang paduka-bêkta dhatêng pundi kemawon, manawi dados dhêmit

ingkang têngga siti, makatên punika ingkang nistha, namung prêlu nênggani daging

bacin ingkang sampun luluh dados siti, makatên wau têtêp botên wontên

prêlunipun. Ingkang makatên punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun,

kala gêsangipun dereng nêdha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah pêjah dados

setan, nêdha siti ngajêng-ajêng tiyang ngirim sajen tuwin slamêtanipun, ing

têmbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhatêng anak putunipun ingkang

kantun. Tiyang pêjah botên kêbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mêsthi

sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging

manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula

punika".


Sang Prabu ngandika: "Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur".


Sabdapalon matur maneh: "Inggih punika kawruhipun tiyang bingung gêsangipun

rugi, botên gadhah kawruh kaengêtan, dereng nêdha woh kawruh lan budi, asal siji

mantuk satunggal, punika sanes pêjah ingkang utami, dene pêjah ingkang utami

punika sewu satus têlung puluh. Têgêsipun satus punika putus, têlu punika tilas,

puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung

ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgêng namung raga pisah kaliyan

sukma, inggih punika sahadat ingkang botên mawi ashadu, gantos roh idlafi

lapisan: sasi surup mêsthi saking pundi
asalipun wiwit dados jalmi. Surup têgêsipun: sumurup purwa madya wasananipun,

nêtêpana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prênahipun mlêbêt mbêkta sir

cipta lami".


Sang Prabu ngandika: "Ciptaku nempel wong kang luwih". Sabdapalon matur: "Punika

tiyang kêsasar, kados dene kêmladeyan tumemplek wit-witan agêng, botên bawa

piyambak, kamuktenipun namung nêmpil. Punika botên pêjah utami, pêjahipun tiyang

nistha, rêmênipun namung nempel, nunut-nunut, botên bawa piyambak, manawi

dipuntundhung, lajêng klambrangan, dados brêkasakan, lajêng nempel dhatêng

sanesipun malih".


Sang Prabu ngandika maneh: "Asal suwung aku bali, mênyang suwung, nalika aku

durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono".


Sabdapalon: "Punika pêjahipun tiyang kalap nglawong, botên iman 'ilmi, nalika

gêsangipun kados kewan, namung nêdha ngombe lan tilêm, makatên punika namung

sagêd lêma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical

gêsangipun salêbêtipun pêjah".


Sang Prabu: "Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi lêbu".


Sabdapalon: "Inggih punika pêjahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan,

nênggani daging wontên kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, botên

mangrêtos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangrêtosa.

Nun!"


Sang Prabu ngandika: "Aku arêp muksa saragaku".


Sabdapalon gumuyu: "Yen tiyang agami Rasul têrang botên sagêd muksa, botên

kuwawi ngringkês nguntal raganipun, lêma kakathahên daging. Tiyang pêjah muksa

punika cêlaka, amargi nami pêjah, nanging botên tilar jisim, namanipun botên

sahadat, botên pêjah, botên gêsang, botên sagêd dados roh idlafi enggal, namung

dados gunungan dhêmit".


Pangandikane Sang Prabu: "Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih,

sakarsane Kang Maha Kuwasa".


Sabdapalon: "Paduka nilar sipat, botên ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar

wajibing manusa, manusa dipunwênangakên nampik milih, manawi sampun narimah

dados sela, sampun botên prêlu pados 'ilmi kamulyaning seda".


Sang Prabu: "Ciptaku arêp mulih mênyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha

Kuwasa".


Sabdapalon matur: "Akhirat, swarga, sampun paduka-bêkta ngaler ngidul, jagadipun

manusa punika sampun mêngku 'alam sahir kabir, nalika tapêl Adam, sampun pêpak:

akhirat, swarga, naraka 'arasy kursi. Paduka badhe tindak dhatêng akhirat pundi,

mangke manawi kêsasar lo, mangka ênggene akhirat punika têgêse mlarat,

saênggen-ênggen wontên akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos

kula mantuk dhatêng kamlaratan sarta minggah dhatêng akhirat adil nagari, manawi

lêpat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut damêl awrat tur

botên tampa arta. Klêbêt akhirat nusa Srênggi, nusa têgêsipun manusa, Srêng

têgêsipun padamêlan ingkang awrat sangêt. Ênggi têgêsipun gawe. Dados têgêsipun

jalma pinêksa nyambut damêl dhatêng Ratu Nusa Srênggi namanipun, punapa botên

cilaka, tiyang gêsang wontên ing dunya kados makatên wau, sakulawargane mung

nadhah bêras sapithi, tanpa ulam, sambêl, jangan punika akhirat ingkang katingal

tata lair, manawi akhiratipun tiyang pêjah malah langkung saking punika, paduka

sampun ngantos kondur dhatêng akhirat, sampun ngantos minggah dhatêng swarga,

mindhak kêsasar, kathah rajakaya ingkang wontên ing ngriku, sadaya sami trima

tilêm kêmul siti, gêsangipun nyambut damêl kanthi paksan, botên salah

dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika

botên kantha botên warna, wujudipun amung asma, nglimputi wontên ing dunya tuwin

ing akhirat, paduka dereng têpang, têpangipun amung têpang kados cahyanipun

lintang lan rêmbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, botên pisah botên

kumpul, têbihipun botên mawi wangênan, cêlak botên panggihan, kula botên kuwawi

cêlak, punapa malih paduka, Kangjêng Nabi Musa toh botên kuwawi mandêng dhatêng

Gusti Allah, mila Allah botên katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya

wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal

saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sêpuh,

nyuwun
ingkang enggal, dados botên wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani pêjah gêsang,

ingkang gêsang napasipun taksih lumampah, têgêsipun urip, ingkang têtêp

langgêng, botên ewah botên gingsir, ingkang pêjah namung raganipun, botên

ngraosakên kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun

sampun sêpuh, suksmanipun mêdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang

sampun sêpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa

punika langgêng, botên ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga

wadhag ingkang asal roh idlafi.


Prabu Brawijaya botên anem botên sêpuh, nanging langgêng manggen wontên

satêngahipun jagadipun, lumampah botên ebah saking panggenanipun, wontên

salêbêting guwa sir cipta kang êning. Gawanên gêgawanmu, ngGêgawa nêdha raga.

Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, plêsatipun wêtaha. Ningali jantung kêtêg

kiwa: surut marga
sire cipta, jujugipun ingkang cêtha cêthik cêthak. Punika pungkasanipun kawruh,

kawruhipun tiyang Buddha. Lêbêtipun roh saking cêthak marginipun, kendêl malih

wontên cêthik, mêdal wontên kalamwadi, kentir sagara rahmat lajêng lumêbêt ing

guwa indra-ilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wontên ing

ngriku ki budi jasa kadhaton baitu'llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda

kun, dados wontên têngahing jagad swarganing tiyang sêpuh estri, mila jalma

keblatipun wontên têngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta

namanipun, dipunbêkta dhatêng pundi-pundi botên ewah, umuripun sampun

dipunpasthekakên, botên sagêd ewah gingsir, sampun dipunsêrat wontên

lokhil-makful, bêgja cilakanipun gumantung wontên ing budi nalar lan kawruhipun,

ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang bêgjanipun.

Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler: têgêsipun

wetan: wiwitan manusa maujud; têgêsipun kulon: bapa kêlonan; têgêsipun kidul:

estri didudul wêtênge ing têngah; têgêsipun lor: laire jabang bayi, tanggal

sapisan kapurnaman, sênteg sapisan tênunan sampun nigasi. Têgêsipun pur: jumbuh,

na; ana wujud, ma; madhêp dhatêng wujud; jumbuh punika têgêsipun pêpak, sarwa

wontên, mêngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang

sêpuhipun estri, sarêng tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbarêp adhi

ragil, kakang mbarêp punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarêng

tanggal gaibipun, rumêksa
gêsangipun elingipun panjanmaning surya, lênggah rupa cahya, kontêning eling

sadayanipun, siyang dalu sampun sumêlang dhatêng sadaya rêrupen, ingkang engêt

sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan

benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika

dipunibaratakên baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wontên ing

baita wau,
ingkang nêdahakên pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah

pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pêcah, tiyangipun rêbah.

Pramila kêdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi botên

mapan gêsangipun, pêjah malih sagêda mapan, nêtêpi kamanusanipun, manawi

baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; têgêsipun suksma ugi pisah

kaliyan budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah

têgêsipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma,

budinipun lajêng santun baitu'llah, napas tali, muji dhatêng Gusti, manawi

pisaha raga suksma lan budi, mrêtitis ingkang botên-botên, yen tunggal,

kabêsaran, tanggalipun botên surup salaminipun, punika kêdah ingkang waspada,

ngengêtana dhatêng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wênang matur dhatêng

Gusti, nyuwun baitu'llah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing

manusa punika namanipun baitu'llah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun

saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sagêd mapan santun
baitu'llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam gêsangipun kantun

pangrasa, praunipun sampun rêmuk, manawi suksma punika pêjah ing 'alam dunya

suwung, botên wontên tiyang, manawi tiyang punika têrus gêsang, ing dunya kêbak

manusa, lampahipun saking ênem urut sêpuh, ngantos roh lapisan, sanadyan

suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, pêjahipun manjalma dados

kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sagêd manjalma dados tiyang

(kajêngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene

piyambak-piyambak). Nalika panjênênganipun Bathara Wisnu jumênêng Nata wontên

ing Mêndhang Kasapta, sato wana tuwin lêlêmbut dipuncipta dados manusa, dados

wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton

wontên ing Gajahoya, sato wana tuwin lêlêmbut inggih dipuncipta dados tiyang,

pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda,
gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. Sêrat tapak Hyang, ingkang

dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani

jithok têgêsipun namung puji thok.

Dewa ingkang damêl cahya murub nyrambahi badan, têgêsipun incêngên aneng

cêngêlmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk têgêsipun panakna.

Timbangan têgêsipun salang.

Pundhak punika panduk, urip wontên ing 'alam dunya pados kawruh kaliyan woh

kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh

kawruh kathah, kenging kangge sangu gêsang, gêsang langgêng ingkang botên sagêd

pêjah.

Têpak têgêsipun têpa-tapanira. Walikat: walikane gêsang. Ula-ula: ulatana,

lalarên gêgêrmu sing nggligir. Sungsum têgêsipun sungsungên. Lambung: waktu Dewa

nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. Lêmpeng kiwa

têngên têgêsipun tekadmu sing lêmpêng lair batin, purwa bênêr lawan luput, bêcik

lawan ala.

Mata têgêsipun tingalana batin siji, sing bênêr keblatira, keblat lor bênêr

siji. Têngên têgêsipun têngênên ingkang têrang, wontên ing dunya amung sadarmi

ngangge raga, botên damêl botên tumbas.

Kiwa têgêsipun: raga iki isi hawa kêkajêngan, botên wênang ngêkahi pêjah.

Makatên punika ungêling sêrat. Manawi paduka maibên, sintên ingkang damêl raga?

Sintên ingkang paring nama?

inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maibên, paduka têtêp kapir, kapiran

seda paduka, botên pitados dhatêng sêratipun Gusti, sarta murtat dhatêng lêluhur

Jawi sadaya, nempel tosan, kajêng sela, dados dhêmit têngga siti, manawi paduka

botên sagêd maos sastra ingkang wontên ing badanipun manusa, saseda paduka

manjalma dhatêng kuwuk, dene manawi sagêd sagêd maos sastra ingkang wontên ing

raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasêbut ing sêrat Anbiya, Kanjêng

Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pêjah wontên ing kubur, lajêng tangi

malih, gêsangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka

ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajêng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag

alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal,

inggih nglêbêt inggih jawi, dados kantun sasêdya-kula kemawon, ngadam utawi

wujud sagêd sami sanalika, manawi kula kêpengin badhe wujud, inggih punika

wujud-kula, sêdya ngadam, inggih sagêd ical sami sanalika, yen sêdya maujud

sagêd katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur

gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon,

sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun botên katingal
wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, botên ênem botên sêpuh, botên

pêjah botên gêsang, gêsangipun nglimputi salêbêting pêjahipun, dene pêjahipun

nglimputi salêbêting gêsangipun, langgêng salaminipun".


Sang Prabu ndangu: "Ana ing ngêndi Pangeran Kang Sajati?"


Sabdapalon matur: "Botên têbih botên cêlak, paduka wayangipun wujud sipating

suksma, dipunanggêp sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika

tumindakipun; botên pisah, nanging inggih botên kumpul. Paduka punika sampun

Ratu linuhung tamtu botên badhe kêkilapan dhatêng atur-kula punika".


Sang Prabu ngandika maneh: "Apa kowe ora manut agama?"


Sabdapalon ature sêndhu: "Manut agami lami, dhatêng agami enggal botên manut!

Kenging punapa paduka gantos agami têka botên nantun kula, paduka punapa

kêkilapan dhatêng nama kula Sabdapalon? Sabda têgêsipun pamuwus, Palon: pikukuh

kandhang. Naya têgêsipun ulat, Genggong: langgêng botên ewah.

Dados wicantên-kula punika, kenging kangge pikêkah ulat pasêmoning tanah Jawi,

langgêng salaminipun."


Sang Prabu ngandika: "Kapriye iki, aku wis kêbacut mlêbu agama Islam, wis

disêkseni Sahid, aku ora kêna bali agama Buddha maneh, aku wirang yen digêguyu

bumi langit."
Sabdapalon matur maneh: "Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula

botên tumut-tumut."

Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora prêlu manggalih

kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bangêt, sarta matur yen arêp nyipta

banyu kang ana ing beji, prêlu kanggo tandha yêkti, kapriye mungguh ing gandane.

Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mantêp

marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang

Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu

sêndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang

Prabu, kaya kang wis kathandha,
yen Sang Prabu nyata wis mantêp marang agama Rasul, amarga banyu sêndhang

gandane wangi. (11)


Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasêkten punapa? kasêktening

uyuh-kula wingi sontên, dipunpamerakên dhatêng kula.

Manawi kula timbangana nama kapilare, mêngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula

rêbat punika? Paduka sampun kêlajêng kêlorob, karsa dados jawan, irib-iriban,

rêmên manut nunut-nunut, tanpa guna kula-êmong, kula wirang dhatêng bumi langit,

wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal,

botên rêmên momong paduka. Manawi kula sumêdya ngêdalakên kaprawiran, toya

kula-êntut sêpisan kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka botên pitados,

kang kasêbut ing pikêkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah

wedang sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung

ngideni kemawon, ing wêkdal samantên tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing,

saking agênging latu ingkang wontên ing ngandhap siti, rêdi-rêdi sami kula

êntuti, pucakipun lajêng anjêmblong, latunipun kathah ingkang mêdal, mila tanah

Jawi lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang inggil pucakipun, sami mêdal

latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika inggih

kula ingkang damêl, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang damêl bumi

lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sagêd matur piyambak dhatêng

Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos, manawi sampun santun agami
Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês, Jawi kantun jawan, Jawinipun

ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi

ingkang mangrêti.


Cobi paduka-yêktosi, benjing: sasi murub botên tanggal, wiji bungkêr botên

thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanêma thukul mriyi, namung kangge têdha

pêksi, mriyi punika pantun kados kêtos, amargi paduka ingkang lêpat, rêmên

nêmbah sela. Paduka-yêktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wêwah bênter

awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang rêmên dora, kêndêl tindak nistha

tuwin rêmên supata, jawah salah masa, damêl bingungipun kanca tani. Wiwit dintên

punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos

agami. Benjing yen sampun mrêtobat, sami engêt dhatêng agami Buddha malih, lan

sami purun nêdha woh kawruh,
Dewa lajêng paring pangapura, sagêd wangsul kados jaman Buddha jawahipun".


Sang Prabu mirêng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bangêt dene

ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur

ngandika, amratelakake yen ênggone mlêbêt agama Islam iku, amarga kêpencut ature

putri Cêmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati,

antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.


Sabdapalon matur, angaturake lêpiyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang

manut wong wadon, mêsthi nêmu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo

wadhah, ora wênang miwiti karêp, Sabdapalon akeh-akeh ênggone nutuh marang Sang

Prabu.


Sang Prabu ngandika: "Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis kêbacut,

saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi kêkêncênganing tekadmu? Yen aku

mono ênggonku mlêbu agama Islam, wis disêkseni dening si Sahid, wis ora bisa

bali mênyang Buddha mêneh".


Sabdapalon matur yen arêp misah, barêng didangu lungane mênyang ngêndi, ature

ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung nêtêpi jênênge Sêmar, nglimputi

salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngyêktosi, ing besuk

yen ana wong Jawa ajênêng tuwa, agêgaman kawruh, iya iku sing diêmong

Sabdapalon, wong jawan arêp diwulang wêruha marang bênêr luput.


Sang Prabu karsane arêp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro

mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta nênggak waspa, wusana banjur ngandika

marang Sunan Kalijaga: "Ing besuk nagara Blambangan salina jênêng nagara

Banyuwangi, dadiya têngêr Sabdapalon ênggone bali marang tanah Jawa anggawa
momongane. Dene samêngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang".
Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nêngêri banyu sêndhang, yen gandane mari wangi,

besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.


Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine

diiseni banyu sêndhang. Banyu sêndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari

wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu,

banjur disumpêli godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.


Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro,

tindake kawêngen ana ing dalan, nyare ana ing Sumbêrwaru, esuke bumbunge

dibukak, banyune diambu isih wangi, nuli mbanjurake tindake, wayah surup

srêngenge, wis têkan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah

esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.



Barêng wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang Prabu uga nyare ana ing

kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur

nêrusake tindake nganti wayah surup srêngenge, têkan ing Prabalingga, ana ing

kono uga nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging

munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga kêrêp diunjuk

ana ing dalan, dene banyune sêndhang barêng ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli

dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: "Prabalingga ing

besuk jênênge loro, Prabalingga karo Bangêrwarih 12 ing kene besuk dadi

panggonan kanggo pakumpulane
wong-wong kang padha ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan, Prabalingga têgêse

prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga".

Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan ing Ampelgadhing.

Nyai Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur ngabêkti marang Sang Prabu karo

muwun, sarta akeh-akeh sêsambate.


Sang Prabu banjur ngandika: "Wis aja nangis êngger, mupusa yen kabeh mau wis

dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma

nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis aneng lokhilmakful. Bêgja cilaka ora kêna

disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang ilmu".


Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah

Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing ngarêp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali

Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan mênyang Dêmak nggawa layang, satêkane ing

Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun

budhal sowan mênyang Ampel.


Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhankajawan ing Tarub,

mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu

lolos saka jroning pura, ora karuhan mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak

panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhankajawan namur

kula, nungsung warta ing ngêndi dununge ingkang rama, satêkane Surabaya, mirêng

warta yen ingkang rama Sang Prabu têdhak ing Ampel, nanging banjur gêrah, Raden

Bondhankajawan nuli sowan ngabêkti.


Sang Prabu ndangu: "Sing ngabêkti iki sapa?"


Raden Bondhankajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti.


Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu sangsaya mbatêk,

ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman kalanggêngan, pangandikane marang

Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih marang jaman

kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan Pranaraga, mêngko

tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majalêngka, aja padha ngrêbut
kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pêrang, mundhak

gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang

Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang

maha Kuwasa, yudane apêsa."


Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang

Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging lan Pranaraga.


Sang Prabu banjur ngandika: "Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang

anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune êmongên, manawa ana bêgjane,

besuk bocah iki kang bisa nurunake lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang

kowe, yen aku wis
kondur marang jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran,

dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jênêng Sastrawulan, lan suwurna kang

sumare ana ing kono yayi Raja Putri Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku

aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa."


Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: "Punapa Sang Prabu botên

paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun jumênêngipun Nata wontên ing tanah

Jawi?"



Sang Prabu ngandika: "Sun-paringi idi, nanging mung mandhêg têlung turunan."


Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal pasareyane Sang

Prabu.


Sang Prabu ngandika: "Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse damaring jagad, tulise

kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana gêbyaring wulan, ing têmbe buri,

wong Jawa padha wêruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake

Putri Cêmpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggêp priya,

nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ênggonku mangêni madêge Ratu

mung têlung turunan, amarga si Patah iku wiji têlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula

kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula wêkasku, anak-putuku aja entuk seje

bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake

agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring piwêling aja gawe senapati pêrang

wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda,

banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku,
tulisên."


Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhakêp, têrus

seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, katêlah

nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri Cêmpa, dene

mungguh satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana

ing Karang
Kumuning.


Barêng wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara

lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Agêng.


Nyai Agêng ngandika: "Wis bêgjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama,

dadi ora bisa ngabêkti sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, sarta nyuwun

pangapura kabeh kaluputane kang wis kêlakon".


Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus pêpêsthen, barang wis

kêbacut iya mung kudu dilakoni.


Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung dina lagi kondur.


Kacarita Adipati Pêngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing

Pêngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mirêng pawarta yen nagara

Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, nanging ênggone mbêdhah sinamun sowan riyaya,

dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan

jujuge ana ing ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga bangêt dukane,

mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumêdya nglurug pêrang marang Dêmak,

labuh bapa ngrêbut praja, para wadya-bala wis rumanti gêgamaning pêrang pupuh,

mung kari budhale bae, kasaru têkane utusane Sang Prabu maringake layang.

Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang

banjur disungkêmi kanthi bangêt ing pamuwune lan bangêt anjêntung panggalihe,

tansah gedheg-gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane kêrot-kêrot, surya katon abang

kaya gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang surasane nyupatani marang

panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak ndêdawa wirang.


Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dêmak, amarga saka putêking

panggalihe banjur padha gêrah, ora antara lawas padha nêmahi seda, dene kaol

kang gaib, sedane Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga padha ditênung dening

Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribêdi ing têmbe buri. Mula carita bêdhahe

Majapahit iku mung
dicêkak, ora satimbang karo gêdhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran

ambuka wêwadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa satêmêne saru bangêt.

Mula carita bêdhahe Majapahit sinêmonan dening para pujangga wicaksana, mangkene

pasêmone:
1. Amarga saka kramate para Wali, kêrise Sunan Giri ditarik mêtu tawone ngêntupi

wong Majapahit.

2. Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan bêkakas

jaran, wong Majapahit bubar, amarga wêruh akehing tikus.

3. Pêthi saka Palembang ana satêngahing paprangan dibukak mêtu dhêmite, wong

Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh ing dhêmit.

4. Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.


Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul, kaya

kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pasêmon, mungguh sanyatane,

carita bêdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngarêp. Nagara

Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung

amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan ing wong.

Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring dhêmit yen alase dirusak dening wong, arêp

ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan dhêmit,

sapa kang ngandêl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhêmit, iku

pratandha yen wong mau ora landhêp pikire, amarga carita kang mangkono mau

kalêbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo

pasêmon, yen dilugokake jênênge ambukak wadine Majapahit, mula
mung dipralambangi pasêmon kang orang mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon mau

mangkene:


Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngrêbda, têgêse: para

'ulama dhek samana, nalika lagi têkane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing

Majapahit, barêng wis diparingi, piwalêse ngrusak.

Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, gêgamane ana ing silit, dene panggonane

ana ing gowok utawa tala, têgêse: maune têkane nganggo têmbung manis, wusana

ngêntup saka ing buri, dene tala têgêse mêntala ngrusak Majapahit, sapa kang

ngrungu padha gawok.


Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka Palembang, barêng dibukak muni jumêglug,

têgêse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pêthi têgêse wadhah kang

brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhêmit têgêse samar, rêmit, rungsid,

dhêmit iku uga tukang nêluh.
Mungguh gênahe mangkene: bêdhahe nagara Majapahit sarana ditêluh kalayan primpên

lan samar, nalika arêp pambêdhahe ora ana rêmbag apa-apa, samudanane mung sowan

garêbêgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sikêp gêgaman pêrang,

wêruh-wêruh Adipati Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.


Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya Majapahit bêdhahe mung saka diêntup ing

tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka

ditêluh ing dhêmit.

Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur, kêprungu saka ing ngêndi-êndi nagara, yen

bêdhahe saka binêdhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang

padha dimêmule wong Jawa, sangane Adipati Dêmak, kabeh mau padha mbalela mbalik.


Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi

Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo

kucir, barêng nagara wis ngalih marang Dêmak, kahanan ing dunya nuli malih,

banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.


Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib: kêbo kombang atine êntek dimangsa tuma

kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang têgêse mênêng swarane kang mbrêngêngêng,

iya iku Prabu Brawijaya panggalihe têlas nalika bêdhahe Majapahit, kajaba mung

kendêl gêrêng-gêrêng bae, ora karsa nglawan pêrang, dene tuma kijir iku tumane

celeng, tuma têgêse
tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika têkane ana ing

Majapahit sumungkêm marang ingkang rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur

diparingi pangkat, têgêse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul pêrang

ngrêbut nagara, ora ngetung bênêr utawa luput, nganti ngêntekake panggalihe Sang

Prabu.


Dene kuntul nganggo kucir iku pasêmone Sultan Dêmak, ênggone nyêri-nyêri marang

ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti

Allah paring pasêmon, githok kuntul kinuciran, têgêse: tolehên githokmu, ibumu

Putri Cina, ora kêna nyêri-nyêri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku

wiji têlu,
purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gêdhe

panggalihe melik jumênêng Nata, mulane melik ênggal sugih, amarga katarik saka

ibune, dene ênggone kêndêl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar,

amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, sênêng yen ngokop gêtih, pambêkane

siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan

Dêmak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali

liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani kaluputane,

dosane lair batin, mula jênênge Wali ditêgêsi Walikan: dibêciki malês ngalani.


Dene anane bangsa Cina padha nênêka ana ing tanah Jawa iku dêdongengane

mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise

padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China,

mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau,

iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.


Darmagandhul matur: "kiyai! Kang diarani agama Srani iku kang kaya apa?"


Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake: "Kang diarani agama Srani iku têgêse sranane

ngabêkti: têmên-têmên ngabêkti marang Pangeran, ora nganggo nêmbah brahala, mung

nêmbah marang Allah, mula sêbutane Gusti Kanjêng Nabi 'Isa iku Putrane Allah,

awit Allah kang mujudake, mangkono kang kasêbut ing kitab Anbiya".


Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.


Sultan Dêmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula

banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan andêdagan ana ing pasareyane

ingkang rama, barêng wis antara têlung dina lawase, kaprênah pusêring kuburan

tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irêng sêmu abang dalah

godhong sarta kêmbange, loro wit sarta kêmbange putih godhonge sêdhêngan, têlu

wit kang godhonge ngrêmbuyut mubêng kaya payung, papat wit kang godhonge lêmbut

sarta mawa êri, lan wêktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu kêprungu ana swara

dumêling, mangkene ujaring swara: "Êntek katrêsnanku marang anak. Den enak

mangan turu. Ana gajah
digêtak kaya kucing, sanajan matiya ing tata-kalairane, nanging lah

eling-elingên ing besuk, yen wis agama kawruh, ing têmbe bakal tak-walês,

tak-ajar wêruh ing nalar bênêr lan luput, pranatane mêngku praja, mangan babi

kaya dhek jaman Majapahit."


Sultan Dêmak mirêng swara dumêling kang surasane mangkono iku, ing batos bangêt

kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe njêgrêg ora bisa

ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti rêmbuge para Sunan kabeh, nganti wani

mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane

wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi pasêmon kabeh, iya

iku Tlasih, Sêmboja, Turugajah lan Gêtakkucing. Mula nganti tumêka saprene wit

Sêmboja panggonane ana ing kuburan, kêmbang Tlasih kanggo ngirim para lêluhur,

godonge Gêtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga banjur mingkup kaya

dene godhong Gêtakkucing.


Sawise mangkono, Sultan Dêmak banjur kondur, sakondure saka pasareyane ingkang

rama, bangêt panalangsane ing dalêm batos, tansah ngrumaosi ing kalêpatane.


Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinêmonan dening Kang Maha Kuwasa, mula

uga bangêt panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangagêm sarwa

wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau

ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan

dening Kang Maha Kuwasa, mula bangêt mrêtobate, wasana banjur pinaringan

pangapura dening Allah, sinêmonan wiwit anane orong-orong githoke tumêka ing

punuk disêsêli tataling kayu jati, mungguh karêpe: punukmu panakna, sajatining

'ilmu iku ora susah
maguru marang wong 'Arab, 'ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu

dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi

sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa, mobah

mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku mêtu saka ing karêp,

karêp mêtu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis samêkta,

tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora ênggon.


Kiyai kalamwadi nutugake caritane: "Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi

mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku sindhenan

Dharudhêmble. Têmbung dhar iku têgêse wudhar, ru iku têgêse ruwêt sulit lan

rungsit, dene dhêmble têgêse dhêmbel dadi siji, yen wis sumurup têpunge sarat

sari'at tarekat hakekat lan ma'rifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku

sarate ngaurip, iya iku
nampik milih iktiyar lan manggaota, sari'at iku saringane kawruh agal alus,

tarekat iku kang nimbang lan nandhing bênêr lan luput, hakekat iku wujud, wujud

karsaning Allah, kang ngobahake sarta ngosikake rasane budi, wêruh ora kasamaran

ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrêti marang têgêse Dharudhêmble, mêsthi wis

marêm marang kawruhmu
dhewe. Mangan woh kawruh lan budi, sêmbahe kaya wêsi kang dilabuh ana ing gêni

ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji,

dhêmble wujud siji. Yen kowe wis bisa ngawruhi surasane kang tak-kandhakake iki,

jênênge munajad.

Saupama wong nulup manuk, yen ra wêruh prênahe manuke, masa kênaa, ênggone nulup

mung ngawur. Yen kawruhe wong pintêr ora angel yen disawang, mêtune saka ing

utêk".


Darmagandhul matur, nyuwun ditêrangake bab ênggone Nabi Adam lan Babu Kawa padha

kêsiku dening Pangeran, sabab saka ênggone padha dhahar wohe kayu Kawruh kang

ditandur ana satêngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nêrangake, kang

didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga.

Mula nyuwun têrange, yen ing kitab Jawa caritane kapriye, kang nyêbutake kok

mung kitab 'Arab lan kitabe wong Srani.


Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kitabe wong Jawa ora nyêbutake bab

mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang nyêbutake turun Adam, iya kitab

Manik Maya.


Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: "Sawise buku-buku pathokan agama Buddha

diobongi, amarga mundhak ngrêribêdi agama Rasul, sanadyan buku kang padha

disimpêni dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sabêdhahe

Majapahit, sapa kang durung gêlêm nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula

wong-wong ing kono padha wêdi marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis

padha gêlêm salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta

ora padha nyangga pajêg, mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk

agama Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing wêktu iku Sunan Kalijaga, kagungan

panggalih, caritane lêluhure supaya aja nganti pêdhot, banjur iyasa wayang,

kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun

carita sajarahe para lêluhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpên

uga padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu

para wadya, nanging wis padha ora mênangi, wiwit Kraton Gilingwêsi nganti tumêka

Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing Dêmak lan Pajang

padha dipriksa, nanging tinêmu tulisan 'Arab, kitab Pêkih lan Taju-salatina apa

dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran

panggalihe ênggone kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu

banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah

Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ngêmungake wong siji bae, mula

ora bisa padha gaweyane, kang diênggo pathokan layang Lokapala, mungguh caritane

kaya kang kasêbut ing ngisor iki".


Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar

didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani-wani mangan wohe wit kayu

Budi sêngkêrane Pangeran kang tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar

supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung

mangan woh
Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi kang disuwun.
Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngagêm agamane ingkang rama

lan ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane lêluhure, mangkono uga karsa

ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine

piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning

Pangeran. Ênggone
Kagungan pamanggih mangkono mau diantêpi bangêt, jalaran mangkene: asal suwung

mulih marang sêpi, bali marang asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga

nuruti karêping atine, lakune mangetan nganti tumêka ing tanah Dewani, ana ing

kono banjur kêtêmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni

iya banjur
ngandharake lêlakone kabeh, wusanane Sayid Anwar diêpek mantu sarta dipasrahi

kaprabon, ngratoni para jin, jêjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumênênge Prabu

Nurcahya, jênênge nagara banjur diêlih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang

jumênêng Nata, Jawa jawi ngrêti kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur

nganggit sastra mung
salikur aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap, dijênêngake Sastra Endra

Prawata. Têmbung Jawa, ditêgêsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa,

saturun-turune bisaa jumênêng Nata mêngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji

pêparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku

Sang Hyang Wênang.
Sang Hyang Wênang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung siji kakung

pêparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal pêputra

Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh

wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti

Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta ngakoni yen

purwaning dumadi mêtune asal saka budi hawa nêpsu. Aran Dewa ngaku misesani

mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti

Allah. Sêdya kang mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta

kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku wêrdine ana loro têgêse: budi

hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha. Sêbutan Dewi: têgêse: dening

wadining wadon iku bisa ngêtokake êndhas bocah.


Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bênêr kang êndi, mangan woh wit kayu

Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi?


Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bênêr, sênêngan salah siji êndi kang

disênêngi, diantêpi salah siji aja nganti luput. Yen kang dipangan woh wit kayu

Budi, agamane Buddha budi, panyêbute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh,

pênyêbute marang Kangjêng Nabi 'Isa, agamane srani, yen sênêng mangan woh wit

kayu
Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti Kangjêng Nabi

Rasul; dene yen dhêmên Godhong Kawruh Godhong Budi, panêmbahe marang Pikkong,

sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti luput. Yen bisa

woh-wohan warna têlu iku mau iya dipangan kabeh, yen wong ora mangan salah

sijine woh mau, mêsthine banjur dadi wong bodho, uripe kaya watu ora duwe

kêkarêpan lan ora mangrêti marang ala bêcik. Dene mungguh bêcike wong urip iku

mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen

Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh

kawruh, iya melu mangan woh kawruh, yen kalifah dhahar woh Kuldi, iya melu

mangan woh Kuldi. Dene prakara bênêr utawa lupute, uki Kalifah kang bakal

tanggung. Sarehne diênut wong akeh, dadi Panutan kudu kang bênêr, amarga wong

dadi Panutan iku saupama têtuwuhan minangka wite. Yen wong ora gêlêm manut

marang kang bênêre kudu diênut, iku kaya dene iwak
kang mêtu saka ing banyu. Saupama woh ora gêlêm nempel wit, mêsthi dadi

glundhungan kang tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi

marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah

mêsthi paring pangapura.

Darmagandhul matur nyuwun têrange agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi

bedane apa?


Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa,

manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang

barang kang katon, kaya ta kêris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya

mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud, satêmah
lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang rêrupan.

Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama mêsthi duwe

dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa

nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin.

Kang diarani banyu tekad suci iku kang êning, iya iku minangka aduse manusa,

bisa ngrêsiki lair batine. Yen wong luwih, ora ngarêp-arêp munggah swarga, kang

digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti nêmu sangsara,

bisaa duwe jênêng kang bêcik, sinêbut kang utama, bisaa nikmat badan lan atine,

mulya kaya maune, kaya nalika
isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu

dirêsiki, dirêngga ing tekad kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane,

bisaa slamêt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka iku,

pancadan kang tumuju marang kabêgjan utawa kacilakan. Yen bêcik narik raharja,

yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen bêcik,

bisa tampa ganjaran.


Darmagandhul matur maneh, nyuwun têrange, manusa ing dunya wujude mung lanang

lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, 'Arab, Walanda lan Cina.

Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune kêpriye, dalah têgêse sarta cacahing

aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?


Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha

Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh

wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan,

bisa mêthik who Kawruh lan woh Budi, pamêthike sapira sagaduke. Gusti Allah uga

iyasa
sastra, nanging sastrane nglimputi ing jêro, lan manut wujud, iya iku kang

diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para

Nabi ênggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi

ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya

wong bisa wêruh, mula jênênge
dalwang, têgêse mêtu wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi

mangsi, mêsthi banjur mêtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng kalam,

amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku

wajib dipangan, supaya sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang ora ngrêti

sastra
paringe Gusti Allah, mêsthi ora mangêrti marang wangsit. Auliya Gong Cu

kumênthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa,

sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki

cacahe, mung aksara Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga

Auliya kang nganggit kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh

wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo

kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu tampa panglulu

nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, jênênge sastra godhong.

Godhonge wit Budi lan wit Kawruh,
dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo sastra,

mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku, amarga arêp gawe sastra urip

kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone mangan woh wit kayu Budi nganti

warêg, mula ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya Arab ênggone

mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt. Dene ênggone nganggit aksara iya

dipathoki cacahe.
Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe,

mulane unine iya cêtha, sastrane ora ana kang padha.



Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau

kang mratandhani asor luhuring budine kang êndi?


Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bênêr, nanging anggêr mêtu saka

budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku

mratandhani yen luwih pintêr tinimbang karo liya-liyane.


Kiyai Kalamwadi ngandika: "Yen manusa arêp wêruh sastrane Gusti Allah, tulisan

mau ora kêna ditonton nganggo mripat lair – kudu ditonton nganggo mripat batin.

Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate

nyarambahi sakabehing wujud.

Yen ndêlêng kudu nganggo ati kang bêning, ora kêna kacampuran pikiran kang

warna-warna, sarta kudu kang mêlêng ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo

kanyatane".


Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang Prêjiwati. Darmagandhul

sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang

garwane, dadi nêtêpi jênênge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang

diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka ing

pati, ing wong sêsomahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis

sarwa bêcik. Nanging sabên dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka

pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa

mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang,

nanging ora mêtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning

badan sakojur.


Pangandikane kiyai Kalamwadi: "Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh

piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis

bisa sumaur dhewe".


Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis

anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik lan nyata, kang anuduhake

yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki,

wa: têgêse wêwadhah, ragamu iku di'ibaratake prau, prau dadi 'ibarate wong

wadon, wong têgêse
ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung têlung prakara, iya

iku: "kar-ri-cis". Yen prau wis isi têlung prakara iku, wong wadon wis kêcukup

butuhe, dadi ora goreh atine. Dene têgêse kar-ri-cis iku mangkene.


1. Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi lanange, mêsthi

wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt ênggone jêjêdhowan.


2. Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang

wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa têntrêm ora goreh.


3. Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit

kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm, tak baleni maneh, cis têgêse bisa

goreh atine.


Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung prakara mau, wong

wadon bisa goreh atine.

Tangan têngên têgêse etungên panggawemu, sabên dina sudiya, sanggup dadi

kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek

sandhang pangan.


Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap

nindakake samubarang kang prêlu.


Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput. Ugêl-ugêl têgêse sanadyan

tukar padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora bisa pêdhot.


Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis

laki, jênênge banjur melu jênênge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka

manjing curiga, warangkane wanita, curigane jênênge wong lanang.


Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang guru-lakine

dikaya dene panganggêpe marang raja.


Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo pagêr kautaman,

wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama, dene driji kabeh mau ana têgêse

dhewe-dhewe.


Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang

gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.


Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.


Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya

nyupangati bêcik.


Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang manis, wicarane

kudu kang manis lan prasaja.


Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula

kudu sêtya tuhu marang priyane.


Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti kêndho tapihe.


Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang lakine sarta

nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangrêksa, apa dene kudu

nyingkiri padudon.


Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa slamêt sarta akeh

têntrême.


Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab

pikukuhe wong jêjodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jêjodhowan iku

pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora bênêr. Mungguh

pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling.

Wong
jêjodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong

jêjodhowan itu luput pisan kêna pisan, yen wis luput, ora kêna tinambak ing

rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winêngku ing priya, yen nganti

ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi

ngilangake Pangerane
wong jêjodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging

samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair

batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan

dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku

mêsthi ora bisa nêmu
lêlakon kang kapenak.

Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut karêping ati,

awit ati iku dadi ratuning badan. Wong jêjodhowan di'ibaratake prau kang gêdhe,

lakuning prau manut satang lan kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine

salah, prau ora bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon

ngêmudheni, sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni, nanging yen kang nyatang ora

bênêr, lakune prau iya ora bisa jêjêg, sarta bisa têkan kang disêdya, amarga

kang padha nglakokake padha karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha

karêpe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani katêntrêman,

ora ngêmungake wong jêjodhowan kang rukun bae, kang oleh katêntrêmaning ati,

sanadyan tangga têparone iya melu têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.


Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:



(1)  Mulya saka jênêng.

(2)  Mulya saka bandha.

(3)  Mulya saka sugih 'ilmu.

(4)  Mulya saka kawignyan.


Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh kabêgjan kang

gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo

wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih

'ilmu, lan mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.


Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:


(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya melu rusak.

(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.

(3) Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.

(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho lumrahe gampang

      nêpsune.


Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang sêgêr kawarasan

sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.


Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng kang bêcik, kanggo

têtuladhan marang wong kang padha ditinggal ing têmbene".


Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditêrangake bab anane wong ing jaman kuna karo

wong ing jaman saiki, iku satêmêne pintêr kang êndi, amarga wong akeh panêmune

warna-warna tumrape bab iku.


Pangandikane kiyai Kalamwadi: "Wong kuna lan wong saiki, iku satêmêne iya padha

pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake

kapintêrane, mula katone banjur kaya dene ora pintêr. Ana dene wong ing jaman

saiki ênggone katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake kapintêrane. Wong ing

jaman
kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki.

Saupama ora ana kapintêrane wong ing jaman kuna, mêsthi bae tumrape wong ing

jaman saiki ora ana kang kanggo têtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang

nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang

wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur dibêcikake. Wong ing jaman saiki ora ana

kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa

yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo

raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba.



Yen kowe arêp wêruh wong kang pintêr têmênan, dununge ana wong wadon kang nutu

sabên dina, tampahe diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah kang ana

kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir sarta gabah, nuli

mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. Têgêse: bêras yen arêp diolah

kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya karêpe kang arêp olah-olah. Yen kowe bisa

mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, ênggone

nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang

mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa

marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja supaya uripmu aja

kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal dadi

têtuwa, kêna kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong ngawula

ing praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan-pisan ngaku pintêr, amarga

kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pintêr, mundhak kêsiku

marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh ing manusa,

ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih kalah pintêr

karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa kasoran karo
wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa, manusa

anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen

wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah,

yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra

banjur duwe
kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintêr. Mula wêlingku marang kowe,

ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan".


Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase kraton Kêdhiri,

iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya.



Kiyai Kalamwadi ngandika: "Sang Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri,

dene kratone ana ing Daha, kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri

prênahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa

Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene

yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine jênênge desa Mênang,

patilasane kadhaton wis ora katon, amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung

Kêlut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman

Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pagêdhongan

uga wis sirna. Kang isih mung rêca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung,

Têgalwangi, prênahe in sa-lor-wetane desa Mênang, lan rêca buta wadon, iya iku

rêca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika lêlana mênyang Kêdhiri,

rêca mau lungguhe madhêp mangulon, ana maneh rêca jaran awak siji êndhase loro,

panggonane ana ing desa Bogêm, wêwêngkon dhistrik Sukarêja, mula Sri Jayabaya

yasa rêca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)".


Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung

nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik,

buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni, lagi waleh yen

sumêdya
ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, barêng

didangu iya matur kang dadi sêdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika

mangkene: "Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu

jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu, nagarane

ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono,
wujuda manusa, aran Rara Jonggrang".


Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring

pangandika marang para wadya, supaya desa ing ngêndi papan matine putri buta mau

dijênêngake desa Gumuruh. (11)

Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm. Rêca mau wujud

jaran lagaran awak siji êndhase loro, kiwa têngên dilareni. Patihe Sang Prabu

kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur

marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone

Sang Prabu
yasa rêca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane.

Sang Prabu banjur paring pangandika, yen ênggone yasa rêca kang mangkono itu

prêlu kanggo pasêmon ing besuk, sapa kang wêruh marang wujude rêca iku mêsthi

banjur padha mangrêti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman

Nusa Srênggi.



Bogêm têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku bangsa wadhah

kang winadi.



Laren (12) kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene jaran sêngkêran iya

iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr.

Sirah loro iku dadi pasêmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro

tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku têgêse

tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang kêlumrah wong arêp

laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis

mathuk pikire, iya sida diêpek rabi, nanging yen ora cocog , iya ora sida

laki-rabi.


Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen ana wadyabala kang

mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam sêpi. Yen

pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.


Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi

panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan

mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja

suwe-suwe kaya mêmêdi, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.



Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung,

apa dene putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas Ratu Pagêdhongan, kabeh banjur

padha andherek muksa.



Buta Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri. Tunggulwulung ana ing

gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit ana

ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.



Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung

muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang Kalasan. Sawise têlung atus taun,

putrane Ratu ing Prambanan, kêkasih Lêmumbardadu iya Sang Pujaningrat, jumênêng

Nata ana ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), kêdhi têgêse wong

wadon
kang ora anggarap sari, dene dhiri iku têgêse anggêp, kang paring jênêng iku

Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang Rêtna piyambak, amarga Sang

Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi

nagarane, aja akeh gêtihe wong
kang mêtu. Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug pêrang akeh

mênange, nanging yen dilurugi apês. Kang kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri

iku gêdhe atine, amarga kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene Rêtna

Dewi Kilisuci iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau tapa ana ing

guwa
Selamangleng, sukune gunung Wilis.















WUWUHAN KATÊRANGAN.

Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Fatimah, patutan saka Nyai Agêng Bela.

Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran

Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim

Ratu Fatimah pêputra putri nama Nyai Agêng Malaka, katêmokake Raden Patah.


Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri Cêmpa kang

katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, barêng Raden Patah wis

jumênêng Nata, jêjuluk Sultan Syah 'Alam Akbar Siru'llah Kalifatu'lRasul

Amiri'lMu'minin Rajudi'l'Abdu'l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya 'Alam ing

Bintara
(Dêmak).


Putri Cêmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu Brawijaya, pêputra têlu:



1.      Putri nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing

Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.

2.      Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing Madura.

3.      Isih timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng muksa

kasêbut nama Sunan Lawu.



Panênggak Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadi'lKubra I,

patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih têdhake Kangjêng Nabi Mukammad,

asma Maulana Ibrahim, dêdalêm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cêmpa, dadi

Imam ana ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana Ibrahim Asmara,

iku kang
pêputra Susuhunan Ampeldênta Surabaya.

Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat

marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja Pandhita ing Cêmpa anggênteni ingkang

rama, pêputra siji kakung kêkasih Raden Rachmat.

Kang ibu putri Cêmpa (garwa Maulana Ibrahim), pêputra Sayid 'Ali Rachmat,

ngêjawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta, kasêbut

Susuhunan Ampeldênta.

Cêmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china).

Sayid Kramat kang kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing Bonang (Sunan

Benang).





TAMAT.



(1)         Kulon kutha Majakêrta lêt +/- 10 km.

(2)         Pêlabuhane saiki aran: "Haipong".

(3)         Lor Stasiyun: Surabaya kota "Sêmut".

(4)         Benang = Bonang ing Karêsidhenan Rêmbang.

(5)         Tarik.

(6)         Kulon kutha Kêdhiri.

(9)         Akire Mênang didêgi pabrik gula arane iya pabrik Mênang, stasiyune

ing Gurah antarane Kêdhiri - Pare +/- 7 km. saka Kêdhiri.

(10)     Kidul Majaagung lêt +/- 15-16 km. Saiki dicêluk desa Ngrimbi.

(11)     Ing sacêlakipun pabrik Mênang, wontên dhusun nama Guruh.
1. mbok manawi ewah-ewahan saking Gumêrah-Gumuruh.
2. Gurah = gusah.
3. ngrêsiki gorokan.

(12)     Laren = kalenan.

(13)     Bangawan = Brantas.


PARARATON

1b. Awignam asthu!

Nihan katuturan Ken Angrok, mulan ira duk dinadekaken. Hana anak I randhani

Jiput, lumaku tan rahayu, amegat ing hapus. Pinaka pamancanan ing Hyang Sukma.

Sira saking Jiput, ngungsi sira maring mandhaleng Bulalak, maran iran sang

abatur ing Bulalak sira Mpu Tapawangkeng.



Agawe ghopuran ing asrama, pinalampahan wedhus bang sapalaki den ing Hyangning

Lawang. Ling ira Tapawangkeng: Nora olih ira pengingan, dadi agawya papa

pathakan ing awak. Yan amati-mati janma, norana ta amutusakena pamalaku-caru

wedhus bang ika.  Dadi ta sang amegati ing hapus, angling asanggup maka caruwan

ing lawang nira Mpu Tapawangkeng. Satya ta sira asanggup maka caru, marggan ira

muliha maring Wisnu Bhawana, tumitisa maring [2a] wibhawa janma, mareng Madhya

pada mwah. Mangkana pamalaku nira.



Irika tandhwa kinastwan tumirisa den ira Mpu Tapawangkeng, tinut ira  sakening

kapralinan ira. Amuktya pitung-mandhala. Ri huwus ira pralina, irika caru den

ira Mpu Tapawangkeng. Telas irang mangkana, mur sang pinaka caru. Tan linyok ing

rasan ing sangketan ira pinaka caru.  Alaku titisakena ring wetan ing Kawi, sira

Bhatara Brahma sira-ngiling hilingi, rowangan ira yugga. Huwus ing mangkana, ana

ta wong apanganten anyar, sedhang akuren-asih. Lanang ngaran Si Gajah Para.

Wadon haran sira Ken Endhok. Maring sawah sira Ken Endhok angirimi laki haran

Gajah Para, haran I sawah nggen ing angirim ring ayugga. Pradepan ira Ken Endhok

haran Pungkur.



Tumurun irika Bhatara Brahma, asanggama lawan Ken Endhok. Nggon [2b] ira yugga

ring Lalateng, angenaken stri  samaya sira Bhatara Brahma: ,Ayo kita sanggama

lawan lakinta mwah. Yan ko sanggama lawan lakinta manih kacacampuran maneyuga

mami iku. Harane yugga iku , Ken Endhok. Iku tembe kang amuter bhumi Jawa’.

Muksa sira Bhatara Brahma.



Sira Ken Endhok angungsi maring sawah. Katemu sira Gajah Para. Ling ira Ken

Endhok: ‘Kaki Gajah Para. Wruhan ira yen ingsun rinowanga sanggama den ira Hyang

tan katingahalan ring tegal ing Lalateng. Wekas ira ring ingsun, ayo ta turu

lawan lakinta mwah mwah, pati lakinta yan amaksakena aturu lawan kita. Kalawan

ta cacampuran yugan ing wong iku’.



Tumuli mulih sira Gajah Para. Wekas ring umah, den ajaka turu sira Ken [3a]

Endhok, harep den rowanga sanggama manih. Alumuh nira Ken Endhok ring Gajah

Para.  Herang gajah Para: ‘Pegat ingsun ahomah kalawan sira. Awedhi ingsun ing

pangucap Sanghyang tan paweh yan atomwa manih lawan sira’. Ling ira Gajah Para:

‘Nini, mugapa sun kapakena suka isun, yan apa pegatana lawan sira. Den rena reni

wong saking sira den mulih nini maring sira. Pomah sawah ingsun. Sadruwen

ingsun, den mulih malih maring ingsun.



[3a]Tumuli huwus ing mangkana, Ken Endhok umulih maring Pangkur, sabrang lor.

Sira Gajah Para maler ing campara, sabrang kidul.



Durung genep sapasar, mati sira Gajah Para. Surak ing wong angucap [3] ka makara

panase rare jro weteng iku. During pira papegatane ramane lanang wadon, tur wong

atuwane lanang mati.



Wekasan huwus genep lek ing rare, metu lanang binuncal ing pabajangan den ira

Endhok. Dadi hana wong amamaling, haran sira Lembong. Kasasar ing pabajangan,

tuminghal I murub. Pinaran den ira Lembong, amiresep rare anangis. Pinarekan den

ira Lembong. Singgih kang murub rare anangis ika. Sinambut ingemban binakta

mulih, den aku weak.



Angrunghu sira Ken Endhok, yen sira Lembong angaku aweka ri rowange ki Lembong.

Kang awretta nangguh rare ike maha manggih ring pamajangan. Katon [4a] murub ing

ratri. Tumuli pinaran den ira Ken Endhok: ‘Singgih sira nak ira.’ Kecap ira Ken

Endhok: ‘Kaki Lembong, manawi sira tan sapeksa ring rareki den ira panggih iku.

Anak ingsun puniku kaki. Ahyun sira kaki wikena purwwaken ipun? Antuk ira

Bhatara Brahma asanggama kalawan ingsun piniku. Ayo tan pamule sira ring rare

puniku. Upama ababu kakalih, abapa tunggal saman ipun rare puniku.’



Mangkin sangsaya asih sira Lembong sasomah resep, wekasan atuha sakalawon lawon.

Binakta mamaling den ira Lembong. Awayah sapangengon sira Ken Angrok, angher ing

Pangkur. Telas pomah omah sira ken Endhok, mwah samomah omah ira Lembong, henti

tinotohaken de ra Ken Angrok.



Wekasan sira angon ngon ing sira mandhala Lebak, ya ngon kebo sa [4b] pasang.

Alama hilang mahisa kang den angon ika, ingajan den ira mandhala, wwlong iyu

ring sapasang. Inguman uman sira Ken Angrok den I rama rena kalih: ‘lah kaki

ingsun anunggonane kalih, lamun sira aja lungha. Ingsun uga nunggonaaring sira

mandala ring Lebak’.



Wekasan lungha sira Ken Angrok, kari sira raman ira kalih ring Campara. Tumuli

sira Ken Angrok angungsi prenah ing angher; wonten ta bobotoh sasiji saking

Karuman haran sira Bango Samparan. Alah atotohan, den ira salandhang ing

Karuman. Tinagih tan pangemasi. Sah sira Bango Samparan saking [5a] Karuman.

Ananakthi maring Rabut Jalu. Angrengha ujar saking akasa, konon muliha maring

Karuman manih: ‘Hana anak mami manguwusana hutang ta haran sira Ken Angrok’. Sah

sira Bango Samparan saking Rabutjalu. Lumampah saratri. Dadi manggih rare, kahi

tang widhin ing Hyang den ira Bango Samparan. Singgih ta sira Ken Angrok binakta

mantuk maring Karuman, ingaku weak den ira Bango Samparan.



Annuli maring kabotohan, kapanggih sira malandhang den ira Bango Samparan,

inawana tohtohan. Alah sira malandhang. Mulih alah ira Bango Samparan. Tuhu yan

widhin ing Hyang, mantuk sira Bango Samparan, binakta mantuk sira Ken Angrok den

ira Bango Samparan. Sira Bango Samparan wahu angalap homah. [5b] Sira Genuk

Buntu rabi tuwa, sira Tirthaya rabi anom. Hana anak ira Panji Bawuk, panghulu

sira panji Kuncang, harin ira Panji Kunal. Sira Panji Keneng Kung uruju; wadon

haran sira Cucupu Ranthi.



Sira Ken Angrok ta sira ingaku anak den ira Genuk Buntu. Malawas sira haneng

Karuman, tan apatut sira kalawan para Panji kabeh. Don ira ken Angrok sah saking

Karuman, tumuli sira mara ring Kapundhungan. Amanggih sira raryangon, anak ira

tuan Sahaja, bhuyut ing Sagenggeng, haran sira tuwan Tita.  Apasanakan lawan

sira Ken Angrok.



Atyanta den ing padha sih sihan tuwan Tita. Harep ta sira wihikana ring rupan

ing aksara. Mara sira ring janggan ing Sagenggeng, hati smara jaka, ama aku

winarahan sastra. Yata pinarahan sira ring rupaning sastra. Lawan panujun ing

swara wyanjana sastra, sawreddhin ing aksara. Winarah ta sira ring rupa candra,

kapegatan ing titimasa, lawan sasakala, sad-wara, panca-wara, sapta-wara,

tri-wara, astha-wara, huku, bhisa sira Ken Angrok kalawan sira tuwan Tita, kalih

sama winarahan den ing sastra.



Hana tatan manira janggan, upacara ring natar, wit ing jambu olih ira ananem.

Atyanta den ipun awoh, tuhun ing atub anedheng. Piningit tan hanan ing wineh

angundhuha. Nora-na wani ameta who ing jambu ika. Ling [6a] ira janggan: ‘Lakun

rateng jambu ing kahundhuhen. Dahat den ira Ken Angrok kapingin tumon ing who

ing jambu punika, pahaka citta who ing jambu ika.



Tekan ing ratri, masa sirep ing wong aturu, sira Ken Angrok sira aturu, mangkin

ta lalawah metu saking wunwunan ira Ken Angrok. Adulur-dulur tan papegatan.

Sawengi amangan woh ing jambu ika (nira) Janggan. Tumuli ring enjang,

katinghalan agelar who ing jambu punika ring natar. Pinupu den ing pepedhek ira

Janggan. Sira Janggan tumon ing woh ing jambu rusak agelar ing natar. Soka sira

Janggan. Ling ira Janggan ri para jaka: ‘Paran sangkane rusak jambhu iku?

‘Sumahur pepedhek ira Janggan:’Pukulun rusak den ing tampak ing lalawah amangan

jambhu puniki.’ Dadi sira Janggan angambil rwin ing panjalin nggen nira nerung

jambhu punika. Tur de ra tu[7a]tunggu sawengi.



Sira Ken Angrok  malih aturu ring dalu kidul, asandhing kapungan alang-alang,

ring pranah ira Janggan Kadhang amelik. Satinghal ira Janggan, mulat ing lalawah

abebelaka dulur-dulur metu saking wuwunan ira Ken Angrok. Padha amangan who ing

jambhu ira Janggan. Apeseh twas ira Janggan. Kawalahan anggetak  lawah akeh

amangan jambhu nira. Srengan sira Janggan. Tinundung sira Ken Angrok, den ing

Janggan. Akara Madhya ratri patundhung ira Janggan. Kaget sira Ken Angrok,

kanuli metu. Aturu ring palang alangan ing jaba. Wineton den ira Janggan maring

jaba katinghalan hana murub ing tengah ing alang alang. Kaget sira Janggan,

amangidhepakena katunon. Pinariksa kang katon murub. Kapanggih sira Ken [7b] 

Angrok kang murub ika. Tinanghi kinen mantuka, ingajak aturwa ing umah manih.

Tutut sira Ken Angrok,  aturu ring patangahan manih. Enjang kinon angambila

wohing jambhu den ira Janggan. Suka sira Ken Angrok. Ling ira: ‘Lah malar ingsun

dadya wong. Ingsun anahura hutang ring sira Janggan’.



An sira Ken Angrok angwan kalawan sira tuwan Tita, agawe sira dukuh, kaprenah

wetan ing Sagenggeng, tegal ing Sanja, pinaka nggen ira angadhang adhang wong

umaliwat hawan. Lawan sira tuwan Tita rowang ira.



Hana ta wong amahat anor ing alas ing wong Mundhung, anak anak wadon ahayu milu

maring alas. Teka ginamelan den ira Ken Angrok, rinowang sanggama ring alas.

Yata ring Adhiyuga haran ing alas. Mangkin mresah sira Ken Angrok, wekasan sira

anawan wong umalintang hawan.



Yata kawretta tekeng nagareng daha, den ira Ken Angrok karusuh. Yata [8a]

ingilangaken sakeng Sagenggeng. Angungsi ta sira maring Rabut Gorontol, moggha

ta kabebeng ing banyu kang alilangaken. Sot ita Ken Angrok: ‘Moggha ta banyu

metuwa saking tan hana. Samangkana dadi kang tuwun, ta hana keweh ring Jawa,’

mangkana ling ira Ken Angrok.



Sah sira saking Rabut Gorontolan, angungsi ta sira maring Wayang, tegal ing Suka

Manggala. Hana ta papikatan prit, irika ta sira anawala wong asedhahan manuk.

Annuli sira maring Rabut Katu. Kapihanan sira tumon ing Ketu sawaringen ngenge.

Irika nggen ira mput.



Angungsi [8b] ta sira ring Lulumbang. Angher ing wong amara depa, wijil ing wong

anjuri, haran sira Gagak Inget. Kapwa lawas angher rika. Anawala wong

umalintangan. Sah sira maring Kapundhungan. Amamaling sira ring pamalantenan.

Kawruhan, kakepung binuru, binuru. Tan wruh ta paranan ira angungsi, amamanek ta

sira ri wit ing tal. Ring pinggir ing kali, karahinan, kawruhan, yan amamanek

ing tal, tinunggu den ing wong Kapundhungan ing sore, tinabuhan kajar. Tal

punika winadhung dene kang amburu ring sira. Samangkana ta sira anangis, asambat

ing kang ayasa dharma ring sira.



Dadi sira amiresep sabdha ring awing awing, kinon sira amranga ron ing tal,

pinaka hlaran ira kiwa tengen, marggan ira anglayang maring sa[9a]brang wetan,

masa sira mati ya mwah.



Yata amrang mirantuk kakalih, pinaka hlar ira kiwa tengen. Anglayang nira maring

sabrang wetan, malayu angungsi ring Nagamasa. Tinut sira binuru, angungsi ta

sira ring Mandhaleng Oran. Tinut binuru, malayu ta angungsi Mandhaleng

Kapundungan, katemu atanem sira Mandhala ingalingan ta siran ingaku weak den I

Mandhala sira Ken Angrok. Anak ira padha atanem, keh ipun nenem, katuju lungha

gagawu kang tunggal, kari lilima, kang lungha ginantenana tanema den ira Ken

Angrok.



Teka kang amburu ri sira, tur angucap ing sira Mandhala, hanane wang arusuh isun

buru, angungsi ring ngke mahu. Sumahur sira Mandhala: ‘Kaki dayakan nira, tan

tuhwa linyok ingsun kaki, yan nore ngkene. Anak ingsun [9b] nemnem, genep

nemnem. Wilangen uga den ira. Manawa luwih saking nenem, tuhwa hana wong len I

ngkene.



Ujar ing aburu: ‘Tuhu yan anak ira Mandhala nenem, apan kang atanem iku nenem.’

Lungha kang aburu.

Ling ira Mandhala ring Ken Angrok: ‘Lungha sira ta kaki, Manawa awangsul kang

aburu ring sira. Manawa hana micara sabdhan isun. Tan pantuk den iru mesu ngusi

ing isun. Lungha sira angungsi alas!’



Ndan ling ira Ken Angrok: ‘Pangher manih aburuwa’. Yata sangkan ing alas

Patangtangan harane. Annuli sira Ken Angrok angungsi ring ano. Sah sira maring

alas ing Trewag. Manggih sangsaya, mer sah sira.



Hana ta sira Mandhaleng Luki, angarep ing welahan. Mangkat sira amuluku pagagan,

akaryyan di pakacangan, ambaktha sekul ing rare angon mahisan [10a] ing Mandala.

Den salehaken ing undhung undhung, den wadhah I kele, katungkul sira Mandhala

pijer amuluku pakacangan. Ingundhuk undhukan ing ambel den ira Ken Angrok, pinet

sekule. Nangken dina sira mangkana. Kepwan sira Mandhala, den ing baryyan dina

kelangan segan ing pangon.



Pangucap ira Mandhala: ‘Paran sangkana hilang sekul iki?’ mangkin ta inginte

sasingidan segan ira Mandhala ring welahan. Panghone den konang mulukuwa,

tandhwa dhatang sira Ken Angrok saking jro alas, paksan ira Ken Angrok angambila

sekul punika. Sinapa de ra Mandhala; ‘Kalingane sira kapo kaki amet segane

panghon isun iku nagken dina?’  Sumahur Ken Angrok: ‘Singgih kaki Mandhala. Isun

amet segane panghon ira nagken dina. Wet ing lapa [10b] nisun tan pamangan.’

Ling ira Mandhala: ‘Lah kaki datenga ring asraman isun sira yen aluwe,

amalampaha sekul nagken dina. Apan ingsung pratidina hadang-hadang tekan ing

tatamu.’ Teher binakta ta sira Ken Angrok dhatang ing batur de ra mandhala.

Sinoghatan sireng sekul ulam. Ling ira Mandhala ring strin ira: ‘Nini, Bhatari

isun amemekas ing sira. Lamun Ken Angrok mara ri kimon ingsun tan hana ring umah

twi, kukurenen tumuli, amal lasaken.’ Yata ken Angrok atutur nangken dina teka.

Lunghan ira saking rika, mara ring Lulumbhang, maring banjar Kocapet.



Hana ta sira Mandhaleng Turyyantapada, mulih sira mareng Kabalen, parab ira sira

Mpu Palot. Among dharma kancana, aguru ta sira ring Hyang buyut ing Kabalen,

sira pangawak ing dharma kancana siddhi. Sandhi sani[11a]ddhya. Mantuk ta sira

Mpu Palot saking Kabalen, amawa ta sira lakar, awerat limang tahil, areren ing

Lulumbang. Awedi sira Mpu Palot muliha dewek mareng Turyyantapada, reh ing

wonten wong kawretta anawala ring margga, haran sira Ken Angrok.



Sira Ken Angrok ngaran ing wong iku. Kunang sira Mpu Palot tan wruh ring

patutunggalan ing wong. Yata katemu sira Ken Angrok ing parerenan ling ira Ken

Angrok ring sira Mpu Palot: ‘Uduh dating ipun ndi ra kaki pukulun?’ ling ira Mpu

Palot sumahur: ‘Alalunghan ingsun kaki saking Kabalen, ahyun mantukamaring

Turyyantapada. Awedhi ingsun ing margga, anengguh hana [11a] wong anawalan haran

Ki Angrok’. Mesem sira Ken Angrok. Ling ira Ken Angrok: ‘Lah pukulun, ranak ira

angatara mantuk ing ra kaki. Ra putun ira mene anglawada yan kapanggih wong

haran Angrok puniku. Lumaris uga Ra kaki[11b]mantuk mareng Turyyantapada. Sampun

walang hati’.



Kapihutangan sira Mpu ring Turyyantapada, angrungu sanggup ira Ken Angrok.

Satekan ireng Turyyantapada, saha winarahan ing dharma kancana sira Ken Angrok.

Enggal bhisa, tan hana sor timbangana ring kapaktin ira. Neher ingaku weak sira

Ken Angrok den ira Mpu Palot, sangkan ing asrama ing Turyyantapada ingaran ing

Mandhaleng Bapa ring mangke. Molah ira Ken Angrok ingaku bapa ring sira Mpu

Palot.



Mangkat sira Ken Angrak, dhatang ing Kabalen. Tan kapihandel  sira[12a] Ken

Angrok den ira sang apalinggih ring Kabalen. Samangka ta arengen sira Ken

Angrok. Moggha hana hembang ring panapen, sinuduk den ira Ken Angrok, malwi

angungsi ring Hyang Buyut ing Kabalen. Ingatekaken sira para kategan sahaneng

Kabalen. Para Guru Hyang tekan ing kapuntan, sama Mandhala makta palu angsa,

angurus ira ring Ken Angrok, sama mukul ing palugangsa, paksan ira sang tyaga

mingronana, mahyuna matenana sira Ken Angrok. Moggha angrunghu ujar ing akasa:

‘Ayo dera paten I wong iku!’ Sang tyaga yuggha mami rare iku Tangheh gawene ring

Madhya-pada’. Mangkana sabdha kasa, karunghu dera sang tyaga. Yata tinulung Ken

Angrok, anglilir ka[12b]ding pralagi. Teher Ken Angrok angenaken upattha, ling

ira: ‘Tan hana ya tetega ring wetan ing Kawi, tan siddhan ing dharma kancana’.



Sah sira Ken Angrok saking Kabalen, angungsi maring Turyyantapada, sira

Mandhaleng Bapa. Siddhan ing dharma kancana. Sah sira Ken Angrok sakeng

mandhaleng Bapa. Maring pradesa ring Tunggaran. Mora awilapa sira bhuyut ing

Tunggaran, rinusuhan wong Tunggaran den ira Ken Angrok. Yata ingemban tang gho

phala, sinalaken ing Mandhaleng Bpa. Dadi kapanggih anak ira bhuyut ing

Tunggaran, ananem kacang ing pagagan.



Mangko ta ikang rare rinowang asanggama den ira Ken Angrok, alalamak kacang

kakampilan; sangkan ing kacangTunggaran wiji akulimis agung agurih. Sah nira

saking Tunggaran, amlih sira Mandhaleng Bapa, mwah ling ira[13a]Ken Angrok: ‘Yen

isun dadya wong adhana, apirak, ring kaki Mandhaleng Bapa’.



Kawretta sira Ken Angrok ing nagara Daha. Yen arusuh, asenetan ing

Turyyantapada, ingilangaken saking Daha, rinuruh den ing wong saking Daha.

Lungha saking Mandhaleng Bapa, angungsi sira maring gunung Pusthaka. Sah nira

saking rika, angungsi ring Limbehan, awilapa sira bhuyut ing Limbehan ingungsi

de ira Ken Angrok.



Wekasan ananakthi sira Ken Angrok maring Rabut Kedhung Panithikan.

[13a]Katuturunan sira Widdhi, kinon maraha maring Rabut Gunung Lajar, ring dina

Buddha Ireng ing Warigadhyan. Sira para dewa ahum akukumpul. Mangkana ling Ra

Ninikan, mapi angrowangana. Asenatana kita Bapa, tan hanan ing wruha. Mami

ananapuha ring Gunung Lajar, sedhang ing Dewa ahum kabeh.



[13b] Mangkana ling Ra Nini ring Panithikan. Yata mara sira Ken Angrok ing

Gunung Lajar, katekan pwa Buddha Ireng ing Warigadhyan, mara pwa sira ring

pahoman. Yata menetan sira ring patuha, ingurugan suket den iraraning

Panithikan.



Teher muni kang sapta swara. Genter pater lindhu ketug, kilat ali siyua

aliwawar, hudan salah masa, tan pantara. Teja wangkasa, ndan samangkana sira

angrengha sabdha tan pantara umwang gumuruh. Rasan ing uman ing watek Hyang,

ikang angukuhanan ring nusa Jawa, ‘yaya adhi mandhala’. Mangkanan ling kang

watek dewata kabeh. Sama hasa langgapan ujar: ‘Ndi kang yogya prabhwa ring nusa

Jawa?’ Patakaon ing watek Hyang kabeh. Sumahur Sanghyang Guru: ‘Wruhan ta kabeh

watak dewata. Hana si yugga mami manusa [14a] wijil ing wong Pangkur. Ika

angukuh i bhumi Jawa.’ Samangka ta metu sira Ken Angrok saking patuhan.

Katinghalan sira den ing watek Hyang. Sama kayogyan sang watek dewatha. Yata

inastwaken sira Bhiseka Bhatara Guru.



Mangkana kastwan ira de sang watek dewatha asurak asanggaruhan. Winidhyan sira

Ken Angrok kangkena bapa ring sang Brahmanamaka nama sira Dhanghyang Lohgawe,

wahu teka saking Jambhudwipa. Kinen upapanggiha ring ta leka. Samangkana mulan

ing brahmana hana ring wetan ing Kawi. Duk maring Jawa tan parahu, atampakan ron

ing katatang telung pungkel. Mentas ira anuju pradesa ring Taloka. Midher sira

Dhanghyang Lohgawe angulati sira Ken Angrok, lingira Dhanghyang Lohgawe: Hana

rare adawa tangane. Kaliwat ing dekunge, tulise tangane tangan cakra, kang kiwa

ngka. Harane [14b] Ken Angrok. Katon ing puja mami, dadin ira Bhatara Wisnu.

Pawarah ri ngunin dhuk ing Jambhudwipa.



‘He Dhanghyang Lohgawe, wus mobho denta mujar ing Wisnu arcca. Mami tan hana ri

ngkene. Ngong anjanma manusa ring Jawa. Kita tumutur eng mami haran ingong

Angrok. Ulatana mami ring Kabotohan’. Tandwa sira Ken Angrok kapanggih ring

Kabotohan. Winaspadhaken singgih kang katon ing puja den ira Dhanghyang Lohgawe.

Tumuli sira tinanyan. Ling ira Dhanghyang Lohgawe: ‘Ingsun aku anak sira kaki.

Ingsung rowang duhka nastapa. Sun wong ng saparan ira’.



Sah sira Ken Angrok saking Taloka, mara sira maring tumapel. Milu sira [15a]

sang brahmana. Satekan ira ring Tumapel, amanggih kala desa, hati sira

asesebhana ring sang akuwu ring Tumapel, haran sira Tunggul Ametung. Kapanggih

sira sinebha.



Ling ira Tunggul Ametung: ‘Bhage ya pukulun sang brahmana. Saking pun endi [15a]

sira anyar ka tangkilan?’ Sumahur sira Dhanghyang Lohgawe: ‘He kaki sang akuwu.

Anyar saking sabrang ingsun. Hati asewaka ta maring sang akuwu ingsun kaki,

lawan takon-takon ingsun anak puniki, ahyun sumewaka ring sang akuwu.’



Sumahur sira Tunggul Ametung: ‘Lah suka ingsung sira Dhanghyang. Yen sira

santena wontena ring sira nak ira’. Mangkana ling ira Tunggul Ametung sang akuwu

ring Tumapel.



Dadi hana bhujangga Boddha-sthapaka ring Panawijen, lumaku Mahayana. Atapa ring

setran ing wong Panawijen, apuspatha sira Mpu Purwwa. Sira ta [15b] hana anaka

stri tunggal duk dereng ira Mahayana. Atyanta ring lituhayun ing putrin ira,

aharan Ken Dhedhes. Sira kawretta yan hayu, tan hana amadhani rupan ira yen

sawetan ing Kawi. Kasub tekeng Tumapel, karungu den ira Tunggul Ametung. Tumuli

sira Tunggul Ametung dhatang ing Panawijen anjujug maring dukuh ira Mpu Purwwa.

Kapanggih sira Ken Dhedhes, atyanta garjjitan ira Tunggul Ametung tummon ing

rara hayu, katuju sira Mpu Purwwa tan hana ring patapan ira. Sa mangka ta Ken

Dhedhes sinahasa, pinalayoken den ira Tunggul Ametung.



Sahulih ira Mpu Purwwa saking paran, tan katemu sira nak ira. Sampun pinalayoken

den ira Tunggul Ametung kuwu ring Tumapel, tan wruh ri kalingan ira. Yata sira

Mpu Purwwa anibaken samaya tan rahayu, ling ira: ‘Lah kang amalayoken anak

ingsun, moggha tan panutuga pamuktine, matya binahud [16a] anggris. Mangkana

wong Panawijen, hasata pangangsone. Moggha tan metuwa banyune beji iki, dosane

nora awara ring ingsun. Yen tan anak ingsun den walat ing wong.’ Mangkana ling

ira Mpu Purwwa. Kalawan ta anak ingsun majaraken karma amamadhangi, anghing sot

mami ring anak mami: ‘moggha anemwa rahayu, den agung bhagyane.’ Mangkana sot

ira Mahayana ring Panawijen.



Satekan nira Ken Dedes ring Tumapel, sarowang sapaturon den ira Tunggul Ametung.

Tan sipi sipi sih ira Tunggul Ametung. Wahu angidham sira Ken Dedes, dadi sira

Tunggul Ametung akasukan acangkrama asomahan, maring taman Bhabhojji. Sira Ken

Dedes anunggang i gilingan. Satekan ira ring taman, sira Ken Dedes tumurun

saking padhati.



Katuhon pagawen ing widhi, kengis wetis ira, kengkab tekeng rahasiyan [16b] ira.

Teher katon murub den ira Ken Angrok, kawengan sira tuminghal. Pitwi den ing

hayun ira andhulu, tan hana madhan I kalituhayon. Kasmaran sira Ken Angrok. Tan

wruh ring tingkah ira.



Sahulih ira Tunggul Ametung sakeng pacangkrama, sira Ken Angrok awarah ing sira

Dhanghyang Lohgawe. Ling ira: ‘Bpa Dhanghyang. Hana wong istri murub rahasiyane.

Punapa laksanan ing stri lamun mangkana? Yen hala rika? Yan rahayu? Ring

kalaksanan ipun?’  Sumahur sira Dhanghyang: ‘Sapa iku kaki?’ Ling ira Ken

Angrok: ‘Wonten bapa, wong wadon katinghalan rahasiyanepun den ingsun’. Ling ira

Dhanghyang Lohgawe: ‘Yan hana stri mangkana kaki, iku stri Nareswari harane,

adhi mukyan ing stri iku kaki. Yadyan wong [1a] papa angalapa ring wong wadon

iku, dadi ratu.’ Meneng sira Ken Angrok. Ri wekasan angling: ‘ Bapa Dhanghyang.

Kang murub rahasiyanipun puniku, rabin ira kuwu ring Tumapel. Lamun mangkana,

manira bahudanggris si kuwu, kapasthi mati den manira. Lamun pakan ira

angadhyani.’ Sahur ira Dhanghyang: ‘Mati bapa kaki Tunggul Ametung den ira?

Anghing ta ingsun tan yogya yan angadhyanana ring kaharep ira, tan ulahan ing

pandhita. Ahing  an sakaharep ira!’  Ling ira Ken Angrok: ‘Lamun mangkana bapa,

isun amit ing sira.’ Sumahur sang brahmana: ‘Maring pundhi ta sira kaki?’

Sumahur Ken Angrok: ‘Ingsun dating ing Karuman, wonten Bobotoh angangken weak

ring ingsun haran sira Bango Samparan. Asih ring isun, punika isun tarinipun.’

Kadi angyagyanana ling ira Dhanghyang: ‘Rahayu yan mangkana.’



Sampun ta kekes ira alawas ing Karuman, ling ira Angrok: ‘Punapa [17b] karyyan

isun alawasa?’ Sah sira Ken Angrok saking Tumapel, teka sireng Karuman.

Kapanggih sira Bango Samparan: ‘Saking ndi ta weton ira, alawas tan mare ri

sun?’ Kadi ring swapena isun atatemu lawan sira. Alawas temen den ira lungha’.

Sumahur Ken Angrok: ‘Wonten ing Tumepel isun bapa. Amara sebha ring sira kuwu,

sangkan isun  maring sira, hana rabin ira kuwu, tumurun saking padhati kasingkab

rahasiyane, katon murub den isun. Hana ta Brahmana anyar anga Jawa, anama sira

Dhanghyang Lohgawe. Sira angaku weak ing isun. Isun takoni, punapa haran ing

stri lamun murub rahasiyanipun? Ling ira sang [18a] brahmana: ‘uttama dahat

istri lamun mangkana. Harane iku kang sinengguh stri Arddhanareswari ika.

Sulaksana temen. Pun iku sing adrewe rabi katekan dadi ratu. Isun ta bapa Bango,

kapengin dadya ratu. Kaharep isun, ki Tunggul Ametung isun patenane. Rabine isun

halape. Malar bapa ranak ira dadiya ratu. Amalaku isun  pangdhyana sira bapa

Dhanghyang. Ujar sira sang Brahmana: ‘Kaki Anrok, an kawasa ring brahmana yen

angajnyana ring wong alap rabin ing wong. Hingan sakaharep ira piambek’. Punika

karana isun maring bapa Bango, amalaku adhyan adhyan ira bapa. Isun cidrane sira

kuwu ring Tumapel. Wyakti mati den isun.  Sumahur sira Bango Samparan: ‘Rahayu

yan mangkana. Isun kaki angadhyani yen sira harep ambahudanggris ring sira [18b]

Tunggul Ametung. Anghing ta kaki Angrok, sira kuwu ateguh. Manawi no tedas yen

de ra sudhuka ring kris kurang yonine. Hana ta mitran isun apande ring

Lulumbhang, haran Mpu Gandring. Yoni olihe gawe kris, nora hana wong ateguh de

ne gagaweyane, tan amingron I lamun sinudhukaken. Ika konen akaryyaha duhung,

yan huwus dadi kris, nggen ira anyidra ring  ki Tunggul Ametung’. Mangkana wekas

ira Bango Samparan ring Ken Angrok. Ling ira Ken Angrok: ‘Amit isun bapa, maring

Lulumbhang’.



Sah sira saking Karuman, annuli maring Lulumbhang, atemu sira Gandring nambut

karyya ring Gusali, rawuh Ken Angrok, tur atakona: ‘Iya sira bhaya haran

Gandring?’ Lah reko isun pagawekena kris huwusa limang wulan. Aghata gawene den

isun.’



Ling ira Mpu Gandring: ‘Sampun limang wulan punika? Lamun sira den ah[19a]yun

den apenet, manawi satawun huwus! Enak rateng papalon ipun.’ Ling ira Ken

Angrok: ‘Lah sarupane gugurindane. Anghing den huwus limang wulan.’



Sah Ken Angrok saking Lulumbhang, maring tumapel. Kapanggih sira Dhnghyang

Lohgawe, atakon ing Ken Angrok: ‘ Paran sangkan ira alawas ing Karuman?’ Sumahur

Ken Angrok: ‘Sumelang maring Lulumbhang manira bapa.’



Samangkana ta Ken Angrok kalawasa panganti ring Tumapel:huwus genep limang

wulan, henget ing samayan ira yen akenken kris ring Ra Mpu Gandring. Mara sira

maring Lulumbhang. Katemu sira Mpu Gandring agugurindha, anigasi papalampahan

ira Ken Angrok kris. Lingira Ken Angrok: ‘Endi kenke[19b]nan isun ing kaki

Gandring?’



Sumahur sira Gandri: ‘Singgih kang isun gurindha puniki kaki Angrok.’ Pinalaku

tinghalan punang kris , den ira Ken Angkrok. Ling ira asemu bendhu: ‘Ah tan

polih den isun akonkonan ing sira Gandring. Apan during huwus gugurindane kris

iki lagi asebel. Iki kapo rupane kang de ra  lawas limang wulan lawase. Apanas

twas ira Ken Angrok. Dadi sinudukaken ing sira Gandring kris antuk ira Gandring

agawe ika. Annuli pinrangaken ing Lumpang sela pambebekan gurindha, belah

aparwa. Pinrangaken ing paron ira Gandring, belah apalih. Sa,angka sira Gandring

angucap: ‘Kang amaten I ring sira tembe kris iku, anak putun ita mati dene kris

iku, oleh ratu pipitu  tembe kris iku amateni.’ Wus ira gandring angucap,

mangkana mati sira Gandring.

Samangkana ta arupa analahasa Ken Angrok patin ira Gandring. Ling ira [20a] Ken

Angrok: ‘Lamun isun dadi wong, tumusa ring anak putune apandhe ring Lulumbhang.’



Teher amantuk sira Ken Angrok, maring Tumapel. Hana kakasih ira Tunggul Ametung,

haran Kebo Ijo. Pa wong sanak asih sihan kalwan  Ken Angrok. Satinghal ira Kebo

Ijo, ring sira Ken Angrok anungklang duhung anyar, awarangka anyar, adhnanganan

cangkring katut rwin ipun tan pagagala, wungkul, areman sira Kebo Ijo mulat.

Angucap ing Ken Angrok: ‘He kaka sun silihe kris ira iku.’ Sinungaken  den ira

Ken Angrok, tumuli ingangge den ira Kebo Ijo, wet ing resep ira tumon.



Alawas ingangge den ira sapeksa. Yen sira Kebo Ijo anungklang duhung anyar.

Moggha ta mangke duhung punika, pinalingan den ira Ken Angrok, kene dene

amalingi.



Teher Ken Angrok, ring ratri annuli maring dalem pakuwon, duweg sirep ing wong.

Katuwon den ira nulu ring widhi, annuli     pareng paturon ira Tunggul Ametung,

tan pakawara lakun ira. Sinudhuk sira Tunggul Ametung, den ira Ken Angrok, trus

pranan ira Tunggul Ametung. Mati kapisanan, I kris antuk ira Gandring, agawe

kinatutaken minaha. Mangke huwus rahina. Kawaswasan duhung umandhem ing jajan

ira Tunggul Ametung, tinenger den ing wong kang wruh, kris ira Kebo Ijo

kalingane kang anyidra ring sira Tunggul Ametung. [21a] Apan sawyakti krise

katut ing jajan ira sang akuwu ring Tumapel. Samangkana sira Kebo Ijo sinikep

den ing kadhang warggan ira Tunggul Ametung tinewek ing kris anruk ira Gandring

akaryya punika. Mati ki Kebo Ijo.



Hana ta anak ira Kebo Ijo, haran Mahisa Randhi. Alara patin ing bapa. Yata

winilasan kinathik den ira Ken Angrok. Atyanta welas ira ring sira Mahisa

Randhi. Moggha Hyang Dewa siran dandani, tuhu yan kraman ira Ken Angrok ring

sira Ken Dedes, alama akakarepan. Tan hanan ing wong Tumapel wani angucapa

satingkah polah ira Ken Angrok. Mangkana sakadang warggan ira Tunggul Ametung,

meneng tan hana waniya ngucap. Yata apanggih Ken Angrok lawan  sira Ken Dedes,

sampun ta sira abobot tigang lek, katinggal denira Tunggul Ametung kaworan den

ira Ken Angrok. Atyanta den ira silih[21b] asih sira Ken Angrok lawan sira Ken

Dedes.



Alawas papanggih ira, genep lek ing rare. Mijil anak ira Ken Dedes lanang,

patutan ira Tunggul Ametung. Inaranan Sang Anusapati. Papanjin ira sang apanjiya

nengah.



Alama sira patutan manih lawan sira Ken Angrok, mijil lanang haran Mahisa

Wongateleng. Mwah hari den ira mahisa Wongateleng lanang haran Sang Apanji

Saprang. Harin ira Panji Saprang lanang haran sira Aghnibhaya. Harin ira

Ghnibhaya wadon, haran sira Dewi Rimbhu. Patpat suthanira Ken Angrok lawan Ken

Dedes.



Hana ta bini ajin ira Ken Angrok anom, haran sira Ken Umang. Sira ta apatutan

lanang haran sira Panji Tohjaya. Harin ira lanang haran sira Pan[21b]ji Sudhatu.

Harin ira Panji Sudhatu lanang, haran sira Tuwan Wregola. Harin ira Tuwan

Wregola stri haran sira Dewi Ramti. Kweh ing putra 9. lanang 7. wadon 2.



Telas purwwa wetan ing Kawi. Kaputer sawetan ing Kawi. Sama awedhi ri sira Ken

Angrok, mahu ariwa riwa, ahyun angadhega ratu. Wong Tumapel sama suka yan Ken

Angrok angadheg ratu, katuwon pan dulur ing widdhi, Sang Ratu ring Daha Siraji

Dangdhang Gendhis angandika ring para Bhujangga sahaneng Deha, ling ira: ‘He

kita para bhujangga siwa soghata, paran sangkan ira nora anembah ring isun? Apan

isun saksat Bhatara Guru’.  Sumahur para bhujangga sakapasuk ing nagareng

Kadhiri: ‘Pukulun tan wonten ing kuna kuna bhujangga anembah ring ratu’,

mangkana linging bhujangga kabeh. Ling ira [22b]ji Dhangdhang Gendhis: ‘Lah

Manawa kang kina kina nora anembah. Kang mangko ta isun sembahen den ira! Manawa

sira tan wrh ing kasaktin isun, mangke sun weh I pangawyakti.’



Mangko ta siraji Dhangdhang Gendhis ngadekaken tumbak. Landheyan ipun

tinancepaken ing lemah. Sira ta alinggih ri pucuk ing tumbak. Tur angandhika:

‘Lah para bhujangga, delengen kasaktin isun!’  Sira ta katona acaturbhuja, atri

nayana, saksat bhatara Guru rupanira. Winidhi anembaha para bhujangga sakapasuk

ing Deha.



Sama tan harep anembaha. Tur padha angungsi maring Tumapel, asewa ring [22b] Ken

Angrok. Samangka mulan ing Tumapel tan ahidep ing nagareng Deha. Tumuli sira Ken

Angrok kinastwaken prabhu ring Tumapel. Haran ing nagara Singhasari, abhisekan

ira Sri Rajasa Bhatara Sang Amurwwa [23a] Bhumi.



Ingastriyan den ing Bhujangga Sewa Soghata kang saking Deha. Makadhi sira

Dhanghyang Lohgawe, sira Asangkapani. Kunang kang asih awelas ring sira Ken

Angrok ing kina, dhuk sira sedhang kasiasih, padha ingundhang kabeh, tinulung

denira winales pawilasane. Makadhi sira Bango Samparan, tan ucapen sira Mandhala

ring Turyyantapada. Lawan ta nak ing apandhe wesi ring Lulumbhang haran Mpu

Gandring, satus e apandhya ring Lulumbhang, luput eng saharik purih, satampak

ing walukune, wadhung, pacule, hana anake Ki Kebo Ijo, den padha kawawenangane

lawan anake Mpu Gandring. Anak ira bapa Dhanghyang haran Wangbhang Saddha,

patutan ira lawana wong Wisnu, tamokena kalawan anak ira bapa Bango haran Cucupu

Ranti. Mangkana rasan[23b]ing andhika Sang Amurwwabhumi, atyanta krettan ing

nagara ring Singhasari, pari purna, nir wighna.



Alawas karengha wrettan ira Ken Angrok, yan huwus angadheg ratu. Kahatur ring

siraji Dhangdhang Gendhis, yan Sang Amurwwabhumi harepa maring Deha. Andhikan

iraji Dhangdhang Gendhis: ‘Sapa ta angalahakena ring nagaran isun iki? Manawa

kalah, lamun Bhatara Guru tumurun saking akasa, Manawa kalah!’



Ingaturan sira Ken Angrok, yan siraja Dhangdhang Gendhis angandhika mangkana.

Ling ira Sang Amurwwabhumi: ‘He para bhujangga Sewa Soghata kabeh, astwakena

isun abhiseka Bhatara Guru’. Samangkana mulan ira abhiseka Bhatara Guru.

Ingastwan ing bhujangga Brahmana Rsi. Tur sira anuhu anglurrug maring Deha.



Karengha den iraji Dhangdhang Gendhis, yan Sang Amurwwabhumi ring[24a]Tumapel,

anekani angdhon maring Deha. Ling iraji Dhangdhang Gendhis: ‘Alah isun. Sedhang

e ki Angrok winong ing Hyang’. Samangkana ta sanjata ring Tumapel, acucuh lawan

sanjata Deha. Aprang ring lor ing Gantir. Apagut sama prawira, anglong ing

linongan, katitihan sanhata Deha. Harin iraji Dhangdhang Gendhis mokta. Nyama

kretti ksatriya Raden Mahisa Walungan, lawan mantrin ira prawira haran Bubar

Baleman.



Moktan ing harin iraji Dhangdhang Gendhis, awah wadwa pinakatihati sire Bubar

Baleman, kalih karebat den ing wado Tumapel. Amah gunung den ipun aprang.

Samangka ta wado Deha Kapalayu, apan pinakadhin ing prang sampun kawenang.



Irika ta manjata Deha bubar kawon, pungkur wedhus, dawut paying, tan [[24b]hana

pulih manih. Samangka siraji Dhangdhang Gendhis, murud saking paprangan angungsi

maring Dewalaya. Gumantung ing awing-awang, tekan ing undhakan, pakathik, juru

paying, lawan mawa tadhah sedhah, tadah toya, panglante, sama milu

angawang-awang.



Prasiddha alaah ring Deha, den ira Ken Angrok. Lawan sirayin ira, ha[24b]ran

Dewi Amisani, Dewi Asin, Dewi Maja, mangkin sama katuran yan siraji Dhangdhang

Gendhis alah aprang. Karengha honti Dewalaya gumantunging awang-awang. Mangke ta

sira twan dewi katiga, muksa lawan kadhaton pisan.



Irika ta sira Ken Angrok huwus ing jaya satru, mulih maring Tumapel. Kaputer

bhumi Jawa den ira, saka kala panjeneng ira huwus  kalah ing Deha 1144.



Alawas hana wretta sang Anusapati, yen anak ira Tunggul Ametung, ata[25a]takon

ta sira ring pamongmong: ‘Awedhi manira Raden ing sira rama pakan ira’. Atur ing

pamongmong. ‘Aron ira matura ring sira ibhu pakan ira!’



Tan suddhan ira Nusapati atakon I sirebhun ira. ‘Ibu isun ataken ing sira.

Punapi kalingane sira bapa yen tuminghali ingsun, patehe tinghal I ra kalawan

sanak isun kabeh. Tan ucapenn lawan putran ira ibhu anom? Mangkin pahe tinghal

ira bapa, tuhu yan sama saman ira Sang Amurwwabhumi.’ Sahur ira Ken Dedes: ‘Kaya

dudu kang angandheli, yen sira kaki ahyun wruha, sira Tunggul Ametung harane

raman ira. Katinggal isun tigang sasih yata ingsun ingambil den ira Sang

Amurwwabhumi.’ Ling ira Sang Anusapati: ‘Kalingane ibhu, dudu bapa isun Sang

Amurwwabhumi? Punapa ta ibhu padhem[25b] ira bapa?’  ‘Sang Amurwwabhumi kaki

amateni!’ meneng sira Ken Dedes arupa kaluputan den ing awwreta majati ring sira

nak ira. Ling nira Nusapati: ‘Ibhu, wanten duwung ira bapa? Antuk ipun Gandring

akaryya. Ingsun tadhan ipun ibhu.’ Sinungaken den ira Ken Dedes ring sang

Anusapati. Amit mantuk maring kamegetan ira.



Wonten ta panghalasan ira ring Bathil, ingundang den ira Nusapati. Kinon

amoktanana ring Ken Angrok. Sinung duhung antuk ipun Gandring akaryya, nggen

ipun amoktanana ring Sang Amurwwabhumi. Ingebang wong Bhatil den ira Nusapati,

mangkat wong Bhatil maring dalam kadhaton. Kpanggih Sang Amurwwabhumi sedhang

ing anadhah. Teher sinudhuk sira den ing wong Bathil. Duk sira kasurnnan,

Wrehaspati ing Landhep, masan ira anadhah sandhe jabung sampun ing surup amasang

sandhe. Sampun ing liha Sang Amur[26a]wwabhumi, malayu wong Bathil. Angungsi

ring Sang Anusapati, matur wong bathil: ‘Sampun mokta sira rama pakan ira den

manira.’ Neher sinuduk wong Bathil den ira Nusapati. Ujar ing wong Tumapel,

abhatara sira ngamuk den ing pangalasan ing Bathil. Sira Nusapati angember I

hanuk. Linan ira Sang Amurwwabhumi, isaka 1169. Sira Dharmmeng Kagenengan.



Sampun mangkana, Sang Anusapati anggantya ajeneng ratu. Duk Sang Anusapati

ngadheg ratu, isaka 1170, alama kawretta den Raden  Tohjaya. Yata karengha

sapolah ira Sang Anusapati angupahaken ing Sang Amurwwabhumi. Mokta den ing wong

Bathil. Sang Apanji Tohjaya, tan suka moktan ing sira raman [26b] ira.

Akira-kira amet pamales, marggan ing kapatin ira Sang Anusapati. Wruh Sang

Anusapati, yan kinire den ira Sang Apanji Tohjaya. Yatna Sang Anusapati.

Pagulingan ira binalungbang. Ring pamengkang wong angayeng I, pikandhel atata.



Huwus alama marek Sang Apanji Tohjaya. Amawa sawung sira. Mareng Bhatara

Anusapati. Ling ira Panji Tohjaya: ‘Kaka, wonten kris ira bapa? Antuk ipun

Gandring akaryya? Isun tedhan ipun ing sira.’ Tuhu yan samayan ira Bhatara

Nusapati. Sinungaken duhung antuk ipun gandring akaryya, den ira Sang Anusapati,

tinanggapan den ira panji Tohjaya, sinungklang tumuli. Duhung ira kang ingangge

ring uni, sinungaken ing wong ira. Ling ira Panji Tohjaya: ‘Duweg kaka ta

bongbong’. Sumahur sang Anusapati: ‘lah yayi’.



[27a] Ya tumuli akena angambila sawung ring juru kurung. Ling ira Nusapati: ‘Lah

yayi ta adun ipun pisan’. ‘Singgih’. Ling ira Panji Tohjaya. Sama anajini

dhawak, sama akembar.



Katungkul Sang Anusapati. Tuhu yan sedhengan antakan ira. Kemper pijer angadoken

sawung ira. Sinudhuk den ira Panji Tohjaya. Liha Sang Anusapati, isaka 1171.

Dhinarmma sira ring Kadhal. Gumanti sira Panji Tohjaya, anjeneng ratu ring

Tumapel.



Hana ta putran ira Sang Anusapati, haran sira Ranggawuni. Kaprenah kaponakan den

ira Panji Tohjaya. Sira panji Wongateleng sanak ira Panji Tohjaya tunggal ing

bapa, sahu ibhu. Aputra ta sira ring Mahisa Campaka, kaprenah pahulunan den ira

Panji Tohjaya, duweg ira Panji Tohjaya ingastren,[27b]pinarek ing mantri

samadhaya. Maka nguni sira pranaraga. Marek sira Ranggawuni, adulur kalawan Kebo

Campaka. Ling ira Panji Tohjaya: ‘He manteri samadhaya, makadhi Pranaraja.

Delengen iki kaponakan ingsun kamakara rupane lawan pangadege, paran rupane

musuh ingong ring nusantara? Dene  wong roro iki, angapa nira Pranaraja?’ Asahur

sembah sira Pranaraja matur: ‘ Singgih pukulun andhika, paduka Bhatara, apekik

pekik ing rupa. Sama wani wani sira kalih, anghing pukulun upaman ira kadi

wuwudhun munggwing nabhi, tan  wurung sira amatyani ri puhara’. Meneng

talampakan ira Bhatara, sangsaya karasa atur ira Pranaraja.



Runtik Sang Apanji Tohjaya, teher angundhang ing sira Lembhu Ampal. Kon

anghilangaken ing R, aden kalih. Andhikan ira Panji Tohjaya ring sira Lembhu

Ampal: ‘Mon luput den ira ngilangaken ing ksatriya roro iku. [28a] Ko dhak

hilangaken!’ Duk sira Panji Tohjaya aken angilangana ri Raden kalih, ring sira

Lembhu Ampal, hana wonten brahmana sedhang hanangka paheni, ring sira Panji

Tohjaya. Awas den ira Dhanghyang angrengha, yan Raden kalih kinen hilangakena.



Awelas sang brahmana ring raden kalih. Awelas yen sira Lembhu Ampal kang  kinen

angilangakena. Yen luputa  kalih, kaki sira puniki, den ipun Lembhu Ampal. Pun

Lembhu Ampal gumanti hilangaken den ira Sri Maharaja’.



Lingira Raden kalih: ‘Aron ta sira kaki, asonetana rumuhan.’ Pinariringaken

manawi brahmanan ira adwa. Yata Raden sama maring sira Panji Patipati.



[28b] ‘Isun asenetan ing umah ira. Anengguh isun harep hilangakena den ira

Bharata. Yen isun atut harep hilangakena, nora dosan isun’. Pinarurung aken den

ira Panji Patipati. Rahaden atut. Yen pakan ira ingilangaken pun Lembu Ampal

sinalahan.



Mangkin henak den ira senetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih, tan kapanggih.

Pinarurungaken tan hana parungon paran ira. Yata sinenggeh sira Lembhu Ampal

sakarahita lawan raden kalih den ira Bhatara. Samangka sira Lembhu Amphal

hingilangaken. Malayu asenetan tetanggan ira Panji Patipati.



Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen Raden hana ing panji patipati. Yata sira Lembhu

Ampal, marek ing rahaden kalih. Atur ira Lembhu Ampal ri[29a] ng 

rahaden:’Manira angungsi ring  paken ira pukulun. Dosan ira kinen angilangakena

ring pakan ira den ira Bhatara. Mangkin ta manira anedha cineran, manawi pakan

ira tan kandhel, den pakan ira henakane sira angawula ring pakanira. ‘Sampun

cineran, awatara kalih dina, sira raden Lembhu Amphal marek ing raden kalih.

Matur ing raden: ‘Punapa wekas ira rahaden pakan ira, tan wonten puharan ing

asenetan? Manira anudhuka wong Rajasa mene, sedhang ipun ababanyu. Tatkala sore,

anudhuk wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujar ing

wong Rajasa: ‘Wong Sinelir anudhuk ing wong Rajasa’. Watara kalih dina wong

sinudhuk den ira Lembhu Ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujare wong Sinelir.’



Wekasan atukaran wong Rajasa lawan wong Sinelir, rame aleng lengan. [29b]

Sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sira Panji Tohjaya, ingilangaken kalih

batur pisan. Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen wong kalih batur ingillangaken.

Mara sireng wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ling ira  Lembhu Ampal: ‘Yen sira

hingilangaken, angungsiya sira ring rahaden kalih sira, apan sama hana rahaden.’

Sanggup ing wong Rajasa, parekakena ugi Ki Lembhu Ampal, wong batur puniki

bhinakta pinituhan ing wong Rajasa parek ing raden kalih, atur ira wong Rajasa:

‘Pukulun pakan ira ya kita a[30a] kawula Rajasa.  Saandhika pakanira, pakanira

corana, manawi tan tuhu pangawulan ipun. ‘Paheya den ipun ira angawula, mangkana

wong Sinelir sama ingundhang pinituhan ipun.  Tunggal sanggup ipun lawan wong

Rajasa tur pinatut, kalih batur sampun kacoran.



Winekas mene sore, padha merene tur amawa sahayan ira sowang sowang. Pada

ambarananga ring Kedhaton, sama amit mantuk, wong Sinelir lawan wong Rajasa,

katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya. Sama marek ing hayun ira

raden kalih. Sama samo, annuli mangkata mbaranang mareng jro kadhataon.





Yogha kagyat sira Panji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan, marin

ing geger, rinuruh den ing kawulan ira. Pinikul pinalayoken [30b] mareng Katang

Lumbang. Kang amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Ling ira Panji Tohjaya

ring kang amikul: ‘Beciki gadagta katon pamungkure.’ Sangkan ing tan awet ratu

dene silit iku. Rawuh sireng Katang Lumbang mukta ta sira. [30b] Anuli 

dhinarmme Katang Lumbang. Linan ira isaka 1172.



Tumuli sira Ranggawuni angadeg ratu, kadi nagha roro saleng. Lawan sira mahisa

Campaka, sira Ranggawuni, abhiseka Bhatara Wisnu Wardhana karatun ira. Sira

Mahisa Campaka dadi ratu Angabhaya, abhiseka Bhatara Narasingha. Atyanta patut

ira tan hana wiwal.



Bhatara Wisnuwardhana angadegaken kutha ring Canggu lor isaka 1193.  Mangkat

sira amrep ing Mahibit, anghilangaken Sang Lingganing Pati. [31a] Sangkan ing

mahibit alah, lan engon wong, haran sira Mahisa Bunghalan, panjeneng ira Sri

Ranggawuni ratu. Tahun moktan ira 1194. Dhinarmma sira ring Jajaghu. Sira Mahisa

Campaka mokta, dinarmma ring Kumeper. Pamelesatan ira ring Wudhik Kuncir.



Sri Ranggawuni atinggal putra lanang, haran Sri Krettanagara. Sira Mahisa

Campaka, atinggal putra lanang haran Raden Wijaya.



Siraji Krettanagara, sira anjeneng Prabhu, abhiseka Bhatara Siva Buddha. Hana ta

wong ira, babatangan ira bhuyut ing nagka, haran Banyakwide.Sinungan pasengahan

Aryya Wiraraja. Arupa tan Kandhel den ira, dinohaken. Kinon adhipatya ring

Sungeneb, angher ing Madhura Wetan.



Hana ta patih ira duk mahwa anjeneng ratu, apuspathaa sira Mpu Raganatha [31b].

Nityasa angaturi rahayuan ing tuwan, tan kadhep den ira Sri Krettanagara.

Sangkan ira Mpu Raganata asalah linggih. Ginanten den ira  Kebo Nengah Sang

Apanji Araghani. Sira Mpu Raghanata gumanti dadi adhyaksa ring Tumapel.



Sapanjeneng Sri Krettanagara, anghilangaken kalana, haran kalana, haran bhaya.

Huwus ing kalana mati, angutus ing kawulan ira, angadona maring Malayu, sumangka

akdhik kari wong Tumapel, akeh kang katuduh maring Malayu. Sri Panjiya Raghani

angateraken mangsul I Tuban. Teka ring Tumapel Sang Apanjiya Raghani angatur I

tadahan prati dina. Akasukan Siraji [32a] Krettanagara.



Hana padhawalan ira lawan siraji Jayakathong ratu ring Deha. Pinaka musuh ira

siraji Krettanagara. Kemper panghala desan ing satru. Tan benget yan wonten

desan ira. Sira Banyakwide atuwuh  patang puluh tiga duk Samalayu. Amitra lawan

siraji Jayakathong. Asura wehana kenkenan saking Madhura sira Banyakwide

apasanggahan Arya Wiraraja. Mangkana siraji Jayakathong ahutusan maring Madhura,

sira Wiraraja akirim surat dhataang ing siraji Jayakathong. Unining sawalan:

‘Pukulun patik aji matur ing padhuka aji, anenggeh padhuka ahyun abuburu maring

tegal lama, mangke ta paduka aji abuburu aduweg kala desan ipun. Tamboten

[32b]wonten bhaya, tamboten wonten macan ipun, tamboten bantheng ipun, lwah ulan

ipun, rin ipun. Wonten macan ipun, anghing guguh.’

Sang apatih tuwa sira Mpu Raghanatha, kang ingaranan macan guguh, apan sampun

atuha.



Samangka siraji jayakathong mangkat marep ing Tumapel, sanjata kang [32b] saka

lor ing Tumapel, wong Deha naghala hala, tunggul kalawan tatabuhan penuh. Rusak

desa sa lor ing Tumapel. Akeh atawan kanin kang amaprang aken, kang sanjata Deha

kang amargga lor mandheg ing kameling.



Sira Bhatara Siwa Buddha pijer anadhah sajeng. Ingaturan  yan pinrep saking

deha, apahido sira. Lagi amijilaken andhika: ‘kadi pira siraji [33a]

Jayakathong? Mongkono haring isun? Apan sira huwus sapakenak lawan isun.’ Duk

ingaturaken kang atawan kanih, samangka sira mintuhu.



Samangka Raden Wijaya tinuduh amaguta sanjata kang saka lor ing Tumapel,

ingiring denira Aryya Dhikara sira Banyak Kapuk, Sira Rangga Lawe, Sira Sora,

Sira Podhang, Sira Dangdhi, Sira Gajah Pagon, anak ira Wiraraja haran sira

nambhi. Sira Peteng, Sira Peteng, Sira Wirot, sanjata abecik becik. Sang

anangkis sanjata Deha, abubuhan lor, sama amuk rampak, kapalayu kang yoddha wong

Deha kang metu saka lor. Tinut binuru denira Raden Wijaya. Dadi tumedhun sanjata

agung sakeng Deha. Kang saking pinggir aksa anujwing lawor, tan wineh umunga,

tan amawa tunggul, nguniweh tatabuhan.



Teka ring Sidsdhabhawana, anjujug ring Singhasari pisan. Patih ring [33b] Deha

nira Kebo Mundharang, Sira Pudhot, Sira Bowong pinaka dining sanjata Deha saka

kidul.



Sedang ira Bhatara Siwa Buddha anadhah sajeng lawan apatih. Dok sira kaparajaya,

sama sira angemasi. Sira Kebo Nengah apurih mati ring manguntur Raden Wijaya

sira tinuturaken mangalor. Ingaturan yan Bhatara Siwa Boddha mokta den ing

sanjata Deha nedhun I saka kidul. Pun  patih tuwa sampun angmasi, sama umiring I

talampakan ira Bhatara, samangka Raden Wijaya umungsi ring sawah miring, paksan

ipun Kebo Mundarang aneduka ring buntal.



Raden Wijaya amancal ….tidak terbaca….Kebo Mundarang, teke mukan ipun kebekan

ndut, mundur tur angucap: ‘Uduh tuhu yan dewa sipakan ira raden.’



Samangka Raden Wijaya adhum lancingan giringsing, ring kawulan ira sawiji

sowang. Ahyun sira angamuka, kang dhinuman, Sira Sora, Sira Rangga Lawe, Sira

Podhang, Sira Dangdhi, Sira gajah.



Sira Sora anempuh, akeh long ing wong Deha, atur ira Sora: ‘Mangke pangeran

pakan ira nempuha. Kadesan ipun mangke.’ Anempuh Raden Wijaya, mangkin akeh long

ing wong Deha, tur mundhur, kahalangan wengi. Tumuli akukuwu [34b] sedang sirep

ing wong. Tinut ingamuk manih den ira Raden Wijaya. Samangka bubar wong Deha, 

akeh wong kena ring tumbak ing sama rowang ipun. Ariduh awor pajenging wong

Deha.



Wanten ta putrin ira Bhatara Siwa Buddha sama istri kalih siki, jaga

panggihakena lawan Raden Wijaya den ira Bhatara Siwa Buddha. Kalih sira kajarah

dening wong Deha. Sahaden  ing stri sira sanh anom apinah lawan sira sang

panuha, tan tunggal paran ira malajeng. Wet ing Deha tar idhu den ing pangamuk

ira raden Wijaya kalaning wengi. Wonten ta baleman ing wong Deha, murub ageng

murub ipun, kapanggih den ira stri panuha irika. Katinghalan sira den ira Raden

Wijaya, henget yan raden yayi stri panuha …….tak terbaca… Raden Wijaya, tur

angandika ring sira [35a] Sora: ‘Lahwa angungsed kang amuk manih, palar katemuwa

yayi sira sang nom!’ Matur sira Sora: ‘Sampun dewa, apan siraji pakan ira panuha

sampun kapanggih, pira si katah ing kawula pakan ira kipugi?’ Sahur ira Raden

Wijaya: ‘Iya den ira iku.’ Samangka sira Sora matur manih: ‘Duweg pukulun, pakan

ira mundura. Apan yan amaksakena, angamuk, pirantuka? Laheng lamun sira rayi

pakan ira anom Kapanggih, yen tan kapanggih, kadi lalaron anggepok dhamar.’

Samangka sira mundur. Rahaden yayi stri sira ing amban, saratri sira lumaku

mangalor. Esuk sira tinututan den ing wong Deha, katututan sira kidul ing Talaga

Pager. Wong ira sama aganti angareni [35b] aprang angandheg ing wong Deha.



Sira Gajah Pagon katumpak pupune trus, anghing kawasa lumaku. Andhikan ira raden

Wijaya: Gajah pagon kawasa sira lumaku? Lamun tan kawasa lah pada angamuk.’

‘Kawasa manira Pangeran. Anghing alon alonan.’



Wong Deha tan patya den ipun anut ing sira, awekasan angsul ing Talaga Pager.

Raden Wijaya mawelas kalawan kawulan ira sakeh ing angering. Sama aganti hemban

ing raden yayi stri’  wekasan kawulanira abhawa rasa, anggun I ta tingkah ira

Raden Wijaya. Sampun putus ing sabda, sama akambalan atur: ‘Pukulun, atur ing

kawula, paran ira samadhaya. Punapa ta kawekas akan ira puniki? Angayam alas,

kahyun ing kawula pakan ira samadhaya apened yan pakan ira dhatanga ring Madhura

Wetan! Pakan ira  angungsiya ri [36a]ng ipun Wiraraja. Palar kena pakan ira para

sraya.  Kadi pira, tanpawilasa. Apan marggan ipun agung, denira sira rama pakan

ira. Sira sang mokta  kakang ira Raden. I ya iku lamuna wilasa. Mon tan awilasa

akeh den isun amireng.’ Sahur ira Sora, sira Rangga Lawe, sira Nambhi, sama

akedha sahur manuk: ‘Pukulun, kadi pira pun Wiraraja palinga pangeran? Yata

sangkan ira Raden.’ Na hidep ing atur ing kawulan ira. Sah sira saking jro alas,

teka ring Pandhakan.



Maring buyut ring Pandhakan haran Macan Kuping, Rahaden Wijaya sira amalampah

dhuwekan, ingaturan, tinadah toyanipun. Dhuk binunceh hesi sekul putih. Agawok

kang tumon. Ujar ing wong palag dahat. Apan tan hana du [36b]wekan ahisi sekul.



Sira Gajah Pagon tan kawasa lumaku, andhikan ira Raden Wijaya: ‘Bhuyut ing

Pandhak, isun atunawa wong sawiji. Gajah Pagon tan kawasa lumaku. Didine ring

sira.’ Ujar ing wong Pandhakan; ‘Dhuh gawe hala si pukulun. Yan kapanggiha iriki

pun Gajah Pagon, masa wantena kawula samering Pandhakan. Ingucap kahayun ing

kawula, didin ipun wonten ing kubon alas, pangaritan ing alalang, binungang ing

tengah, pinakaryyaken gubug. Asepi tan [36b]wonten kawula mapeksa. Kawula

Pandhakan asunga tedhan ipun nagken dina’. Kantun sira Gajah Pagong. Raden

Wijaya annuli maring Bhatara memongi. Tekeng Dhatara numpak ing perahu. Sanjata

Daha mantuk. - 

nyuwun pangapunten lontar meniko dereng rampung dipun serat


AJARAN SEJATI WONG JAWA

TANTUPANGGELARAN

Om awighnam asthu!

Nihan sanghyang tantupanggelaran
Kayatnakna de mpu sang hulun
Sang maharě pāwruherika
Ndah ndah pahenakta ng dénta mangrěngö.

Ri katgari ta neka nusa jawa ri kasitkala
Iki manusa tanana
Nguniweh sanghyang mahāméru tan hana ring nusa jawa
Kunang kahananira sanghyang mandalagiri

Sira ta gunung mageng maluhur pinaka lingganing bhuwana
Mungguh ring bhumi jambudhipa
Yata matangnyan ing gang eng gung ikang nusa jawa
Sada kala molah marayegan,

Apan tanana sanghyang mandara parwwata
Nguniweh janma manusa
Yata matangnyan mangadeg bhatara jagat pramana
Rep mayoga ta sira ring nusa jawadhipa,

Lawan bhatara parameswari
Yata matangnyan hanari de hyang ngaranya mangke
Tantu bhatara mayoga nguni kacaritanya
Malawas bhatara manganaken yugo,

Motus ta sira ring sanghyang brahma wisnu magawe manusa
Ndah tan wihang hyang brahma wisnu
Magawe ta sira manusa
Lmah kinempel kempel nira ginawe nira manusa,

Litu hayu paripurnna kade rupaning dewata
Manusajalu ulih sanghyang brahma gawe
Manusa istri sanghyang wisnu gawe
Priya litu hayu paripurna,
Yata matangnyan hana gunung pawinihan ngaranya mangke
Tantu hyang brahma wisnu magawe manusa kacaritanya
Pinatmoken pwa hulih hyang brahma wisnu magawe manusa
Sama hatut madulur mapasih pasihan,

Manaktaya, maputu, mabuyut, mahitung, munihanggas
Wrddhi karmma ning janma manusa
Ndah tanpa humah taya
Lanang wadwan mawuda wuda hanengalas,

Hanikes tukes hanggas
Apan tanana pagawe holahnya
Tanana tiniru tirunya
Tanpa kupina tanpaken.

Tanpa sampur sampur
Tanpa basahan
Tanpa kendit tanpa jambul
Tanpa gunting,

Mangucap tan wruh ring secaranya
Tan wruh ri rasahanya
Sing rondon mwang wohan pinangannya
Mangkana ulah ning janma manusa ring usana,

Yata matangnyan mapupul mapulung rahesang watek dewata kabeh
Manangkil ri bhatara guru
Tuwan bhatara jagatnatha manuduh watek dewata kabeh
Gumayakna kata twapratistha ri yawa dwipantara

Na ling bhatara mahakarana
Anaku kamu hyang brahma
Turuna pwa ring yawadhipa
Panglandepi perang perang ning manusa,

Lwirnya; astra, luke, tatah, usu, prekul, patuk
Salwirring pagawayaning manusa
Kita mangaran pande wesi
Kunang denta manglandepanastra,
Ana windu prakasa
Mpune sukunta kalih mangaptia mabuka
Paradaken tangayah sarasantana
Malandep tangastra dene mpune sukunta kalih,

Matangnyan mpu sujiwana ngaranta pande
Apan mpune sukunta menglandepi ayah
Matangnyan mpu ngaranta pande wsi
Apan mpune sukunta sarana,

Samangkana pawekasangku ring tanayangku
Muwah tanayangku sanghyang wiswakarma
Turunpwa ring jawadhipa
Magawe umah tirunen mring manusa,

Tinher ngarananta hundahagi
Kita tirunen ing manusa
Magawe yumah
Kita ngaran hundahagi.

Kunang kamu hyang iswara
Turunpwa ri yawadhipa
Pawarah warah tikang manusa
Warah ring sabda wruhanya ri bhasa,

Nguniweh warah ring dasa sila
Panca siksa
Kita guruwa neng rama desa
Matangnyan guru desa ngaranta ring yawadhipa.

Kunang kamu hyang wisnu
Turunpwa ring yawadhipa
Kunang pituhun sawuwusta deneng manusa
Sapolahta tirunen deneng manusa,

Kita guruneng janma manusa
Amawa rat kita naku.
Kunang kita hyang mahadewa
Turunpwa ring yawadhipa,

Mapande mas
Pagawe anggonagening manusa.
Bhagawan ciptagupta manglukisa amarnna marnna halengkara
Sakarupaka ricipta,

Masarana mpune tanganta,
Matangnyan mpu ciptangkara ngaranantang lukis.
Samangkana pawekas bhatara guru
Ring dewata kabeh,

Yata sama tumurun maring yawadhipa
Hyang brahma pande wesi
Inarsayanira tang panca mahabhuta
Lwirnya; prethiwi, apah, tejo, bayu, akasa,

Ikang prethiwi pinaka parwan
Apah pinaka capit
Tejo pinaka hapui
Bayu pinaka hububan,

Akasa pinaka palu
Yata matangnyan hana gunung brahma ngaranya mangke
Tantu hyang brahma pande wesi nguni kacaritanya
Yata tkaning mangke palu parwan sawit ning tal gongnya

Susupitnya sapucang
Hyang bayu mtu saking guha hyang agni hana rahina wngi
Apan tantu hyang brahma kapandewesi kacaritanya.
Turunta bhagawan wiswakarma

Hundahagi magawe yumah
Maniru niru tang manusa magawe yumah
Pada taya momah omah
Yata hana desa ring mdangkamulan ngaranya mangke,

Mulaning manusa pahomah homah nguni kacarintanya.
Tumurun bhatareswara marah marah manusa ring shabda rahayu
Nguniweh ring dasa sila panca siksa
Sirata guru desa panenggah ring kana,
Jeg tumurun bhatara wisnu kalih bhatari sri jeg ratu saking awangawang
Angaraning tanana
Wangaraning maruhur
Hyang mangaraning bhatara,

Matangnyan ta rahyang kadyawan ngaran bhatara wisnu
Sangkanyawan ngaran bhatari sri
Ri nagara ring mdang gana
Apan mulan ilaning nagara kacaritanya nguni,

Apan sira amarah marah ring manusa
Yata wruh mangantih manenun
Makupina madodot mapatapih
Masampur sampur.

Bhatara mahadewa sira tumurun mapande mas
Bhagawan ciptagupta sira tumurun anglukis
Kaucapa ta sira hyang kandyawan manakta sira limang siki
Sang mangukuhan anak panuha,

Sang sandang garbha panggulu
Sang katung malaras panngah
Sang karung kalah kakang ring mamungsu
Sang wrtha kandayun pamungsu.

Rep tka ta wahana bhatari sri
Manuk patang siki kwehnya
Lwirnya; kitiran, puter, wuru wuru spang, dara wulung
Binuru denikang pancaputra,

Katututan tumap ring warwang
Diniwal ta de sang wrtha kandayun
Ruru tlih tikang manuk
Ikang kitiran mesi wija putih,

Dara wulung mesi wija hireng
Ikang wuruwuru spang mesi wija mirah
Ikang puter mesi wija kuning
Mrebuk awangi gandhanika,

Harsa tambek sang panca putra
Ginutut nira tlas
Yata matangnyan norano wija kuning
Tamape tkaning mangke,

Apan henti ginugut sang panca putra
Sang mangukuhan sira mangipuk
Ikang wija putih hireng
Yata dadi pari tamapi tkaning mangke,

Kunang kang wija kuning kulitnya pinendem nira
Matmahan kunir
Yata gnepikang wija catur warna
Tamapi tkaning mangke.

Kunang ka ucapa ta sri bhatara mahakarana
Magawe tantu mratestari yawadhipa
Tuminggalakna tantu hyang


KUNJARAKARNA DHARMAKATHAKA




Awighnam asthu!

[Pupuh 1]

Sang diramriha yuda ring rana tapa brata makalaga wira sadripu
Lagyabyuha samadi tatwa guna wahananira karunadi dharana
Samudra dwaja singhanada japa mantrawara danu acintya bhawana
Bodhijnana sarotamangilangaken ripu makapala dharma sunyata.(1)

Saksat murti bhatara sakyamuni marawijaya sira sang samangkana
Manggeh manggala ning mango pranata baktya sikara ri lebu ni jongnira
Stutyangken pratima pratista ginelar makuta widi winijan aksara
Inyang ni ngwang amoga tan saha sake padanira mara janma ning hulun.(2)

Lawan dening angarcane pada bhatara sugata pinakesti dewata
Nirwigna ngwang amarna marna miketa ng carita nira n adharma desana
Angken camani yanira kasakena kastawanira pinawitra ring jagat
Panggil rakwe wenang pangahwata ri janma ning ajar ajar angregep lango.(3)

Ndan sambodana ning hulun ri sira sang kawi nipuna pinandeleng lango
Ndatan kojara salpakangidan idan ngwang angiketa kata palambanga
Tan sangke wihikan tuhu n mangiringeng gati para kawi matra ring lango
Tan samwas pwaku rasa ng awruh apa tan kawiku mapi durung wruh ing krama.(4)

Sotan ta ngwang apunggung ngatpada mango patitut I dang akirti bhasita
Tonen lwirnya irim irim ya masaroruha ring apa ya sadya tunjunga
Mangka teki aturnya tan sasiringeng para kawi samaniwya ning lango
Nging teki inantusariwa riwangiketa carita de kawiswara.(5)

Wanten kunjarakarna teki pangaranya carita ya ta dadya padika
Ndan wyartenapus ing kadi ngwan adusun wipala kadi mahapupu areng
Simbanten maka away ning carita mangkin amuwuhi paninda ning para
Wyaktinyamuhare kilasyakarananging apura niki de mahajana.(6)

Sri wairocana purwa ning carita kalanira pinarek ing watek sura
Ngkaneng bodhi wihara nirmala samangkana ta sira n adharma desana
Aksobyadi sa bodhisatwa pariwara marek I sira baktya mursita
Mwang sakweh para bajrapani suranata yama baruna len danadipa.(7)


[Pupuh 2]

Bharalya pratisara labda samaya
Sudharmadika tatwa sampun katama
Wekas ning paramarsi ko wus kaidep
Warah sri sadabijna karunya maya.(1)

Telas rakwa bharalya muja pratama
Matengyan hyang anukrama yajna marek
Sawang wrestyamreta ng sudharma srawana
Awas lwir trena budi ning hyang masawang.(2)

Uwus pweki dinesanan dharma kabeh
Tekap hyang jina tusta arsa n rumenga
Padangarcana sadare sri sugata
Byatitan yryulih ing watek hyang sakala.(3)


[Pupuh 3]

Ata kunjarakarna carita matapeng wara merugiri
Pinakagra tapodara tan alupa ring sugata smarana
Maka sadanayogyanira sapala wirya sira dyanira
Tuwi raksasa rupa pinaka mala hetu nira n patapa.(1)

Ana tika ri lambung ing acala gihasramana purwa muka
Angungang jaladi prasama kadi tapowana ring gagana
Sah ikang kusumang jrah aparimita sarwa palanya n ateb
Pandan ika tan pegat asira siran kadi tan lewasa.(2)

Ri ujung ujung ing barang areja mangungkul anong jurang
Matedun tedunan banu kumusuha ngosa umung umuruh
Asurak lwir I camara nika magirang girang adres angin
Anangis mara cataka nika anamer bramiteng gagana.(3)

Wruh agong prih ikang giri wana kayu teja samasrji sinang
Teka ning kayu simbaren aniru wibhusyangene wit ika
Akalung kalung adwad araras agelang gelang arja kuning
Ana wreksa kauntat amarep I rikang walikadep I sor.(4)


[Pupuh 4]

Sawang sri ratna lwir ning acala lengong leng leng alango
Asinjang jrah ning padapa uwus aganda sekar arum
Ganara wastranyeki putih ana wangwang lwir aseti
Sa witnya ersalyabharana nika tejakara kara.(1)

Raras ning kambang pahyas iki n awuwuh rum ayu tinon
Bangun lila arsa n pasida lata manggep asila
Lengong rupanya dyah lalita mangsila toya walahar
Uyangga nyangrat karana ning apepel patra kasirir.(2)

Ana lwir srenggaranggagana lawanadridep anaka
Gereh mandralon pangarih arih ing sabdanya karengo
Kila ramyangde rasmi pangujiwatanya mrih akire
Melut malang sor wangkawa nika tekanumbana banu.(3)

Katon matra jro pambekan I banu ning parwata nadi
Arengwangimba lwir alis ing anuker wahu kawawa
Kapingsel wah ning nyu gading apingiteng mwang jala bapa
Ri sah ning mega pinda mawuda wuda wreksa katilar.(4)

Alum anglih tang padapa lesu katiksnan dinakara
Tusarangluh hisnya bramara manangis mer kalemahan
Sawang rah ning sinyang drawa marata I hyang nika
Mabang tumungkul tungkul merak nika mapa tikang wastu dinu.(5)


[Pupuh 5]

Tuhu marayan wisesa giriraja saka awan angasryeng lango
Upasama tingkah ing tahen atangkil apageh apa tan salah bawa
Pranata manganjali lwir I sulurny sahaja marek mangaras lemah
Pareng antur sekar bujaga puspa surabi saha soka campaka.(1)

Arena apawahan gading ikang tirisan amawa mancung angligas
Jalada ri agra ning gger angunggul amisah asawang payung putih
Kaadanga sangga ni swara ni sangka nika umung I sanding ing manuk
Kadi ana babwahoma titis ing jurang anekar ura sekar tiba.(2)


Wara awan ing wanasrama tinunda pinarigi inam balan watu
Sana sini banjaran sekar arum sedeng ameweh angambwaken lango
Cara cara andwang asela kayu mas kayu puring acelek putih
Parijata masridanta jagasatru pinada pada len sekar kuning.(3)

Pada tan asor sekar ning asanasinang akuning apendat ing kuning
Wija apajong kuning kunang ikang kusuma mekar ateb pada kuning
Teka ni manuk nika kuning ikang kapudang anakeb binyawah kuning
Tuhu laku ning aneng gunung awarna kasih arep anganjaran kuning.(4)

Palani pararyanan ana mahanten apatiga leyep kadi tulis
Atur ika sopacara taru sarwa pala kusuma ramya len pucang
Ujungan I patra ning pisang alas bangun aharyangaptyaneng mara
Banu tan adoh ri sor titir angertali galita sakeng ruhur wukir.(5)

Kidang adulur laki atryasemu polah ing atawa lawan maring wukir
Liring I matanya lenjep amanis kadi mangatag araryaneng priya
Gadung awilet silih tekula lungnya lwir atuduha marantya ring bukur
Bangun amedar tenga pupus ikang lirang aputih anangki kung lulut.(6)

Apan ika ratwa mandaragiri prakasita pinakadi ning wukir
Satata saba watek hyang awilasa dinulur ikang apsarapsari
Karana ning adri ramya racananya n aniluman anopameng lango
Abhinawa toya nirmala ri srengga ana ranu patirtan utama.(7)

Apituwi srengga ning giri sumeru ibek atapa resya tut geger
Saduku dukuh katon atepi I rangkang ika petung aneka warnana
Ana tang inantya kapti n aketeb keteban atap inutameng ajong
Ana kumukus pilih rata pagan nya semelang akulub kulub gangan.(8)

Ika ta alebnya sor tekap ing asrama patapanirang mahasura
Wiwara silaputih kadi tutuk nikang acala sumeru katra
Arata wisala marsik akila spatika wengi jugyayapadang
Banu tumedun sake ruhur angungkul I wiwara tiba mareng jurang.(9)

Yatiwara kunjarasura aneng wiwara sedeng ayoga dharaka
Asila subada lagyangisapu tangan alih amitaba laksana
Pinaha bener sariranira niscala n umulat ing agranasika
Mari tan asatwa datu kaidep wimala waluya jati sunyata.(10)

Kramanira raksasa ndan iki laksananira tuhu bhawaning wiku
Teher akalung ganitri magelang gudu arahat ing ambaratenga
Paragi tengo sinampataken utama saliru n atengwa ring manah
Kadi makuta jatangalap ulah sang ataki nisparigraha.(11)

Ri uwus nira samadi suka lila larinira mijil saking giha
Bramita wulatnireng jaladi ramya ri sisi kateking tengah leyep
Wekasan awarna misra lawan ambara lengis aireng katingalan
Linawe lawonira n kadi wekasing ahuripana nistya nispala.(12)

Ksana umenong sirasemu wirang rwang anuluy I manah panas bara
Gumunita gupta ring twas awiweka satekapan ikang nayotama
Tan alawasa ng prayojana tumemwa wibawa tuwi marya raksasa
Karananiraki marek anembaha ri pada bhatara gotama.(13)


[Pupuh 6]

Sang ugratapa sigra mangkat aawan wiyat nirbaya
Anan kadi kagendra manglayang ing agra ning parwata
Swabawanira yaksa sakti madulur prabawadbhuta
Prahara kumusuh tekadres amusus tahen ring wukir.(1)

Lepas larinirangidul tucapa tang saka tungkulan
Pradesa mapatungga tunggalana kanda kandalango
Tekeng wukir alasnya kubwan areneb gagatut iring
Pucang tiris anarya n arneb atata tahen wawahan.(2)

Geger pangalusan anar tinaruka pramaning jurang
Uwus tinapak ing wanagni sawangwa natarnya gesong
Duduk teka ring agra makerep atumang arengnyapupul
Sela kumalasa putih rengat areka rekasta.(3)

Ikang gunung arong katon ana I sor giha lwir gedong
Parang nika sumong kajong kadi masong winongwo mara
Sirobwan umulat padamawa wajong kajongkong tiba
Abong umuni kagyat awri ginera nikang mong alon.(4)




Ao odeng aputih way ing walahar embuh akweh gunung
Sawang apalika marga suda lumarap banunya laris
Tutug teka ti windya parwata padangawetan lepas
Tumampuh I giha nikang jaladi gurnitagenturan.(5)

Rereb sinawaweng riris kila aliweran abrasinang
Suteja dumilah prabawanira kunjara wyomaga
Badanaha naha ng mulat kaburengang tumengeng langit
Mapindah I kiling nikang wang apa tan ana mangkana.(6)

Tiningalanirabaro giri sumeru lambwang kidul
Bangun sira sinambraneng alas akon mararyana
Umuni swara nikang manuk wija wijah lwir aswagata
Lutung nika lumumpat agya susugun kadi ksepa ya.(7)

Bawisyati katon kretabhinawa tang wiharahalep
Agopura suwarna ratna mapucuk manindrarjana
Ndatan pagati tang diwangkara sasangka kirang irang
Tekapning atibhaswaraneleh I bapra sudakila.(8)

Wawang sira tekeng wihara wara bodhicitamah
Tumunten umarek kretanjali ri paduka hyang jina
Wruh ing paramadewa karsana wisesa oujastuti
Ya karana bhatara tusta tumuluy manantwe sira.(9)

Wekangku tija bagya sang tapa marek ri jong ning hulun
Ndya donta laki yan pariya kumapa pinintana ku
Uwus wruha aku yan tarak brata tapanta nguni ng wukir
Usen tepetaken juga prih ikanang kayogiswaran.(10)

Na lingira bhatara buddha sumahur ta sang tapasa
Bhatara uningan nghulun warahaning sudharmadika
Mara n sapala janma marya makajati yaksa kreti
Apan pisan ingu manemwakena wirya dewa prabu.(11)

Muwah mapa ta wastu sambulih I janma ning rat kabeh
Nimita nika yan ana ng tumemu duhka lawan suka
Lewes mara ri tan padanya ana kasyasih mwang sugih
Pitowi ana purna rupa sawanih manandang mala.(12)

Nahan patana sang tapasura rajanira hyang jina
Pradipta rawi tulya rakwa karuna n bhataring jagat
Ya karana ni buddhi sang yati mekar sawang pangkaja
Alepnya kahatur mareng pada bhatara tustamuwus.(13)

Ya teka laki janma mulya mangaran pawitreng jagat
Ri denya n aharep ri dharma tuhu sadu labdeng ayu
Apan sipi ketang awas wihikaneng rusit ning dadi
Amengpenga ri kala ning urip angistya dharmotama.(14)

Ana wruh ika diwya ning paramadharma yan gegwana
Tatapi tida pucca tan arep asakwaneng pandita
Piye jenek amukti wirya kasukan ginanyeniwo
Malangnya larapanya wismreti jadeng sudharma krama.(15)

Swabawa nikanang laler maarep ing kudis rah kanin
Purisa mahaha sregala bawi gagak apti ng daging
Sukar wyasana kapti ning wang atimuda murkawero
Sudharma hita kahyun ing paramasadu tan gong galak.(16)

Ana wang awamana lingnya ta ya dharma ning dewata
Anagata nika gawe ala ayu naya donya n temu
Nihan sanusa drewya ning hyang alapenku nora n ulah
Pitowi nika drewya ning wang aparan kawedya ri ya.(17)

Ikang wang awamana mangkana pegat idepnyeng ati
Ndatan tuhu pegat kasanpaya nikawero kewala
Lehong gati nikang tahen sapadi janma matadama
Apan dadi lepas pratistanen I mantra sang panita.(18)


[Pupuh 7]

Apan durlaba tang dadi wang inusir ning sarwa baweng jagat
Yadyan manusa durlaba wang atemah jalwamiseseng priya
Yan jalwa ika durlaba wang atemah widwan susila pageh
Yadyan pandita durlaba wihikaneng widya kriyadyagama.(1)

Yadyan wruh wruha ring kriyagama tuhu n sang wruh ring arsa rusit
Yadyan wruh wruha rakwa meweh ikang utsaheng samastagama
Sang sireng sakalaga marusit ikang nitya marah ring jagat
Yadyan majara ring jagat sang arep ring dharma meweh dahat.(2)

Putrangku pwa pawitra dharma kaareptanging wekasku n idep
Konkonen rumuhun kitanaku laku n prapteng kawah hyang yama
Donanta wulateng samasta gati sangsareng kawah pataka
Salwirnya n tanaken ri sang yamapati yyantuk tatakwajara.(3)

Lwambektanaku away sangsaya mene waswas juga ng pataka
Rapwan teki tepet kite sarasa ning dharmapageh niskala
Apan byakta panonta duskreti nikang sanjiwa satwadama
Sigra tanaku mangkatastu kita nirwignan kuminkin ayu.(4)

Ngka sang kunjarakarna mangkat I uwusnyamwit ring sanghyang jina
Sotan raksasa sida dharma sumilem ing samudralaris
Prapteng bayu catuspate tengah ikang pat marga mandeg laku
Wanten buta si kala gupta kadunung kalih lawan aliskala.(5)

Yekanantwa ri kunjarasura paran donta parangke laki
Lawan syapa ngaranta toh warahaken wak jatya aywakalib
Apan ngwang rwa rumaksa marga dateng ing swarga lawan rorawa
Akwiki n matuduh sira karma nikang atma henu paranyandunung.(6)

Mojar sang tapa tandwa majar irikang bhuta ngemit ring awan
Ngwang sang kunjarakarna teki pangarankwing rat maharaksasa
Sanghyang sri gana sanmatinghulun akon prakteng bhatarantaka
Nahan don ku datong tuhu n warahaken ta marga mangke n tuten.(7)

Lawan teki warah nghulun ri paraning marga natur dikwidik
Ndya ng atma maliwat awan mapa lika lwirnya n padudwan henu
Ah mangka pwa tananta majarakena ngwang yan kita hyun wruha
E sang kunjakarna rengwakena tah sabdangku yatma kita.(8)

Ring purweswara marga yeka awan ing sakti ng tapa mwang brata
Na lor ing ariloka marga awan ing sura taping paperangan
Kulwan marganira ng maha mara awan sang danasureng jagat
Ndan ring daksina tang yamalaya henu ning papa mungsir kawah.(9)

Yeki n marga tutenta marsik agenet prapteng maharorawa
Aywalon apa yan samasta kalusan teking nilanda ngasut
Apan byakta pitung wulan lawas ikangher ta petong durgama
Towi n meh teka saprahara datenganya ngke gelis prih lajun.(10)

Sampun kunjarakarna niscaya laris ring marga lampahnira
Prapteng loka subumi pataka ngarantyanta ring lwa nika
Pinggirnyagni murub mider kumuliling tambaknya tan pantara
Madyanya n ana wreksa kadya mapalastra kweh sutiksnalungid.(11)

Ngkani sor trena kadga sarwa nisita n pringganya tan popama
Ndan rakweki paran watek yama balangge rek salwir ing pataka
Mwang sanggata kidul gunung wesi mahakrurantakangde takut
Molah lwir babahan umangkab amangan papapramea n remuk.(12)

Mango kunjarakarna yan lumihat ing bapapupul ring tegal
Kapwa cihna kaduskretanyan n acemor tan sobha dehakumel
Sangsara n kasihan lana sinakitan dening watek kingkara
Lwir burwan sahananya pinrih inirup ginerek mareng durgama.(13)

Abyuran malayu waneh silih idek resnyeng watek kingkara
Sakweh kwehnya bubar binurwa luluman kemput tibagenturan
Singsal bagna siwak sirahnya winadung lentang gulunya pasah
Mwang tang bina jajanya rantas apasah asusnya rantas wutah.(14)

Mancur muncar ikang winuk gigir ikang rangkung tangisnyandahung
Amelas arsa wuwusnya duh laki dudutang sula munggwing gigir
Beda ng papawasng dudut kadalurung penculnya tatan aris
Rek nges duh pukulun ndatan sipi laranya n mar jajangkwahenek.(15)

Wanten tatma pilih watek perang angunus wahwasnya nitnyenangen
Ndatan daraka yan binurwiniku ning bhutangusir sahasa
Yeka mangswaken ing watek yamabala kweh tang tiba wereg layu
Mwang kang mahiwa pulih tumut kataurag sulanya mulih dulur.(16)

Mangkin kroda maso watek yama balanggegwa stra dirga kreti
Lyus ndatan ana kari matra tikanang papawedi n kantuna,
Apan sing kawenang inosa niki jarinya n rimpung asangrepa
Mewawu lwang aneka ring sakapisan denyangabet pataka.(17)

Lawan tang kawenang anan kadi wiyung pinrih sinujwan wesi,
Sangsara n winatek tatan mati tehor yang rencalasanangis,
Kawelas arsa wanih inantepaken ing sulangrakangde takut,
Lyan tekang sinikep lanenadu wedus tendasnya sampun remuk.(18)

Paksi kadga sarosa sahasa tekangrenggut watek pataka,
Arsa n ton irikang samasta kalusagilan cedikakweh pegat,
Wanten rodra muwah watek yama bala swanasirah raksasa,
Yekanandak aganti ganti manesek lawan warahadbhuta.(19)

Mawereg tan wruh I polahanya malayu tang pataka mrih urip,
Ngos ngesen ya kawes pada kuyu kuyu genjor gupuh kanglihan,
Aswasadres angambek ambek alisus yambanya n asering tiba,
Kedek deni samanya papa kaluluh kepwan kawanti mingle.(20)

Towinyasa ni duskretanya gumawe n ton ring maricyahalep,
Wening ranwahening ri citta nika lumreng sor nikang padapa,
Hyunyeng wipra samaruhun ruhunan osyan mungsi hob ning kayu,
Tandwa n prapta kaandem ing trena taji terus ladi karurwan pala.(21)

Ngka tang raksasa bahni waktra sumuyug mangswanguyang pataka,
Brastasing kaparek bikal ginesengan ngundas babak len lucit,
Ruksabang mlekah sarira kumisik sandinya dening panas,
Sangsaranya tatan pejah tan ahurip glananggego duhkita aketor.(22)

Wanten papa binurwanambahaketor bawanya n amelas arep,
Ling nye duh pukulun manohta uripen weh janma janma n muwah,
Panggih ngwang maleseng ayu pranata baktyangken ri jong sang wiku,
Om mangke ya arep wiratya ri kapanggihnya n gawe mwing ala.(23)

Apan yan ku maweh anangkwa ta ya janmeng rat maluy duryasa,
Sirna ng dharma wihara sala kuti len salwir nikang dasana,
Syuhen ta buwanasta madya ya nimitangku n pramade ri ko
Oyuh lwambek ikang mahakalusa sulangkun teke ryanggamu.(24)

Tampuh ning wara sula ripya ikanang pappanerus ardalaris,
Mumbul rahnya sakeng kanin ana mijil sangke irung mwang tutuk,
Glanasamrih asamba sambeat apeye sabdanya dening lara,
Nahan hetu nikalayu sahananing pappawedi n kantuna.(25)







[Pupuh 8]

Ata sedeng alayu watek patakawereg tumon sirna rowang nya n akweh sinujyan ta

yeng sula singaryamet unggwan ahet hetan tang watek pataka wor desok tan wring

ratnyan silih tundung amrih tengah kedekan denning dulur ngka n pinancal

kabuncang cacal grana nika prameya n tibangangon angon jumongkong ma nonjol I

sor ning pakompolan ing rowang anging lamun tan katon dene soca nikang raksasa

migraha burwan ring watek pataka, ana ta ya mangusir gunung loha panggata mewi

wulaksa prakaranya sirna temah ning maha parwata lwir reach mombakan rah bangun

guntur angde takutning watek papa meh prapta ring parwata ngka n waluy mungsir

ing wreksa kadga pitowi n tinut den ikang kingkara kweh rapuh kang lihan prapta

ring wreksa kadga wagan terus ya dening trenastrangrep asambat sambat yrya nak

mwang laki stri bapebunya mangkin tangisnysru dening watek bhuta rakwa ngisu

wreksa bedanya ring papa rikana hob ning warastra druma, makakarecik ikang

palastra nibe tandas ikang mahapapa len pundak ing presta kadi lwirnya landak

jajanyeki sambar kacukcak getihnya sawang datu muncar kacurnan tekap ning watek

kingkara migrahane bawanya tan wring welas yar wunuh lwir ayam sing kabherawa

yanguhuh gora sabdanya mohapulang sonitabrange gel ramya ramyanyatunduk

sumandang ya yosus pupur nya n tahi lyan nanah bohan angremba rembat pukang

makin alara luyuk tikang pataka n ton ri rowangnya n akweh sinangsara dening

watek kingkara sangga mosya wasa n ambalung kanta len tang rumante tengah ning

watek papa nahan nikang tan kenamet awan minggat angdoha sangkeng ayah bumi nora

swamarganya papa n tinombok ring ng nyujwalagong ya hetunya ta pataka ngungsi

kiwulnya muk wuk watek kingkara kweh tiba kedekan wet ning awereg layu ngka n

silih rangkul amrih ta yarbut sikep sanjatagelut silih wor lawan pataka.(1)


[Pupuh 9]

Tatkala klesa ning kingkara gana kapahung dene kang patakamuk,
Tan wreng rowangnya keweran sinalesek inirup langguk astranya kabwang,
Akweh mamerep dulurnya ng angun angun anepak tang srengen kasereg opek,
Bonggan banggang jejek jongnya n akiyuk awales karwa sampun binuncang.(1)

Mangso tang bhuta wadwagalak angamah amah katarangrampakagya,
Mwang patwasambawa krura mahisa bhujaga wyagra matangga barwang,
Yekanir neng watek pataka kahala dawut lwangnya n akweh matimbun,
Sangsa ra papa metwang dalem manarawa yan tang rumungkung rumungkang.(2)


[Pupuh 10]

Ana rwang laksa kwehnya sinudukan ing sula madawa,
Pareng rincung lwirnya n banawa kajahat kandemanana,
Pinanggang ring bahnyujwala kasih arep lingnya karengo,
Pangempwan du sang kingkara bala maneh ta mpu uripen.(1)

Mawas tingal sang tapa sa kasihan ing pataka kabeh,
Kapingres awelas ta wenang asiha ring papa kahala,
Rumba romanya n pascat atutur I sih sang hyang I sira,
Ya hetunya n ambah ri sapara parah sri dasabala.(2)

Ahah sang hyang werocana wara dahat sihta sapala,
Pakon sang hyang prapteng yamani tuhubagya ngkun inutus,
Ya keweh ning janma n karaketan iking klesa wipala,
Nahan lwirnya na ngke pataka tumemu sangsara satata.(3)

Samangkamer sigra n laku kateka rakweng yama pada,
Kawahan ramyascarya sira mulat ing swarga subaga,
Alep ning nyasatyanta racana nikanopama lyep,
Agopunten wedurya mani maya puncaknya dumilah.(4)

Tuhu n tunggal dosanya n amiwalaken twas ning umulat,
Ri denya prabahnalaya tuhu ya tan santika pada,
Kawah tamrakweh gomuka ana riheng kadbhuta tinon,
Sinongan dening wreksa curiga palanyastra nisita.(5)


[Pupuh 11]

Prapteng jro pura sang tapangdunung I sang hyang antakapati,
Ngkane wesma suwarna sambrama bhatara rakwa matamuy,
Duran tan wruha jati sang datenga teki sakramanira,
Sampun pastyasegehniranukani kintu lingnira nihan.(1)

Bagya n kunjarakarna sang matapa ring sumeru himawan,
Ah noyeki parananta len mapa gawenta mas ku ri kami,
Swecang lilana arsajameng ameng ing yamanda bhawana,
Tambe yan mara ring yamalaya n ujarta sang kasegehan.(2)

Doning ngwang para sang hyang antaka kinon tumona kalusa,
Salwirnya n umidep samasta gati wigraheng yamapada,
Ndan sang hyang yama rakwa majora keneki karana nika,
Mangka teki wekas bhatara jina ring hulun ywa ginego.(3)

Sambadangkwiki yan kinon datenga ring yamantaka pada,
Nguni ngwang tumameng wihara wara bodhicittawimala,
Puja mantra pangastutingku n bhatara gotama pati,
Arsangrengwi sudharma sambulihan ing dadiki tinanan.(4)

Ndatan rakwa wawang sinajar I dharma ring hulung usen,
Ngka n motus datengi yamanda makdan tumona kalusa,
Yapwan rakwa uwus dating ngwang ikihen sira n pawaraha,
Nahan hetu ni sang lumpara ri loka sang yamapati.(5)

Ah mangka pwa tekap bhatara mangutus tekanta ri kami,
Mangke ngwang mucape kita krama ning atma papa katemu,
Nging teki liga hitu ning pala kabuktya ning ala ayu,
Polah sabda manah salah siki alanya karana nika.(6)

Tekan lwirnya kanista madya mahanotama krama nika,
Sor tang kayika dosa dening apa sabda dusta parusa,
Sor tang sabda alanya deni ala ning manah yan ahala,
Lwir bwat ning giri raja papa nika yan samuha katiga.(7)

Open tang tiga sambah arpanakeneng bhatara sugata,
Kayadyatmika wiryawan pala niki n wibuti katemu,
Sabda swarga palanya yan rahayu kastawang satata,
Ambek nirmala bhawana nemahaken kamoksan apageh.(8)

Ambek nista nika melik ing para gunantawegng tan aguna,
Parusyeng wacana prabancana lenok bisamadulaken,
Dusta polah amatya nidra para drewya len para wadu,
Yeki n dosa nikang tigamuhara papa duhkkatemu.(9)

Tonen lwir nikang atma papa tinemunya ring yama pada,
Sah jiwanya tatan pejah tan ahurip lana n simahitan,
Yawan dosa nika kedik ya ta winigrahalepit tan agong,
Kapwanut iya ta kramanya ri saduskretinya katemu.(10)

Yan drewyarta suwarna ratna nguniweh pirak pasu pari,
Nging inganya karing umah ri sapatinya tan temu muwah,
Yapwan mitra kadang semasan juga yeki ingan I kahen,
Anging lwir pratiwi menga tang sukreta duskrete ri ya tumut.(11)

Apan tan dadi tan kabuktya pala ning gawe ala ayu,
Kunang sing suka duhka tan ana waneh panangkan ikana,
Sangkeng swatma juga n tumuntun I sakarma nguni katemu,
Nahan hetu ni sang maha sujana tan pramada tumemu.(12)

Yan tan kahutana manah sakaharepnya tan pahuwusan,
Tresneng indriya loba sakti nika tan tinanggwan iriya,
Byapareng wisaya gawenya ya ta suryasa mula nguni,
Tan wyartran winatek nikang ala mareng kawah wekas ika.(13)

Wyaktinya n pada mungsir ing yamani nitya tan bapegatan,
Wanten marga linampahanta mara nguni marsik agenet,
Mwang tang loha subumi patana sayojaneki ibekan,
Dening kweh ning adharma duskreta ri martyaloka kujana.(14)

Ndatan mangkana ng atma marga dating ing suralaya samar,
Lumra rengked ikang wenangkura latasewo sumarasah,
Tistis tinggenesen ana n kadi purang purang ana samun,
Meweh tang wang angungsya yogya dating ing suralaya saba.(15)

Du mangka pwa nimita ning kujana papa ring yamapada,
Ndyanung hetu nika hurip muwah asambawa n tuhu pejah,
Apan mabiri martyaloka keta ling nikang wang irika,
Ah mangka pwa tananta yukti nikang atma beda ya rengo.(16)

Nahan lwir nikang atma yan lima sarira matra mapupul,
Atmadinya kalih pa ratna lawan antaratma katiga,
Papatyeki niratma pinda nika citanatma kalima,
Tresneng cetana karananya dadi tunggal atma kalima.(17)
[Pupuh 12]

Nimita nika yan mareng yamapada,
Tekap nikang adharma duskreta tumut,
Balangku ya mamigrahe ri ya sada,
Apan krama ni duskretinya tumagih.(1)

Kunang ta sira sang wisesa kaluput,
Wisa ta sira manglugas yyawakira,
Pradipa watu tulya tar papa tuduh,
Siragaway I rupa ng atma kalima.(2)

Pitowi ana ring sarira mabala,
Ndatan wenang atah sireki tinuduh,
Apan sira aneng idep mwang atuduh,
Dumeh pisan ingunsiran kaidepa.(3)

Lawo mara warahku teki ri kita,
Pangawruhana sang hyang ajar ahelem,
Bhatara jina sang priyastuti sira,
Apan sira wisesa murti mawarah.(4)

Bhatara yama toh yasanta tulusa,
Grenanta ri sri kunjareki sapala,
Muwah mapak tang kawah winasehan,
Ndya donan ika ya uwus winasehan.(5)

Waling kwi ri ya baryanesyana kabeh,
Balik ya kumureb tar esi sasiki,
Mapeki karananya mangkan lego,
Ike pwa patananta majora kami.(6)

Aneki mara papa bara labuhen,
Lawasnya ring aweci wigraha n usen,
Iking sata sahasra warsa ya kelan,
Genep pwa ya aneng kawah kasih arep.(7)

Sa mangkana teka sang astra sakuni,
Rumenggut ring atma dusta kalusa,
Yaworakena rikana taru wesi,
Mwang antepakeneng rwi kadga nisita.(8)

Uwus pwa ya wawan maring tegal layah,
Ginantungana ring petung suku nika,
Apuy murub ri sornya tan papagetan,
Padeki lawasanya ring sakalagi.(9)


Kunang matika meh mara ri yamani,
Pitung wengi wekas hiner datenga,
Ya karana nikang kawah winasehan,
Anung panglane ri yan tekahelor.(10)

Udu sapala de bhatara mawarah,
Ana n kadi lined atingku rumengo,
Arep ngulun adadya manusa jemah,
Katon kasihan ing dadi wang arusit.(11)

Muwah tanakenangkwi sang yamapati,
Syape pangaranya pataka kelan,
Arah pwa warahen ngulu kata laki,
Kadi wruha kiteki n pmarasika.(12)


[Pupuh 13]

Wanten gandarwanata prakasita subageng kendran atyanta sakti,
Tan len namanya sang purnawijaya pada ring swarga lawan hyang indra,
Akweh pa kweki dursila nika tan apageh ring mahadharma nguni,
Nahan hetunya ya wigrahana lawas usen de nikang bhuta wadwa.(1)

Mangke pwa mukti ring swarga tumemu pala ning punya karmanya nguni,
Ndan wanten duskretanya ng iku ya tika tumut kapwa ya minta buktin,
Nahan pajar bhatarantaka pati ri sirang tapasa lwir kagoman,
Du mangkaku pwa sang purnawijaya ta karih patakatyanta bara.(2)

Singgih ngwang sanaka dharma rasika karanang kwatapangungsir adri,
Dening dage ri sang purnawijaya tumemu swarga widyadarendra,
Tambis ta ngwang pramadeng gati pijer aharep wirya ring swarga ramya,
Byaktangganya ngulun munggwarinira yaya tan baktya ring sri jinendra.(3)

Mangke wyaktinya sang purnawijaya tumemu klesa ning deha kustan,
Nirdan denyanemu swarga wibawa ratu ning dewa widyadarakya,
Ndatan lupteki dosanya dadi kabalik ing patakagong binukti,
Ndan duran wruh wruheng pataka rasika tekap ning kawiryan pramada.(4)




Mangke wyaktinya ngkwi sang hyang yama tulusa juga ngwang magurweng sudharma,
Apan nging sambawa ngrangkepana ri sihira sri mahasakyasinga,
Towi n lamba twas ing ngwang masarana ri turung ning hulun baktyanembah,
Nahan ling sang tapa hyang yama wihikana yan pakon sri jinendra.(5)

Sampun sang tapasanganjali ri sukunira hyang yama de katustan,
Yeka takwan mwah yan dadi maluy ya tikang pataking martyaloka,
Mwang yan tansah wnignan ri yamapada sadanggeng mahaduhka tibra,
Majar sang hyang yamawasana nika ri uwusnya n pamukti yamanda.(6)

Ndan cihnanyeki sangkeng niraya menaken jama ring martyaloka,
Kadya ngganya ng ayan kusta wuta tuli bisu branta wungkut bulewal,
Singkeng gondong kejeng mwang wilu busung awatuk manggireh wyadi lumpuh,
Yan swasta ng dasadasi ya putu putu kumring janggit tan wadi walyan.(7)

Lawan tang bara dosanya ya tika matemah mlesa candala tuca,
Dadya lintah uler swawara pasu mrega len kadadat mina paksi,
Nahan tang papa janma lwir ika tan ahalep beda sang sadu janma,
Yeki n ling hyang yamangde tutur I manah I sang tapa satyanta tusta.(8)

Mamwit sang tapaseng hyang yama ri telasirangarca na ngka n lumampah,
Lagya lon lon lana lwir hela hela mihat ing swarga margatiranya,
Towi n kangen sira ng purnawijaya labuhen ring kawah dlaha rakwa,
Gong karunyeng pamitran karananira mareng kendran otus prayatna.(9)


[Pupuh 14]

Tumendas ring swargendra n umulat I ramyastakapada,
Ring indra swarga wetan anala padagniya kaparek,
Kidul ngka swarga hyang yama kaparek ing raksasapati,
Ka kulwan swarga hyang darma kaparek marutapada.(1)

Kuwera swargeng utara paramayaksadika pada,
Ri sirsanya sri sanapada sira bhutendra piniwi,
Katon tang trisrenggalaya lewih I madye siwapada,
Kidulnya n brahma swarga muwah I nga lor wisnubawana.(2)

Wekas ning swarga hyang baruna lawan ing raksasapati,
Ika swarga sri purnawijaya cinunduk sang atapa,
Alep ning swarganika racana paniskara dumilah,
Tekap ning wisma swarna mwah atawing gopura mani.(3)


[Pupuh 15]

Samantara kawengyan amrih angusir paranani sang inisti pajaren,
Tuhu n kadi sasangka tang rajata bapra gupura mani sarwa bhaswara,
Telas kaliwatan sirerikang apintwakemit I yawa tan pamangsaya,
Apan wruh I samitra sang prawara purnawijaya ya ta hetu ning laris.(1)

Dating tumama ring lawang ri dalem asyanga teher anatab-natab lawang,
Sedeng pwa maturu sira ng prawara purnawijaya ri kisapwan ing priya,
Sira ng kusuma gandawatyadika namanira na ayu kastawinalem,
Katanggama ng anangis sang sedeng ajar sira ri ana ning asyang ing lawang.(2)

Samangkana sang apsaradipa rumengwakena n alinga sabda sang dating,
Kakang kwa sura kunjareki ling irasyang angutus ambokena ng lawang
Kakangku tija bagya teki kadi ring swapna dating I kala ning wengi,
Aneki yayi karya bhara karanangkwa aling-alin I masku tan sipi.(3)

Ngulun marek I jong bhatara sugatadipa ri amreta bodinirmala,
Kumon ta sira mungsireng yamapada nglihatana ring amukti pataka,
Mawas pwa mulat inggwang ing sakala pataka pada umidep laradika,
Tuhu n anata rorawa n winasehan tinanaken I kakanta don ika.(4)

Kitekana kelan sahasra ta warsa mara ya lawasan ta ring kawah,
Uwus pwa kita ring kawah wawa ning astra taru tekap ikang kagasura,
Telasnya mara ring ayah dharani pataka ta kita ginantung ing petung,
Kunang mara hiner pitung wengi wekas kita lumabuha rakwa ring kawah.(5)

Nahan mara warah bhatara yama nguni ri kami kita away ta lupa,
Ngulun muliha dening agya marekeng pada ni kamala bhatara gotama,
Na ling ra tapa kunjareki wahu rakwa tumurun I batur ni kang salo,
Sinambut iki jongnira n tinangkisan tekap I sang amarapsaradipa.(6)

Akah kaka mapolahangku sipi gong ika wedi ni yarinta pataka,
Rebut kaka saking kawah jemah arinta palara males ambek utama,
Palakwi sira sang yamadipa uripku waluyakena ri kadewatan,
Yadin pwa weli ning suwarna mani ratna rajata urip ing hulu kaka.(7)

Udu mapa ta daya ning ngwang apa tan ana mara ya pangosade ri ya,
Si papa keta tan aneki ya welin urupana mani ratna kancana,
Ndya ganta nika masku yan mahutang arta kena sahuren ing samangkana,
Gatitangapa dharma pataka juga krama nika panahurta tan waneh.(8)

Ana hyun I kakanta milwa kita ring hulun umarek I jong mahajina,
Sedeng nira aneng wihara wara bodhiwimala paramadikotama,
Ring enjing iki mangkatanten iringen tekap ikang amarapsarapsari,
Tegep ni winawanya ling susuruhannya manginak I ri budi ning tuwan.(9)


[Pupuh 16]

Mangkat gandarwa natahalep ingiringaken samitra sutapa,
Ramya ng widyadari mwang wiwudabala tumut ngkane wuri penuh,
Lwir tara sangga lumra sinang angalih anut wyomanuluh I dik,
Dening rak tambara lan kreta ni kara sawang tejanya dumilah.(1)

Sigra prapteng wihara prakasita mangaran sambodhiwimala,
Ngka tang singasana swarna man inanaken de purnawijaya,
Parnah stananira sri dasabala mawarah dharmadi sapala,
Astam lwir ning witanang diri sumaji pataka mwang dwaja pajong.(2)

Lawan wastro tari ya bharana dinuluran ni wedya mahalep,
Dupa mwang dipa gandaksata sadulur ikang padyarga tan adoh,
Malyarum puspa mala prakasa wangi nikamrik mar saha jenu,
Ngkamuja sang rwa ri sri sugatapati nihan toca ranira.(3)


[Pupuh 17]

Om sembah ning angarcane pada yuga sri dharma rajadika,
Sang munggwing wara lokadatu maka cetya byoma tan popama,
Sang hyang ring pakalatma niskala dadintananta suda kreti,
Hyang ning hyang tri dasasuradi bhamitan bodhya sri mudradara.(1)

Byapi byapaka ring sumasta bhuwana pranawak ing nirmala,
Stananteng bhawa sunyata ganal alit sukmanta duraparek,
Sang saksat paramarta sari ri idep ning prana dewasraya,
Icanteki sinanggahan kita aneng tirteng wukir sagar.(2)

Hyunteng punya pararta karana tinut ning bodhisatwatmaka,
Soh ning wirya mahapradana kwaran sang dharma sudamita,
Lwir warseng masa kartika mreta ni sihteng loka tulyangkura,
Lum lwir sasi surya teja karunanteng sarwa salwapageh.(3)

Nahan tadi nikang stutinujaraken sang baktya mujararem,
Ngka yang mojar I jong bhatara matur sembah tehor sadara,
Sajna sri sadabijna sampun umulat ngwang lwir nikang pataka,
Towin waspada de warah yamapati mulanya yan kilwisa.(4)

Pan hyang ning ngwang I jong bhatara sugata sudanta mangke tedan,
Wanten teki manehta karwa warahen ring dharma tatwadika,
Rapwan tan ana wigna ning hulun awas mungsir pada hyang jina,
Apan tan maharep mangungsya pala ning swargalpa wahya sraya.(5)

Tan muktyeng bhawacakra durgama bayatyanta balik duhkita,
Wyaktingang dadi ng anta purnawijaya swargapsarendradipa,
Nistanyan baya mangkaneka labuhen rakweng kawah gomuka,
Ndan ling hyang yama patakanya tiga wang ndan tigang twas huwus.(6)

Om putrangku mahapawitra kaharep tatyanta ring kotaman,
Ana hyun kita mungsya ng utama padanya ng moksa marga rengen,
Ndi n tonggwanto dangu ri kala ni bibintanuwam sedeng kanyaka,
Ndyunggwanteng bapa nguni duk taruna ring sunyataweng antara.(7)

Sangkeng raga ni sang yayah bibi nimitanya mangun sanggama,
Sangkeng lingga ni sang yayah kita mijil ndan lwir timah syuh drawa,
Singgih kama ngaranya mangkana ratih namanta raketeng bibi,
Munggwing padma wikasa garba ning ibu ngka yan mapinda kreti.(8)


[Pupuh 18]

Tinut aneki wara pancabhuta,
Tekwan gawe ning pretiwi sarira,
Gawe nikang teja ya teka caksu,
Wayeta waneh mukya gawenya jiwa.(1)

Samiranoswasa gawenya tan len,
Akasa tekang gumawe sirahta,
Kabeh padasambung apinda jiwa,
Sambung nikang bumi ya citanatma.(2)

Pasambung ing we ya tikang niratma,
Ndah sambung ing teja tang atma saksat,
Pasambung ing bayu tang antaratma,
Sambung ning akasa ketang paratma.(3)

Ya don ing atma lima ring sarira,
Atma paratma lawan antaratma,
Niratma kalawan ikang cetanatma,
Na lwirnya ng atman lina ring sarira.(4)


[Pupuh 19]

Atma ngaranya ana loka mulad ri kang rat,
Tan pang rengo swara kabeh ya tikang paratma,
Uswasa bayu ya sinanggah ikantaratma,
Ndan sabda wastu nika tang mangaran niratma.(1)

Towin keto-ketog ing angga ya cetanatma,
Tresna swakarya nikang atma lineng sarira,
Yeka n sarira nikanang wara pancabhuta,
Yapwan genep titi masanta mijil samangka.(2)


[Pupuh 20]

Sinungsung kitenapti de sang tibinta,
Asing sapra karanya manak ginongnya,
Ahora ri dinaturu syang sumandah,
Lukan kasyasih mabratamet uripta.(1)

Lawan sangsaya takusut glana ruksa,
Tekapnya sih ing putra mangde putek twas,
Lanamrartaneng swasta dirgayusanta,
Lewes kasta denyangiwo mopakara.(2)

Nda nahan utangtebapindungta nguni,
Lalu pwatuhantuk ning utsaha yatna,
Kasenwan tekap ning sasangkarka teja,
Ya tan wruh mananggah bapendung samangka.(3)

Mijil tang musuh sad ana ring sarira,
Ya ti kamisan yyangga pancangga saksat,
Bhataradi dewanya munggwing sarira,
Sedeng tan akebyambek angin kamanan.(4)

Ahongkara sampay ta yeng wang daridra,
Tan atwang mucap ring wiku wreda sila,
Lali sangka ning janma lawan paranya,
Ya donya n katon denta pape yamanda.(5)

Utang ning dadi wang ya tonggwan nika pat,
Jagat nukya sang hyang guru mwang kamulan,
Kabaktin ri sang hyang panahurta ring hyang,
Jagat away duhka prihen tusta ning rat.(6)

Utang ring guru prih sahurteng swasisya,
Utang ika ta ring bapendung sahurteng suputra,
Makopnya ning tan di pegat bakti nitya,
Sabagyan tumemwang kamoksan pradana.(7)


[Pupuh 21]

Yeki n janma rahasya mulya pawarahkwi ri I kita pituhun,
Ndah yatne ri ya pangrengo wara warahku tan iman-imanen,
Nging mangke pala man tume mwaken ujar ri mami sala dahat,
Astu klesa winasa leki ri sariramu kalihan aku.(1)

Na ling sri sugata madharmaken I sang rwa parama sulaba,
Ngka tanembah I jong bhatara sira sang yatiwara sumahur,
Sajna sang hyang anugrahanu lusa masiha ring asarana,
Nir janmangkwi samoksa sadana tedan ri pada jinapati.(2)

Om putrangku pawitra mulya juga sadyamu sapala dahat,
Nda nahan mara pangilang ala ning indriya sakala mala,
To yajnana wisuda pangrawupa pangdyusa ya lagi-lagin,
Rapwan brasta ketang geleh-geleh amigna ni rna ring awak.(3)

Tan we ring wulakan pitowi tan sangkana sahaya widi,
Tan sira ilanga ketang geleh-geleh ni ki ng awak ahala,
Nda tan dura sakeng sarira putus ing hening mulahaken,
Yeka nirmala kajar I ya paramarta kana tengetaken.(4)


[Pupuh 22]

Nahan teka sinajnan ya tuhu-tuhu sarirangku n awak bhatara,
Yangka-yangke sinangguh ya tika ya ta kami kyati ring swargaloka,
Nistanya n mang kanewoh sang awasa wihikan yyarsaning yopadesa,
Putrangku n mahyun ing moksa pada pagehaken away budi prapanca.(1)

Apan durgrahya ta yarusit aganal alit durlaba wang tumemwa,
Yadyan ngganya wruheng arta nika juga yayan byakta manggih pawitra,
Bagyan wikwamrih sangwa sira kalepason tan keneng klesa mala,
Ndan away ta pilih ring tigaki ya dinayan bodha sewarsi dibya.(2)

Ite he putrangku kalih mareka kita ri jong ning hulun ngke palinggih,
Wanten wastwa wisesa ni libaken I kita ndah gatinyocapenku,
Nda nahan ta naku nging ika rinebuti sang bodha sewarti,
Paksa ndatan manggatut apan pada lumewihaken yyardi dewanya sowang.(3)


[Pupuh 23]

Mangka lwir nika sang gumegwa ni tapa brata mapa rebutan manah nika,
Nahan karana ning watek wiku uneng janapada kasilib ndatan lepas,
Nora wruh ri patunggal ing ya sasiki rwa telu dadi aneki tan waneh,
Lwir gelar sogata pancabudha resi pancakusika wiku sewa pancaka.(1)

Ndan salwirnya yayan sarira mara sinyang irika ya nihan pangawruha,
Aksobyawakira ng mahakusika garga niyata sira ratnasambawa,
Sang metrikyamitaba sang resi kurusya makangaran amogasidyawas,
Sang pratanjala taku tan ana waneh ngulun adipati bodha dewata.(2)

Yapwan pancawiniki yuktinira pancasugata paramarta tan waneh,
Aksobyawakira hyang iswara tuhu n cinarita juga beda laksana,
Hyang brahma sira ratnasambawa mahamara sira ng amitaba dewatan,
Lyan sang hyang amogasidi madusudana ngarani yan caturbuja.(3)

Ndah nahan ri patungga-tunggalan ikang bhuwana wihikananta ring tuhu,
Ngwang werocana Buddhamurti pinakadi nika guru-guru ning jagat kabeh,
Nahan donkwi ngaran bhatara guru kapraksita teka ring sarat kabeh,
Anging byapaka ring samasa bhuwanaku juga wara wisesa dewata.(4)

Sangsiptanya bapangku away kita tan tuhu-tuhu maka budi nirmala,
Aywangastawa paksa papa ana milikaa rumegepa santi kewala,
Astu pwanaku sida satya kita karwa laki palamu labda desana,
Nahan wakya ni budi sang hyang I sira ng rwa yatiwara muwah manganjali.(5)

Sreda sang hyang adharma desana tatan kapalang alango aweha nugraha,
Ndatan kojara jati raksasa mamehta tekap I karunanta don ika,
Lawan sang wiwudendra purnawijayangga rasika mari kasta durmala,
Sambega nghulun amwit angulihana patapan umusira ng mahapada.(6)

Sampun mamwit anambah ing pada bhatara ri waluyanireng tapowana,
Sang widyadara kojara pwa kawekas marek I pada bhatara gotama,
Mangso prapta ng umandema pranata baktya malaku widi moksa wigraha,
Prayascitanira teher wurunga pataka kela ning aweci gomuka.(7)

Mojar teki bhatara tan ana marasada ni teka ning antaka ksaya,
Yawat bhawa sarira saksana katatwa nika niyata tan ana stiti,
Putrangku pwa sarira bhawa ring apan ta luputa kita ring samangkana,
Ndan wanten pala mon uwus kretawara midengeraken I dharma ning hulun.(8)

Nidra teki awanta mati tuwi tan kalawasana mamuktya pataka,
Inganteng nirayang gego lara sangang wengi katutur I sojar inghulun,
Akaranya dasang wengi rika kita waluya muwaha purna saswata,
Salwir ning wara wigrahe ri kita dadya kahala wiparita nispala.(9)

Anging tinget-inget ri kala ning aturwa rumegepa ri cita nirmala,
Sampun teki pesat ning atma pekul ing tutur ika waluyanya ring sawa,
Ndah yekanaku jiwa wasita ngaranya wenanga kita dura lalana,
Na ling sri sadabijna rakwa ya sinambahakenira sang apsaradipa.(10)

Sembah ning pranatangabakti ri padadwaya kamala bhatara nityasa,
Wahya dyatmika sadararcana ri jongta lihatana tekap jinadipa,
Sang saksat gumawi jagadita sadasa ya ning asarana kriya smreti,
Mayakara pakatma paksa petu wimba ri ati pinakesti dewata.(11)

Sangsiptan ri huwusnyanugraha bhatara kaidep biseka tan wanieh,
Anging teki bhatara budha juga karana nika paripurna ning hulun,
Ndatan senggahen ambek ing kuhira mamwita muliha manehta sanmatan,
Nahan ling nira sang prabu prawara purnawijaya telas ing prayojan.(12)


[Pupuh 24]

Ata ri huwusnira muhun anganjali pada bhatara Buddha caritan,
Mijil imiring ning apsara paladikara sura kanyakangalepaken,
Prasama mulat kapahan n ngalem ri purnawijaya n ilang malanira,
Kunang ika apsari huwus asewaka raga suratasemu garjita marek.(1)

Tan asuweying awan lakunira laris teka ri kendra alaya huwus,
Pinapag I sang priya kusuma gandawatyai susatya bakti mesenong,
Irika sirawarah kramanirena nugrahana nindya dharma sapala,
Sahaja naminta tunggu n aturu dasa wengi lawasnirantanawaran.(2)

Kunang iki tang prijenutus atunggwa moga kadi sungkawangunek-unek,
Rudita sumong ri caksu apa tan sakeng wacana langgane senengira,
Tuhu n agawe kasangsaya ri cita pajarira sang tapasura dangu,
Alawas amutya papa ring awecyayah dharani patakeki kataha.(3)

Samayanira n patanggya sapuluh kulem nirata tapi tanya kaidep,
Tumaha-taha pwa sang kusuma gandawatya pusen ing senong matilara,
Kaharepireki nguni tumurte saduhka ni senong nireng yamalaya,
Lalu winekah matunggwa paturunireng wiwudanata tan kena wihang.(4)

Ata ri paratra purnawijaya ndan atmanira mungsi ring yamapada,
Irika saka gadgada yamabala ngatag ri sawateknya sayuda dateng,
Prasama sumung sung arbuta mupuh wasamerang anuduk ta yeng kuku makas,
Dumuluraken maring yamani tanpa nampara gelong ring atma kalusa.(5)


[Pupuh 25]

Byatitan wiwudadi patmanira n anggeng glana mungguing kawah,
Sangka ring suraloka rakwa caritan sokanangis duhkita,
Sakweh ning wiwudanggananiwi ri sang gandarwa natalara,
Towi n sambatira ng sudewyana ngis anglad prana mangde welas.(1)

Ah sang lina keteng paturwan alalis denta matinggal priya,
Prayangku n kaka milwa sing parana yang mung sireng rorawa,
Mangke pwatilara kitanililaken yang de sekel ning ati,
Siskangen kaka anta ring yamapadamuktya ng mahawigraha.(2)

Wanten teki manehta rowanga ni maskwanglina ring rorawa,
Apan gong ni welasku denta kasihan ndi n sambatenling kawah,
Bagyan teki manehta hlyana ni maskwanggantyana ng pataka,
Panggil malwangane utang ring apa dharmakweh kabukting kawah.(3)

Eren ngwang kaka rowanganta kasihan muktya mahawigraha,
Rowang-rowanga maskwing astra taru mon yan gantungen ring petung,
Yadyan ngwang wuwuhen kawahyana tekap ning kingkara hyang yama,
Tan wedyaku tuhu n kita wruha jugan rantenta satyeng senong.(4)


[Pupuh 26]

Iti mangkana srutini sambatira kusumagandi kanangis,
Dagda manahira leleh kalaran,
Ri atur nika priyatisoka kasyasih.(1)

Alisu gupe lesu sariranira tekap I sakti ning lara sok atinira ulat arda peteng,
Kalengen sumungkem I wijang ni sang senong.(2)

Paricarikapsara wadu tumulung I sira marma sarjawa,
Du patutur ibu nahan pawungu,
Niyata hurip muwaha teki sang pejah.(3)

Pangadesa ning ngwang ika tuhwan I samayamrapsaradipa,
Tonen amarinara kusta mala,
Wiparita mitya sira teki lingnira.(4)

Ri telahnya nugraha bhatara dasabala ri sang suradipa,
Tan ana mari ya kasangsayanen,
Apan utamanireta sudharma lingnira.(5)

Ndya ta wasananta rari tan tumutura ri kakung ta sang pejah,
Eren I samayanirahurip,
Ri alintang ing samaya padya tang pati.(6)

Na wuwus ning apsara wadu mapitutur agawe srep ing manah,
Moga ta ya tekapira n karengo,
Ana matra panglilir I sang kakingkingan.(7)


[Pupuh 27]

Ndan sira sang neng niraya rakwa carita ri sangan kulemnira,
Ngka n kahanan tutur sira tatan sapira karasa tiksna ning kawah,
Dug sapuluh kulemnira samadi rinegepira cita nirmala,
Brasta tikang kawah lawan apuynya mati mahli ratna pangkaja.(1)

Mwang taru kadga ramya parijata temahan ika sarwa sabhita,
Wahnya na anindya ratna mani kostuba makusumhara kancana,
Komala patra padapa nikamrik awangi rudiranya motkalta,
Marya apek mahangir apenguk saguna nika balik maweh puka.(2)

Raksasa bahniwaktra n umulat parawasa ning aweci nirapuy,
Sambut ikang trisula teher angedik anuding I kiwandreng angregut,
Syuh kahala trisula nika mur kadi awu nika kadresan barat,
Lunga kamerangen muwah akon ri dulur ika gumantya migraha.(3)

Tandwa teka balak sakuni kadga mangabalangken karang wesi,
Sadri suta pramana nika duli temahan ika kabwang ing tawang,
Mangkana salwir ing yamabala ngala-ala pada moga kerangan,
Hitunika watek yamani raksasa umatur I sang hyang antaka.(4)


[Pupuh 28]

Sembah niking asura samanta bretya ri pada kapati uningan,
Sang purnawijaya pukulun kinonaken I sang hyang alawasa kelan,
Inganya mara sata sahasra warsa lawasnya ya tika karengo,
Mangke pwa teka sapuluh kulem niyata bagna dadi surapada.(1)

Sarwa yuda ni bala bhatara sirna temahanya ana dadi awu,
Mwang tiksna ning asara dananjaya sadadisita mari katatakut,
Tan pamyat I sahana ni wigrahanya sawatek yamabala kabalik,
Nahan atur ing asura bretya sangga ya yamantaka sira rambo.(2)

Ngka hyang yama lumaku maring tuweci dinulur ni kang asura bala,
Praton pwa sira ri paripurna yowana ning atma kadi manasija,
Beda ngka rika n upama ng atma pataka aneng yamapada kahala,
Nahan karananira sumantwa ring wacana sarjawaresep amanis.(3)

He sang litu ayu kadika dewa mara ri yamani kari kita,
Hetunta wenang amarisirnaken yamani ponara pada saba,
Apan kita inatut amuktya papa ring aweci n alawas akelan,
Mangke kita teka sapuluh kulem ndi tika dening amahiwagaken.(4)

Sang hyang yama mapa mucapa nghulun ri kita hetu ning anemu warah,
Sang hyang dasa bala sira ta nganugrahani tan malawasa kalusa,
Ingankwiki kela ning aweci gomuka sangang wengi tan adikara,
Nging tang yamabala mari kedwa migraha ya don ika pada kabalik.(5)

Sang hyang paraguru munindra ta pwa manganugraha ni wara dahat,
Atyanta kita laki sinanmateng kadi sira hyang amara kabeh,
Ndah mantuka ta kita mare swanata ni kapangku waluyana muwah,
Wanten dumulurankena kala ratri pangaranya ya tika tumuta.(6)


[Pupuh 29]

Mantuk bhatara yamaraja tatan wiwaksan,
Sang nata purnawijayatmanireki waksan,
Manjing mareng sawa muwah sira tan wimarga,
Ngka tanglilir kadi matangyaturu tan imba.(1)

Kagyat sira ng kusumagandawati sudewi,
Marme senong sira n umandem anambah aswi,
Witning manah geme-gemen kawahan sukambek,
Yar ton pamarbangun I sang wiwudendra jiwan.(2)

Sang nata purnawijayawarah ing sudewi,
Rakryan huwus ngwang anawur urang ing yamanda,
Sangsara duhka kasihan kineling aweci,
Akweh panigrahan ikang yama bretya nguni.(3)

Ndah prapta ning samaya ratri kakanta yogi,
Minget nghulun ri pawekas paramarta budha,
Bagna ng kawah mahlinaka sabadi ramya,
Sang hyang yamadipa kapuhan ike tekapku.(4)

Tan lyan pamitra juga dibya mahawisesa,
Ndan mitra sadu mara sadana ning subagya,
Sadu twi yeki kaka kunjarakarna bhara,
Tan len nimita ning umungsi ri jong jinendra.(5)

Tang mitra sadu kadi wangwa gelongnya ring twas,
Ndatan wenang ya purugen ri sedengnya murka,
Yan santa budi nika tulya areng padanya,
Byaktanular-nular I solah –ulahnya nitya.(6)

Anging katenku tumute ra kakangku tan len,
Ngkaneng sumeru himawan patapanya ramya,
Nityamriha japa mataku mangiwa yoga,
Rapwan lana siha bhatara tatagatendra.(7)

Ndah tambay enjing umarek ngwang I jong jinendra,
Sakweh nikang surabala pwa muwah surastri,
Konen samangiringa sanggepan ing pamuja,
Yapwan huwus mareka yajna mara kwing adri.(8)


[Pupuh 30]

Nahan tojanira ng suradipa rasanya karana ni pasungsut ing priya,
Apan deni lulutnya tankena kinas hele-hela maniwing pasanggaman,
Wetining kingking unongnya nguni katilar wahu-wahu suka mangebang-ngebang,
Mangke pwatapa rakwa sadyanira nora palaren ingawesa sanmata.(1)

Kubda prartana ning warapsara wadu sumawuraken yang datengnira,
Puja manggung asanggame tilam anganjarana turida madeging lulut,
Wanten pweki gelung lukar paha wiraga kusuma kaharanku pat lepas,
Tan apen karuhun sajinyan asalah-salaha tapih I mehan ing gati.(2)

Mangke branta ni budi ning surawadu salah-asa ri atinya tan padon,
Apan rakwa idepnya manten alulut wiwudapati ri rum ning apsari,
Nahan hetu ni kungnira wetu tangis mangajaraken I duhka ning ati,
Ngka mamwit sahananya mantuka ri pamereman angawani de nikang wengi.(3)

Dewi gandawati lewes prih atisoka siruhen apa tan wring enaka,
Sotan tang winuwus patibrata rumengwaken ujar I senongniratapa,
Leleng glana winurcitangangen-angen yyulahanira yadin katinggala,
Tan wring daya mehah tumungkul anangis kapusengen anesel purakreti.(4)

Mangkin rupanira wenes kadi mangambwaken I rarasira njrah ing kapat,
Mambet ning tengah anglih arja sawang olah I kelab ing asoka padapa,
Kembang-kembang I luh nira n alaga ring mata n asemu nila pangkaja,
Lwir kumbang mangisep sekar swaraniranangis angisek-isek ndatan hunung.(5)

Sri widyadara nata purnawijayangarih-arih ing ujar priyambada,
Dyahkwindung sang aninditeng ayu kakanta papag ni manis ni kung mata,
Aywangkul mulat I nghulun rari anar teka ri kita kakanta sangsingen,
Gong nyunengkwi rarasta hitu ning amarangun ari apa tan sinanmata.(6)

Maskwindung mapa marma ning wuyung awor tangis amahala rumta dewati,
Mepu ngwang ri wiwalta kadyacala durgama bhawa ning atirta sanmatan,
Jro ning pambekan ang jurang lengit adoh kadi umanuta raga ning hulun,
Yang de twas kwaputek petung pinaput ing turida kadi samuha ning limut.(7)

Pinten duhka manahta deni lawas inghulun angurah sewahe kita,
Noratunggwi daganta ring pakaasulan tume kakena sakapti ning ati,
Panggih masku kakanta tan maras apan tuhu ya nika sadosa ning hulun,
Yadyan nggamya sadenda ning tana temen mangemasana sadenya lampunen.(8)


[Pupuh 31]

Nahan ling wiwudendra menggep angalap kasor wulatira,
Marma petsiwi arsajangusap I luh nireng surawadu,
Romawera kawaweng mukenajum-ajumnira n ginelungan,
Enjuh ramyangisapwaken tumika don sang anten anangis.(1)

Ndi n tan munya mari manuk mata inungan arya pinikat,
Kencut arsa kaweni deni pamareknya tan wenang adoh,
Mangka teki aturnira ng kusumagandawatyanut I kung,
Majar mandra pegat-pegat swara niraseret aswi sesegen.(2)

He natangku nimitaning ngwang anangis ri denta malalais,
Sihteng kunjarakarna mitra kita teka rakwana tumut,
Sis anung palarenku yan linebur ing tapamegat I kung,
Anging kenakan inghulun tumuta tan sah anut atapa.(3)

Maskwindung karanang kwangungsira kasaktin amriha tapa,
Irang ngwang ri turung ning indradayitangabakti ri kita,
Hyang sakradi nikang caturbhuwana pala katwanga kabeh,
Yapwan sida wisesa nayaka kita nghulun juga siwin.(4)

Mwang yang masku waneh kiteng surapadahyun ing janapada,
Ngka ngwang dadyana rajaputra litu aywanindya gunawan,
Masku dadyana rajaputri ayu tan ananiringana,
Ramya ning winarang-warang kadi anar wruhana irika.(5)

Akweh denira n anglipur-lipuraken manah sang awuyung,
Sotan tang kawi sanggraheng kalengengan bisa metu lulut,
Yangde entya ri budi sang kadi kalangwan ing masa kapat,
Keket raganira n kangen tekap I sang suradipa mati.(6)

Sampun mari wuyung nirangajeng I kung wasamarepehi,
Manggeh prayanganuti ring kaka ya ta sukang resepaken,
Ngras ning sanggama yoga sandi ginelar nirapsarapati,
Murca twasnira sang mawantah I katemwa ning rasa leyep.(7)

Akeh yan caritan sapolahira ring kulem tan ucap
Kadyamungpung I rasmi ning surawadu sakapti tinekan,
Jambat lagyanapis mareng sang amalik karasikannira,
Lilamukti lango ana n panadah ing natar saha kasih.(8)


[Pupuh 32]

Ndah lunga kala ratri krama sira inatag sang watek dewasena,
Sigradan salwir ing bhusana pareng umijil ri lebuh mwang priyanya,
Lawan kanyapsari sampun araras ampek hyas tameng tingkah asri,
Pantes solahnya kadyangeder I saha nikapunpunan raga basa.(1)

Anging kantun saragnyahyas asuway amilih ring gelang rajasinga,
Moga rapwan wedar deni kedik-kedik ikang roma munggwing sirahnya,
Towi n bwat ning pangimbuh rwat telu kinekesan ri gelang asrayeng gong,
Olek tang pahyasan kababana parepet ing darsana ngwab tutuknya.(2)

Wanten widyadari rwang siki mawisik-wisik sotan ing sekacita,
Ndan rakwajar larambek salah asa ri gatinya n tanayun sinomah,
Mangke sepnya n telas de nika manah asilih sang arep rumnya nguni,
Kancit cunduk pwa denya ndan ikana mangidul lwir kapengin tedamela.(3)

Ndah sri gandarwanata krama huwus arasuk bhusananeka warna,
Abra dewambara camaranira tinaman citra mas rakta warna,
Lilanuntun ri dewi nira neher umijil tan karalon lumampah,
Akweh widyadari mwang wiwudabala pada rabda mangantyasowe.(4)

Mangkat widyadarendrahalep iniring ikang dewasena brameya,
Mwang tang widyadari ramya mangiring I sira kyarja gandarwa sasri,
Apan sampun tingkah sang abgiring I arep ring wayah len karasmin,
Tan pendah lwir watek manmata mahas-ahas ing sagaracangkrama perang.(5)

Enggal prapteng wihara prakasita mangaran bodhicitatisuda,
Pinrih tang ramya ninyas saka alepan ikang dewa puja niwarya,
Sampun pancopacara parimita umadang sarwa yajnopakara,
Ngkamu ja rakwa sang purnawijaya dinulur de nikang dewa sangga.(6)


[Pupuh 33]

Irika ta ana manyup kala ndwandwan sangka,
Gumuruh abareng atri bheri lawan mredangga,
Murawa pada tibonjing len mahasara munda,
Dwan ika padahi winda mandawaserang swaranya.(1)

Tuwi n awuwuh I ramya ng apsara mwang surastri,
Mijilakena gunanyanret talalityaringde,
Wijah agamelanekang wadwa gurna dwaninya,
Pinaka guda ri ramyangdadyaken tusta cita.(2)

Agelis asemu cumbwa ng kinara danda barya,
Kalih ika pada kambo lagawa dara banda,
Kadi gila-gila arsanemwaken bhawa asya,
Cali kutu matampil solah ing wruh tar slug.(3)

Aparimita kidung ning dewa lawan surastri,
Saha nika manojna prastuti dewapuja,
Ana ta mangabiwadeng sloka socaranarum,
Guru lagunika patyatut lawan kang siwina.(4)


Ikang I wuri lumeng helyan luse ta sang sampun,
Kadi winaha katona madya rosnyanggalunggang,
Puji-puji sawaweng ras ning wuluh danta suda,
Syapa kwiha kadi ngwang cesta ning budyadangan.(5)

Sang atelasan aneret tanindita nwam tuwuhnya,
Iniring I wuri len tang sato kweh ring untat,
Pilih among atanding rum sakeng kalamoka,
Ayu nika tuwi n angsal yan tekeng rumnya dewa.(6)

Ata sedeng aselur tang gosa ning sarwa puja,
Atisaya karengo ring swargaloka prakasa,
Pada suka manah aptyarengwaken sang watek hyang,
Gumunita ri ulah mahyun tumontona ramya.(7)

Yama baruna kuwera mwang bhatarendra mukya,
Pada teka sira lawan sang watek dewa resi,
Lwir inatagalen enggal prapta ring bodhicita,
Pranata pada anembah sadara jong inendra.(8)


[Pupuh 34]

Ngka sanghyang yama moratwang I pada sri ning sakya singadipa,
Sanghyang ndyeki nimita purnawijayenggal patakanyangilah,
Apan nguni ranak bhatara rumengo sojar watek dewata,
An rakwa lawaseng kawah rasika len ring lokabumi pataka.(1)

Lawan karana tatwa bhuta nika nguning rat dumeh pataka,
Etunya patma suradipa tuhu n klesanya tapwan ilang,
Nahan lakunira hyang antakapati ngka sanghyang ajar sira,
De sakweh para dewatanidengere sabdangku yatna kita.(2)

Wanten nguni ri madyaloka kahananya ng wadwa ni lyenalep,
Kyating rat warabumi mandala ngaramyarnah subiksahalep,
Ngka tang sresta ngaranya muladara she ring drewya mas miwang mani,
Kasih nyayu anama sang sumalini atyanta bakti ng senong.(3)

Wang dursila wenang malap sakaharep stri drewya ning wang waneh,
Bwat kopa ng awamana ana mresa sabda crohnya coreng laku,
Ingsa karma masampaying wang atuha mwang ring watek pandita,
Sakweh ning wang adah kanista ri idepnya sresta murkawero.(4)

Yeka tangaken yasa alep i pinggir ning awan gong ayun ramyapan dharma,
Dharma patra sapalakweh twak sekul brem kilang,
Lawan dana suwarna ratna rajata wastrambara mwang pasu,
Astam tang kahatur telas mara ri sanghyang dharma sida lepas.(5)

Wanten teki muwah wang atpada ngaranyotsaha dharma stiti,
Ndan kasihnya ngaran sudarmika suci wruh baktya gurwing senong,
Santosanhening ing manah ri laki dharmastiti gredeng tamuy,
Santusnya gemet ing gangan lalab ulihnya kayika n sakrama.(6)

Nahan rakwa winehaken dinuluranya n cita tustahening,
Angken ring taliwat awan dating araryan ngke grehanyalango,
Towi n ramya natarnya marsik agemet lumra ng sekar tanduran,
Ngkane ing payasan muwah teki ane jro munggwasanding ing bala.(7)

Mogasanding i kirti muladwara tang wesma parek ring henu,
Yeka n hetu ni duhka muladwara ri syuk saha dharma yasa,
Nyata n tundung ikang wang atpada tumut ring budhi dharmeng jagat,
Lungangles ri huwus nikangulih-ulih ri kang priya kasyasih.(8)

Danyeki mulya pala parwata dibya ramya,
Ngkana ng gawenya patapan masamipa marga,
Dira bratarcana samadi ginongnya mitya,
Lawan sinambik ika punya pararta ring wang.(9)

Jiwantakanya pada mati lawan kasihnya,
Nirbana laksana nikanganaken prabawa,
Sadyanya moksa lepaseng waralokadatu,
Nging punya wahya mangiket karananya mangsul.(10)

Ngka yan wineh kuya madadyana sang hyang indra,
Kasihnya dewya nika nama saci bhatari,
Sampun pratistita ring indra padamarendra,
Utsahadharma satirun tekap ing dadi wang.(11)

Mangka si muladara mati lawan priyanya,
Singgih ya purnawijaya maada sang hyang indra,
Apan palanya mangiwo yasa dana punya,
Kasihnya nguni ya ta gandawatiki mangke.(12)

Moga pwa duskreta nikanggrek amukti wigna,
Nahan ta hetu nika kusta n amukti papa,
Nanten pamitra nika nama si karna gatra,
Ndan silpikanya magawe tapa teka nguni.(13)

Yeka dadyatapa kunjarakarna yaksa,
Prapteng hulun ya rumengo wara dharma yukti,
Inak ta denya rumegep sawarahku dharma,
Mantuk tayatapa muwah wekasanya moksa.(14)

Mwang teki purnawijaya n samayopadesa,
Hetunya yan tan awas kineleng aweci,
Inganya naraka sangang wengi tandwa purna,
Nahan palanya rumengo pawarahku dharma.(15)


[Pupuh 35]

Ya ta hetu nikang wara dewa kabeh,
Wara dharma gegon sipi dibyanira,
Rumuwat mala papa sakeng yamani,
Tuwi margining utama moksa pada.(1)

Yadi manusa walaka yan wihikan,
Tija bagya sulaksana jati wiku,
Gumego iryupakara bhatarapada,
Pahawas yan amanggiha sida lepas.(2)

Iti mangkana sadba bhatara jina,
Prasama hyang anambah ati pranata,
Telas amwit umantuka tapwa sira,
Madulur suranata surarsi mulih.(3)


[Pupuh 36]

Sampun i sang watek hyang umulih maring surapada,
Ngka ta marek muwah wiwudanata purnawijaya,
Byaktyanamaskreti tana wisesa ning brata tapa,
Mwang pala yogya ning sakala dana punya ginawe.(1)

Sabda bhatara majara sireng surapsara pati,
Sopalning sanasta yasa punya wahya ginawe,
Swarga palanya ta tumemu moksa suda bhawana,
Tan kadi polih ing brata tapanubara ginego.(2)

Wantena wahya punya maka don kamoksan inusir,
Dana mayadi sila maya bhawana maya lewih,
Yeka tiga prakara nika punya yogya gawayen,
Isti nakarpana kena ri sang triratna sarana.(3)


[Pupuh 37]

Mwang tang dana catus prakara kahatur punyadikareng jagat,
Kambang palawa len gangan kayu wuyah toyana pasing ana,
Yogya wihakening wong ayu n ateher sabda hening ambek leka,
Yeke n tamisadana wilang ning dana pat kawruhi.(1)

Yapwan raksana kahyun ng wang awedi ng marge lumah ring rana,
Sangke gong ni takutnya yan ka wenangeng dusta tiro dreriya,
Raksan yagya nika n prihen temen anung yatna ta ring laksana,
Yekatah baya dana punya gawayen sang wira darotama.(2)

Yapwan wang wuta deni punggung ika tan pindah petong ring wengi,
Tan wring daya nika n arep wruha ta yeng e yopadeya krama,
Yogyan pajaren ing hitata seleha ng dharmadi tatwagama,
Ndah yeki n wara dharmana winuwus de sang mahapandita.(3)

Metri dana nihan prayojanan ikang yogasih ing rat pada,
Salwir ning bhawa ning swabhawa kagego jnanalilang nirmala,
Jatya bhaswaranuta ta sahita satwawor lawan dewata,
Mukta ng klesa kabeh lepas tumemu budi swarga yangde suka.(4)


[Pupuh 38]

Mangkanaku pwa sandi ning upaya punya rahayu,
Nging pukulun tulus tulusa sang hyang ujara muwah,
Lwira ning anggego brata tapa ndya ng utama tuten,
Anambala ning tekeng jinapadangusir kalepaso.(1)

Om syanaku prih ungsi tang anemwa ng utama pada,
Apan anopamadika wisesa tan tuhu lepas,
Miluwagawe ndatan pawiparita karma wipala,
Tan ana duhka wigna baya kewala ya ta suka.(2)

Lwir talaga ng sudharma racana n tekapta matapa,
Jnana wisuda toya nika rakwa sita inening,
Adwaya bhawana mulakan amreta srawa mijil,
Brahma wihara sila maka tampakanya n apagoh.(3)

Yangken acakrawaka nika tumrapa ng bratahita,
Byakta alepnya yan lagi japanta tunjungan ika,
Mantra manohara swara ni kumbanganya karengo,
Sida pawitra ning lepas iking sudharma naline.(4)

Kohut aneng swacita juga simpen ng brata kabeh,
Suda nikang trikaya paramarta singitakena,
Santika garaweng sakala satwa limpadakena,
Donya saliswa ning kusala marga ning kalepasan.(5)

Yeki ta sasanangku pituhu n tekap ta lekasi,
Yawat anut kitanaku ri sutra ning ngwang apagoh,
Nora bayanta tan ana musuhta wanya ri kita,
Tiwat ikang kamoksan musirta sida kawenang.(6)

Aywa kitatna pidana yan agra ta dadi tiwas,
Tonen ikang wang ing janapada tapeng giri wana,
Glana sarira padana lekas nika brata tapa,
Swarga pinetnya wirya ni dadinta tan ana waneh.(7)

Yan katemu prabutama ri madyaloka ya jemat,
Wirya wibhuti kewala maka sramanya tanapa,
Duhka nikang jagat kadi samudra tandwa ketemu,
Lwa nika tan pahingan adalem linangnya nika.(8)

Wyadi pakombak ing jaladi duhka wigraha karang,
Lwinya ta rengga sangga tikanang rajah sumarasa,
Ndah pati ning jagat dres I banunya moga umili,
Atma silem taking yamani yan pramada ring ulah.(9)

Tatwanira hyang iswara n amigraha lwir abun,
Swananirantaradres atut anggyaken kawenanga,
Wyadi duhka roga paribhutane balanira,
Hyunira tasasnya mati tatwa janma sakala.(10)

Kabyudayan ngaranya tapa tan pareng kalepasan,
Towi bahu prakaranika beda laksana kabeh,
Salwir ikang manah kapasuk ing subhasubha kreti,
Yeka nista ning dudu gawe kabandana muwah.(11)

Punya pararta dharma gumawe sukeng para jana,
Yan nirapeksa ring walesa teka sakramanika,
Dira susila sakti ya makambekan ing apageh,
Yeka ta madya mata maka marga n atri bayana.(12)

Nahan ujar bhatara sadabijna dharma katam,
Mangkin aten ring utama padeki purnawijaya,
Hetunira mriha tapa mareng sumiru himawan,
Mwasira ganda watya ngusira ng tapanutaa senong.(13)


[Pupuh 39]

Ri huwusira manambah ring sri sakyamuni,
Sumijil iniring I sakweh ning wadwa wnida tumut,
Sumanah ira lilapan sida ng kreta samaya,
Abhinawani tan len sida ning laris atapa.(1)

Rinasanira lehong yan prapteng parwata tumului,
Supadi sira teka ring kendran mangka ta matapa,
Tinaha kasuwayanger kiket ring wisaya dangu,
Maku ateguh I gong ning tresnambandana pinegat.(2)

Karananira n araryan ramya ng hom human apupul,
Ana patani mapanjang ya tonggwanira pinang,
Huwus ahalep atingkah padmastana kinenaken,
Irika ta sira mojar mangde welas nikang aniwi.(3)

Ksamakena wuwus ingwang de gandarwa bala,
Kade nghulun teki wisateng adryamrih-mriha matapa,
Muliha ta kita mangke ring swargalaya,
Apan iki gati ning ngwang lwir natanilihi bala.(4)

Yadi ana suranata dlaha nggantya ni siniwi,
Umuyahana samudra ngwang mangke mucap I kita,
Rusit ing angering ambek ring swami n panginakana,
Tuhu-tuhu dread baktya susrusanya ngulahakena.(5)

Ai titi pareng anembah sakweh sang wiwuda bala,
Nguni ayunira kanya gandarwa pranata marek,
Kimuta tara sang anten sakweh sang mamalih I kung,
Ana tumangis I jong sri gandarwadipa maasayut.(6)


[Pupuh 40]

Tan ngeh yan uningan patanggeh ikang apsara bala kalawan warapsari,
Sri widyadara nata tresna pinegat nira makakarana ng stira brata,
Nahan hetu nira n alaris lumaku mangkat atapa maka pangarep ri ya,
Sampun rakwa sulaksana kramanira mageh I tapa Mahayana brata.(1)

Mantuk ring suraloka kang sura warapsara bala saha dewa kamini,
Sakasa prihatin ri denita ya purnawijaya siniwi ng suralaya,
Apan eweh amet nata masiheng bala kadi sira sang huwus licin,
Wruh ring maryada yukti nitya sadumadyakena guna ni sang kanirgunan.(2)

Tekwan tingkah ing apsari sahana ning sama kapihutangan karasikan,
Lengleng moksa manahnya yan mangen I polahira wiwuda nata ring dangu,
Prapteng wisma tinurwaken lara nikenimur-imur apa tan kenenimur,
Tontonen ri sagatra sang seneng aninggah ri ya masaput puput muka.(3)

Brantapan pratiwimba ni manah ananggraha ring apa kena waran nghulun,
Yawat rupa katona wimba ana ring manah anut I dumadyaken tutur,
Tawat mangkana rakwa tang wacana kasrawana dadi mawimba ring manah,
Sang yogi lumebur tutur idep apan ya pinaka helet ing kamoksan.(4)

Akweh yan caritan warapsara wadu sahana nika pada kasukoku,
Len tang lalana sungkawa meng-ameng ing taman analimur onek ing lara,
Wanten rakwa gurit nira ng wiwuda nata kamekas irikang yasahalep,
Ye kanung winacanya lagi kaidep ananira n angucap lawan priya.(5)
Ring janmantara tan saheng kita yadin satema hrani aringku ring taman,
Yadyan tunjunga masku dadya talaga nghulun aheninga nitya pangdyusan,
Dong ngwang wara ning rara yan adamu nging atewasa pawitra don kita,
Yan kalanta sinahaseng away moga madelema kakanta raksaka.(7)

Yang pangdadya kitasana ngwang ibu dadya jalada marek anghemu jawuh,
Buktin sihkwa temah riris ya kagereh mapaga semi ni kungta hathate,
Ndak ton arsa ni masku kembang anedeng wruha kiri wilasa ning hulun,
Ndan ring satpada tan sahing mareki rumta katuturana dengkwanumbana.(8)

Nahan lambing I sang wisata winacanya winalu-walunyan winahyaken,
Ambek ning wiwudangna lara temuh kadi kahilangan atma jiwita,
Mangke tan kawenang kinas lara nika lwir apui amangan ing merang ujwala,
Sambatnya melas asih titir musap I luh nika malupa ri lungsur ing tapih.(9)

Ah sang dusta kiteng paturwan apa yan tan aweri warastra ning smara,
Ngka pamerang ning alis ning adyah alungid kelab I pamata ning kinewala,
Tan keweri panumbak ing susu jajanta kaka puji-puji stira ng brata,
Sing heman kararangku mlya inalapta tan awelas anidra ring hulun.(10)

Lunga tinggal adoh kita ngwang ing asang golakena pangucapta masihan,
Inak nguni sinaksyan ing madana bagya ri aati bejaheng pasanggaman,
Sahya satya tekapta mojar anesep lati idep ataleh luwik dahat,
Sotkwanging sira widya ning smara panumpala wenanga malui maring hulun.(11)

Lwambek masku mene ng kulem lumekasa ngwang asekunga sudira manghyanga,
Puja n ring sayana sekar pangisi ning gelung asepana ganda ning pupur,
Lumra ng kembang ura rupakara gego telas aturanangkwa kita caru tengah palar

tika.(12)

Mangka sambat ing apsari katanehan lara turida tininggal ing senong,
Lwir norapsara nata sambawa siwi n gati nika pada lengleng ing manah,
Tan wruh pangdan ikang widi ana ring asrama palanika punya ring jagat,
Byakta drewya ni sang miwo kusala dharma ng amarapada len warapsari.(13)

Nahan ingan iking kate huwus I purnawijaya gumawe tapa brata,
Ngkaneng hyang wara meru parwata lawan kasihira n apageh mahayani,
Sampun kunjarakarna sida lepas ing jinapada tumemu ng kamoksakan,
Ngka rakweki muwah lepas prawara purnawijaya sira moksa sapriya.(14)

Yeki kunjarakarna dharmakatana ksamakena keta de sang angrengo,
Tan samwas katunan lango tekapira mpu dusun awetu matra bhasita,
Puspajalya ri jong nira n kawi samenaka pakena nirastu sanmatan,
Tekwan sihnira antusan panikelan tana amuruk I tingkah ing mango.(15)

Wyarta ng natyana dadya masruti tuhu n palalu niki pangantyan-antyana,
Yadin kalihanapusen muwah amalingan ing anemu rowang ing mango,
Donya tan kahurapus ing nghulun angungsya wacananira ng agawe ayu,
Kangken sida manojna tang manah ilunya ri para kawi mitra susrama.(16)


[Pupuh 41]

Iti kunjarakarna, kakawin dharmakata samapta.


[Epiloge]

Pascat sinerati de dwija hina guna aparinam jayesta kageman,
Sinwikara kinonira ng dipati putra makangaranirarya lunglungan,
Tus ning wangsa supanji sakti sira kaprakasita mawiweka sanggraha,
Prajneng gita wicaksanamwam gunadika kadi ta sang udawesaba.(1)

Awas nindan ikang mulat ri ulah inghulun atisaya ingsakaksara,
Ginantung ana len pinatyan I kana sama-sama kadi wurya ning sata,
Anging ta ksama deni sang sujana sudyamaca ulih ing atpaden lango,
Panggil mampir asih wagiswari riki nghulun atita nirarta duryasa.(2)

Yan kangen kahitung lyan ika cara sang wiku kuningantra ng manah licin,
Kasaktan ri kanong kadharman apageh manahira kadi tan tekeng pati,
Nahan lwir sang angisti lembana satata sipin umulaha ng brata tapa,
Nityamongta ri sang hyang agni tigamurti dharma I sakalangarcana.(3)



BHAGAWAN BUDDHA GOTAMA

1b. Namo Bhuda ya.
Bhagawan Buddha Gotama, mawarah-warah ring sisyanira, ring pamutusing Aji, “E

anaku Sang Sewakadarma, sang mahyun malwaya wisesa, rengenen kumajar ing Aji,

kang sinanggah dharma, amajarake na tang tatas sakeng Aji, anging byakta

tuhu-tuhu juga, apaning Aji ngaranya hana ne ngucap,hana tinuduh, hana ginegwan,

hana i ngaku, mangkana swabawanya, karane hana ingaranan Aji.”
Kuneng sang putusta mangkana ika, Bhatara sida juga sinamaya, tan arwa lan kami

ring Sri Bhakti-bojana, Sri, ngaranya, mas pirak ratnadi; bakti ngaranya, sembah

sarwa prenamya; bojana ngaranya, salwiring upaboga kang alep. Taha aywa ta

mangkana, yan tumarima sri, yangken dinol wineli Sanghyang Darma, yan tumarima

bhakti, yangken bedaken Sanghyang Darma, yan tumarima bojana,a-
2a. nadah kawetwaning/samaya, aywa ta mangkana, lebok ngaranya Sang Wiku, yan

hana drewe kaharep.
Yan tumarimang sri, lebok ya ta kawisesa ring lupa.
Yan tumarimang bakti, lebok ya ta kawisesa dening tamah, apan yan amangan wareg,

ya hetuning enak turunya, wiparita Sang Wiku yan mangkana, apa don Sang Wiku yan

mangkana, mungsimaning sangsaya, Wikalpa, Tresna, lupa yan tumarimang sri, mas

pirak, yan tumarimang sembah ya suka , yan tumarimang boga paboga, etun ing

nangkana, kapanggihaning samaya, apan Sang Darma mayajna sunya ta, nda mangkana

sang putus.
Kunang pretama Sang Mahaputus, sira ta sang malinggih ring Padmasana, sang

tumarima Sri bakti bojana, sira sinambahira ring rat, sira Sang Ratu Guru,

Umarah ring Niti Yoga, pan hana ngaran ira Bhatara akarya dharma sira, mangkana

ta rehanya, kalinganya-
2b. naku, pwa pet perih kahilangan/ ing sarira, ndah aywa tan inaku, tan inaku

ngaranya, kadyangganing wang amangan ring paletan, sumurup ring longan, tan

inaku ngaraning sarira yang mangna. Inaku ngaranya tan ilang ning cara maryada

yukti, mweng menget saking kinawruhanya, inaku ngaraning sarira yan mangkana.
Perih kahilanganya, makadwara wruh ring sangkan paran, perihpalepasaning buwana,

ndah aywa ta ingatilepas, makadwara yan wruhanagata tan wipata, prih

kahilanganing bayu, aywa ineb, kang makadwara kanirupeksan, prih kahilanganing

sabda, ndan ayoga umeneng, makadwara kasarbwajnanan, prih kahilanganing idep,

aywa tan pageleng, makadon wruhaning mangawruhi, prih kahilanganing tutur, ayo

ta lupa, makadwara wruhning manon, ayoga wuta, makadwara katemu tan pinet, ndan

sira wisesa, perih kahilanganing wisesa, makadwara umakwa tan pawastu, nahan

pretama sang wuwus, ndah
3a. pada Bhatara, ri sakala pretyaksa, ring notsahaning jagra pada, ati mwang

turyapada ika, cep wang jnana, luput sangkeng kayatatwa, yata Turyapada

ngaranya, 2 , ri samangkana tang sinagguh widon, lawan sinangguh maturu tan

pangipi, nda tan keneng premanan, makahetu padam ning jnana indriya, misep ring

Antahredaya, aywa aywa tan pratipaksa, ring paksa mangkana, aywa tastuti, apan

prajna parimitte, iking jnana, mwang sarwa karya karta, ya tika hetuning

mangatita, matangnyan lina umenong wruh tan apunggung, walyakena pamutus nguni,

maring sarira dening wruhning sangkan paran, ikang taya wyaktinyan sangkan,

mangandeling ama Ratih, ikang jnana laki ta ya ika.
Puneng wyaktinyan paran, rikalaning pati ndi paranya, mareng sunya jugeka,

kalinganya dadi sakeng taya,malwaya maring taya, mangkana swabawaning jadna.
Punang sang putus, tan malwi ya ring sangkan paran, nimitan
3a. ing mari masarira, / apan mari kabuwanan, dening anagata, tan wipata,

ngaranya, anagata ngaranya, tan tumut wipata ngaranya, tan karaketan,dening

marana bayu, den ikang manen, dening wruh katemu tan pinet, yan mangkana ya

siananggah wisesa, dening tan w pawastu.
Ndah anaku ya tika kunci rahasya ngaranya, ndah ring Parama paseat Sanghyang

Premana, sakeng telengning hredaya, patinggalning Rekamaya, gawenira ring sakala

niskala, kang katon karengo, kahambung kaucap, kahidep, yata umisep ring gawe,

pagawenira ngaranya, ikang idep mwang tutur, yata mapisan ring premana,

kalinganing premana, marya mapremanaken, ya sinanggah wiesesa, tan inggatning

wisesa, ya moksa ngke ngaranya, maputera sidaning kala, rep pwa yi sira, umeneng

umibeking tan kabawanan, tan sinariran, tan hana ajnana, ya kalinganing sida

moksa, lepas sida ngaranya, sing hening sing hening rupa warna, moksa ngaranya,
4a. ri denyan tan / kapangguhanya, lepas nagaranya, ri denyan p luput ing jnana

mwang sarira, aywa tanakwa aywa mine, aywa tinembe, aywa anasama, ring kuna-kuna

aywa minangkana, ayo minangke, apa pwa juga, awa byakta tuhu tuhu jugeka, kumwa

kunang linganta.”
“Anaku Sang Sewaka Darma, apa pwa tan terus tumon Bhatara ring Campa, ring

Malayu, mwang sarwa desa, yan tuhu byapaka arananta, awananta maring Sabrang,

kunang yan ramon kanista ika, yan banawa kunang, madyama ika, kunang ikang

utama, wiwahana juga, wiwahana ngaranya, mangke nucap mangke teka.
Mangke teka ngaranya, iki Bhatara Sinamaya, sama, nga., padha, ya, ya, nga., tan

dudu, wyaktinyam pada, rikala aripning sarat, wyaktinyan ya wisesa, ikang iking

de sang umanggihaken, kalinganyanaku, marya ta kon, marya angucap, marya awarah,

mari winarah, mari umet, mari pinet, apan Bhatara ngucap, / apan Bhatara inucap,
4b. Bhatara winarah, Bhatara mawarah, Bhatara amet, Bhatara pinet, ya

kalinganing langgong, menen tan molah, wruh yan samaya wisesa, ika basa samaya

ngaranya, ikang ngke tan inucap, ya ika kunci rahasya ngaranya, atita Bhatara

ring bunawa, pagehakena ring telenging swatma, aywenaranan, ayo tinuduh, aywa

anaku,aywe nusana.”
Kunang hetuning mangaliha Bhatara ring buwana, marya angsana sang kinabaktyaning

rat, kunang yan tumuta bakti, rwat eka edepanya, kumwataken Bhatara ring buwana,

nor aken Bhatara ring sarira, branta sang putus yan mangkana, tumutaken ambeking

rat, apan tunggal ya Bhatara ring sarira, yan ring bwana tan enak tapa,

gili-giligen mwang Bhatara ring sarira, ya hana sangsayanen, tan molih umeneng

juga, pinaka sandi-sandi ngaranya, mandadiaken anu-
5a. pdyanta, pamutusing sarira, yan / awuk drewahikang sarira, tan milu Bhatara

awuk, haneng prekreti juga sira, prekreti ngaranya, ikang taya,
Kunang hetuning kasapta tan peteng, ritekaning pati, apanya tan alah ikang

sangsaya, ikang wikalpa, tresna lupa, rikalaning ahurip, ya hetunika mangdadi

mwah, sangkaning prekreti ika, mandeling Suklaswanita, kelwilu Bhatara dening

idep, apan ya mala aken, tutur wikalpa, tutur nimitaning kasaputan, ring anta

sarira, matangnyan asoyi Bhatara tanu ring rat, tan milu bwana, tan kasaputan

peteng, tan kapadangan dening Aditya, apan gawenira ring Wikalpa ika, mangke

tiki wekasing wisesan ya pada, ta ya sih apan katawengan dening sakala, predana

sarira Bhatara, matangnyan tan wenang mangkana.
Kuneng ring Antasarira, sida wisesa moksawak, tan katamana wengi sira,

kalinganya mati rumuhunya, tiniwaken tan pagagada, i-
5b. kang / tumaki taki iki, pada niskala pati, mwang niskala mangke, yata byakta

tuhu, tuhu ngaranya, ayo kadi angrengo gereh, dening mangrengo kojaran Bhatara,

kalinganya gumuruh-guruh, tan wruh ri wekasanya, aywa kadi angambung sekar,

kinadut dening wang lyan, dening ngrasani rasa Bhatar, mangambung tan wruh ri

unggwanya.
Kunang sang putus wruh, ri unggwaning tan pahunggwan, wruh wekasing tan pawekas,

tan inawitan ikang don, i don kalinganya, yeka sabda asat ngaranya, yawat

mangkana sari-sari, ya pawak Bhatara, ndan sira ta Sri Jagatnata, Sri

ngaranya,mahalep; jagat ngaranya, buwana mwang sarwa jadma; nata, nga. , Prabhu,

ndan sira kawitning sarwa tatwa, sira mijilaken en buwana, mwang sarwa jadma,

sepakaranya, kalinganya sakeng masakala, hana ikang sarira, sakeng sarira ikang

Aji mwang guna, sakeng guna aji ikang
6a. Dewa, sakeng Dewa ikang tuduh,/ sakeng tuduh hana ning sor mwang luhur,

sakeng ser luhur, hana Wetan, Nidul, Kulon, Lor, ring padya, ika Sanghyang

Pamutus, mangkana anaku Sang Sewaka – darma, kengetakena aywa lupa lingning aji

iki, lingning Bhagawan Bhuda Gotama, bwat upadrawa, namo Bhuda ya.
Swaha swasti ya nama swaha. Kala wengi.






JINARTHIPRAKRTI

Om Awighnam asthu!

Nahan laksana sang tathagata mahayana pwa yan kawruhi
Purneng rupa sacihna sang wiku huwus mandel haneng jro hati
Mundi goduwa len ganitri paragi mwang sambarasryaputih
Mwang tekang katiwandha yogapata sakweh ning sinangguh krama.(1)

Nahan mundi ngaranya sang makamanah dharmaswabhawahening
Suddha prakrti nisprapancamaya sunya jnana nirsanggraha
Nirsambodhana nirwikalpakamayalilang mahasaswata
Mundi pwaiki ngaranya nitya maparas murdhang lengis nityasa.(2)

Jnana wruh mangiring pasuk wetu nikang pranadi buddhyatsaha
Mwang wruh rider ikang sarira mahili mendran lana cakrawat
Ndah nityanghanaken prawesa makadon prityang prajamandala
Nahan teki ganitri tan pasalahan de sang mahapandita.(3)

Nirbyapara nikang manah ya ta maweh prityang nikang rat kabeh
Mwang sang dewa sireki mukhya ginawe tusta niran langgenga
Mwang sang rsi sireka langgenga siwin mangde sukha ning praja
Yeka goduwa tan kasah ri sira sang mahyun tumemwang taya.(4)

Buddhi lwir rawiteja lumra sumeno ring sarwatatwagama
Otsahana rajah tamah pada geseng sakweh nikang sadripu
Artha mwang kama sabda len dasamahabhayalahawreg hilang
Nahan tang paragi prasiddha tininget de sang masadya hayu.(5)


Jnana lwir hening ing langit kinatayan dening hima mwang limut
Wruh ring sarwawisesatatwa nguniweh ring buddhamargottama
Tingkah sri jina ring sarira kahidep dewi niran sakrama
Yeka sambara tan wenang winasehan tan bhasmi dening panas.(6)

Jnana wruh humidep ri sunyata nikang sarwatatwa dharmatmaka
Sthiraningseti tunggal ing sakalatatwa mwang sarirakrama
Mwang pancendriya buddhi tan pamisaya tan kapusan byapara
Nahan tang katiwandha ring paramatatwa ndan ginuhyeng manah.(7)

Prajna wruh ring awesa guhya atiyoga mwang hidep wiryawan
Salwir neng surapuja yeka kahidep nang dewaharakrama
Sarwopakriya sarwadesana telas tang mantra tantra stuti
Yeka yogapata prasiddha kumawitan wetwa ning durnaya.(8)

Jnanotsaha taman pegat mulahaken puja stuti sri jina
Suptadikriya tan katalyan iniwo nangken trisadhyatutur
Mangganghela tan artha karya magawe dharma trikayottama
Yekangken kaharan sawit ri sira sang pandyahyun ing sunyata.(9)

Pujanta sthiti sarwalaksana ya puja sing sasolah bhawa
Salwir ning wacanamanis parahitangken mantra nityasthiti
Sing cittanta japaprayoga magalar bayu triratna traya
Sing karyanta ya yogakarana ri siddha ning kayogiswaran.(10)

Silantaginaking mulat ya tika kembang tan malum nityasa
Sing sojarta kapanditan mijil arum gandha wanginyan sumar
Wruhteng tatwawisesa buddha ya tika wijanta nityagelar
Jnanahning humideng maya kadi minak yeka niwedyahalep.(11)



Nahan hetu ni sang wuwus wruh irikang dwimatratatwalicin
Byakta tinghala tatwa sakrama nikang tantrenusir sang wiku
Anghing jnanawisesa buddha kahidep tan dura tan sangsaya
Ndan samangkana tan sapeksa ri ulah lwir bhranta ring laksana.(12)

Wwanten teka gegon bratangkenan ikang de sang makinkin hayu
Nang satparamita prakasita gegon tang dana ring purwaka
Len tang sil muwah ta santi saha wirya dhyana len kawruhi
Prajnantyanya ya teka kawruhi nihan tang dana tingkah nika.(13)

Ambek nitya leba ring artha nguniweh yan twak sekul bhojana
Lawan stri tuwi putra putri yadiyan tawehaken ring maton
Rah len mangsa atinta soca yadiyan kawehaken ning maton
Nahan teka ya danaparamita yekin tambayan kawruhi.(14)

Raksekang jinasasana krama nikang siksa tata gegwani
Tan byapara tikang trikaya ring ulah yan ton sukha ning para
Nang pranatipatiwiratyadi ya teka dohaken purwaka
Nahan kawruhi silaparamita manggeh wwang tumengwang hayu.(15)

Ambek lwir madhu sinyukan madhu sedeng ning wwang maweh duhkhita
Tan molah humideng wisuddha mahening himper wiyat nirghana
Aptyaweha sekheng manah lara kedeh mahyun sukha ning manah
Santiparamita pwa nama nikahen yekan gego nityasa.(16)

Tan warsih nikanang trikaya pagawe karmahajeng nityasa
Yapwan ring rahineng sinapwan angaji mwang lot mamujanulis
Yan ring ratri majagra yoga japa lawan dhyana puja sthuti
Wiryaparamita ki kawruhi mahamargangusir sunyata.(17)



Jnananunggalaken sarira kalawan sing sarwasattwatmaka
Dehangkwajana sarwasatwa marika dehangku satwatmaka
Nahan hetu ni sih niraksama rika satwadikadhah tuwi
Yeka dhyana ngaranya paramita teki swargamargapageh.(18)

Jnana wruh ri atinta len anagata mwang wartamanakrama
Mwang ring sarwawisesatatwa samaya mwang sarwasastragama
Wahdyadhyatma wisesayoga sakala mwang dikwidikdewata
Prajnaparamita kramanya ta gegoh manggeh wekas ning brata.(19)

Nang satparamiteka purwaka gegontan mahyun ing sunyata
Byaktasih pwa bhatara buddha ri sira sampun kacittagraha
Apan mula wisesatantra wekas eng tattwenucap sang wiku
Jnanadwaya wisesatatwa nikihen dewi mahakarana.(20)

Wwanten paramita kramanya acatur brahmaviharapageh
Metri mwang karunadulur mudita len tekang upeksangiring
Nang satparamitapupul pwa yan lawan brahmawiharatemu
Yeka paramita prasiddha dasa saksat karuneng sri jina.(21)

Nahan metri ngaranya buddhi gumawe kahaywan ing rat kabeh
Lawan tang karuna pwa buddhi malaranon wwang mahaduhkhita
Len tekang mudita pwa buddhi sukha yan ton tusta ning wwang waneh
Ambek suddha parartha tan phala katonnyopeksa ling sang wiku.(22)

Lawan ta haywa malupeng bhuwanang sarira
Abdhi mwang adri paramottamadehatatwa
Manggeh pangasrayana ning mangusir kamoksan
Apan tika pwa maparek saki pada sanghyang.(23)

Nahan ta tingkah ing awak jaladhi kramanya
Raganta tan patepi yeka banunya majro
Dwesanta meweh ika teka karangnya durga
Mohanta wibhrama sumek ya tikombakagong.(24)

Dambhanta tan pahamengan kruramina rodra
Irsyanta sarwawisa sarpa wisesa mandi
Matsarya yeka talatekna suket maheweh
Lawan tikang trimala yeka harusnya madres.(25)

Lawan rajah tamah ika tang alusnya nitya
Krodhanta yeka ya riwut mariwung hanginya
Pancendriyangkena hudanya barat halisyus
Jnananta mudha rasa ning banu tikta lumra.(26)

Jnananta dhira ya ta panghilangan maheweh
Prajnanta yeka matemah ksirasagaralwa
Tekan puter ta ya ring adri mahawisesa
Nang linggacetya himawan ndin amandalani.(27)

Yeka ganitri ya ta sarwajinan patingkah
Nangken watek hyang amuter tikang adrilingga
Nang sutra yeki paramottamabuddhisattwa
Kangkenya naga pamuter nikanang watek hyang.(28)

Enak pwa denta mamuter nikanang watek hyang
Wijnana paramita teki wilangnya sunya
Hyang sri ya tanggalaniran rumuhun ta welkah
Kangken ta pawakaning amrta meh katemwa.(29)



Enak pwa nirwisaya ning ksiracitta sunya
Bayu triratna humeneng sthiti ekatana
Yeka ta darsana bhatara wisesabuddha
Maya prabhaswara sira nirakaradeha.(30)

Saksat sireka ta mahamrta suddha suci
Ndah yeka tang pana sirerika sari-sari
Byakta luput sira sakeng maranatiwrddha
Byakta kang astaguna tan sah awas panutnya.(31)

Nahan ta tingkah ika angga samudratatwa
Tingkah nikang tanu mahendra nihan kramanya
Ndan utamangga hata srngga ning anggaparswa
Padanta pada nikang adri sariratatwa.(32)

Sadwarga durgama suketnya jurangnya majro
Mong singha barwang ikanang trimalatirodra
Dursilatrsna paranganyan asarpa mandi.
Mwang tang rajah tamah udanya gelap halisyus.(33)

Kyeka pangasrayana ning mangusir kasiddhan
Bentar babad suket ikang ati ring kadhiran
Wruhteng mahaparamatatwa wadung atiksna
Wijnana dharma tarukan pagagan ta donya.(34)

Ndah yeka tunwani tayeng smrti suryatiksna
Byaktageseng sahana ning suket ing sarira
Sampun pwa nirmala geseng geleh ing swacitta
Manggeh tayan wuluku ring brata puja mantra.(35)

Sampun pwa tandurana yoga lawan samadhi
Rangkata yeng kusa lawula ni sila yukti
Jnanahening ya mangeno diwasantacandra
Byakta jinasmrti tuwuh nika saswatanggong.(36)

Byakta phala pwa ri katonta bhatara buddha
Manggeh sireka pangaranta pakopajiwan
Enak pwa denta masamuha lawan bhatara
Siddheka siddha kaharan tekan ing kamoksan.(37)

Irika ta karananyaya ndan ta wruhi rumuhun
Nihan iki phala manggeh nahan kawruhi wekasan
Krama ni tanu bhatara hyang buddhanghibeki sarat
Aganal alit anuksmasteswaryeccha nira sukha.(38)

Kunang iking inucap don nirdon ta mucapa rika
Apan ika teka poh ning karya mwang karana pinet
Nirawarana nikin ton lwir jnana niralaya
Aparek ika sakeng sri sarwajna saha mawekas.(39)

Jinarthiprakrti pralambang kamahayanin.

KALAPURANA- PAKEM UNTUK RUWATAN

Awighnam Asthu!

Iti kalapurana, maka purwaka sang hyang siwa ring swarga siwaloka, kawuwusen

bhatara siwa, ana putranira kalih siki laki-laki, kang panuwa sang hyang kala,

kadi tapning raksasa warnanira, kang ari sang hyang pancakumara ngaranira, kari

rare, apekik warnanira, sira bhatara kala duk mijil sandyawela, ri dina

wrespati, pon, wara wayang. Sang hyang pancakumara duk mijil sedek prabata, ring

dina, tja, kliwon, wara wayang.

Sang hyang kala matapa ring sema stananira. Ika rare sang hyang pancakumara,

kari aneng swarga, iningu de yayah ira bhatara siwa. Mangke tucapa sampun aluhur

sang hyang kala, wineh nugraha de hyang kasuhun kidul, wenang anadah wang,

sawijil ing wara wayang, salwir ing wang lumaku tengah ngwe bener, mwang wang

lumaku ring sandyawela, mangkana panugrahan ira sang hyang kasuhun kidul.

Dadi menget bhatara kala, ring kadarmanira, apan ana arinira pareng mijil ring

wuku wara wayang, wenang pinaka tadahnira, apan sang hyang pancakumara aweton

wuku wara wayang, ring dina, ca, kliwon. Yatika denira sang hyang kala manangkil

i yayah ira bhatara guru, satekan ireng swarga, pranamya ta nembah i jeng ira

bhatara siwa, mojar bhatara siwa ring sutanira; ‘duh anaku hyang kala, bage

kamayangan tekan ta ring rama ya bapa, aparan prayojanan ta, dak warah ri bapan

ta, manawi wonten pamidin ta ri kami.’ Ling sang hyang kala; ‘singgih doning

padgata kala anak ta dating, ulun aminta tadahan ri jeng bhatara, kadi pasung

ira sang hyang kasuhun kidul ri pinakang hulun, manawa wruhe jeng bhatara, aneda

kang rare si pancakumara arin ing hulun, tinadah mami, apan wetunya sang aweton

ring tumpek wayang, wang aweton mareng wuku wara wayang, pinaka laba mami.’

Mangkana ling sang hyang kala.

Sumawur bhatara siwa; ‘lah ya ta anaku hyang kala, kaya lingmu ri kami, hulun

nugraha, mene ana pasamayang ku ri kita laki, lamakane kita amangguh ayu

katekeng jemah, kita tan wenang anadah wang yang during akupak, away kita anadah

antekena rumuhun.’ Mangkana ling bhatara siwa, masinggih hyang kala, manembah

amwit ri pada bhatara siwa, ling bhatara; ‘rahayu tanaku yang mangkana.’

Henengakena ikang kata sakareng, watara wonten limang tahun, menget bhatara kala

ri samaya, umedek muwah, ring jeng bhatara guru, muwah aminta sanake sang

pancakumara. Ling bhatara; ‘ana patanggeh mami ri kita anaku, malih akajeng,

antya kena denta.’ Ling sang hyang kala; ‘anak paduka bhatara anuhun, muwat

amwit sang hyang kala, muwah ri wesma nira nguni.’ Ucapa bhatara siwa amecikana

putranira, sang hyang pancakumara, winastwan de bhatara guru, tan wenang atuha,

kewala rare juga, tucapa huwusnya sakajeng, muwah datang bhatara kala, manangkil

i bhatara guru, aminta sang hyang pancakumara, mangkana ling bhatara siwa asung

wacana ring putra nira; ‘kamung anaku sang pancakumara, tan urung kita mangke,

tinadah de kakan ta sang hyang kala, ri tekaning dia caniscara kliwon, wayang,

kunang mene ana pangupayangku, pamahayu sariranta, wenang tinular i wang ring

mrecapada, katekeng delaha. Mangke ana mami rumenga wreta sajati, ana rakwa ratu

lewih ring madyapada, maka ngaran prabhu mayasura, ratu jumeneng ring

kretanagara, marangka kita anaku, amenda mekula kita, aminta sraya ri sira, maka

pangileng urip ta, apan kakan ta hyang kala, malih tigang dina mangke, ring

caniscara, kliwon, wayang, arep anadah sariranta, lah age kita tumurun mareng

mercapada, angulati ratu ring Kretanagara. Neher winastwan ta sang pancakumara,

astu kita anaku dirgayusa pari purna.’ Mangkana ling bhatara siwa.

Anembah amwit sang pancakumara, mintar turun ring madyapada, dumunungeng bumiu

Kretanagara, jumujugeng pura nira sang prabhu mayasura, sedang tinangkil ing

bahudanda nira kabeh. Ta danantara, datang sang hyang pancakumara, makidupu

sumungkemi pangkwanira sang prabhu, kagyat sang nata mayasura, agya atanya ri

sang wawu prapta, ling ira; ‘i aparan kita wong rare teka sumungkem i

kisapwangku, saha tawan-tawan tangis, lah warahakena.’ Mojar sang rare cili,

maka ngaran panca kumara, tan ana waneh don mami dating, aminta sraya angilen ri

jeng maharaja, sawet ning ana kakangku sanak matuha, wineh nugraha ring sang

hyang kasuhun kidul, sinung nugraha amangan wang, asing aweton wuku wara wayang,

wenang tinadah de sang hyang kala, hulun aweton ring dina caniscara kliwon

wayang, yatika donya nakta, prapta, aminta sraya mengilen rijeng sri naranatha,

lamakane kari angesang, mangkana ling sang panca kumara. Ujar sang prabhu, uduh

anakku sang panca kumara, yan mangkana, kami angilekena kita. Irika ta sang para

mantri kabeh, kapwa sumungsung sadateng sang panca kumara, pada awelas ri sira.

Mojar sang prabhu mayasura, duh masku sang panca kumara, away sangsaya, ingke

angilen ri kadatwan mami, munkari agesang yeki si mayasura, mangke kami makon

ring tanda mantri kabeh, angatag pwe kang peka yoda, prasama rabdang sanjatam

kita daran maraheng dalem puri, prayoda mami mengemit kiteng yawa, tumandang i

sadatang sang hyang kala, arep mami amagut kasinga wikrama ne sang hyang kala,

mangkana ling ira sang prabhu, tandwa tinuntun sang panca kumara, maraheng jero

kadatwan, henengakena.

Tan dwa kinon de sang prabhu, anabeh teteg agung, saha rabdang sanjata, kinon

angider i puri sang prabhu, kinon amagut satekan ira sang hyang kala. Amangke

sampun ira sang panca kumara, angilen ring kadatwan ira sang prabhu mayasura.

Tucapa muwah bhatara kala, apan teka samaya sangketa nira nguni, ri tekaning

dina, caniscara, kliwon, wayang, lumaris sang hyang kala, manangkil i bhatara

guru, umungwakena waneng sangketa nira nguni. Ling bhatara siwa, lah menget kami

sobayang ku kita laki, mangke kami asung nugraha, kaya pamuhun ta ri kami,

anadah sang panca kumara, lah ruruhen den ta, apan yan uminggat sangkeng swarga,

Manawa turun mareng mrecapada, irika baksan ta, apan aramih ana ring swarga, yan

kita ingke amangan wang, mangkana ling bhatara guru. Dadya amisinggih sang hyang

kala anembah amwit ri jeng bhatara guru.

Tucapa ri lampah sang hyang kala, tumurun mare mrecapada, irika bhatara guru,

mangen angen kahaywan i putranira, amastu denya amanggih kadirgayusa.

Tucapa ri datang sang hyang kala aneng madyaloka, kahambung-hambung ne sang

panca kumara, apan anang wijayamala, mara wonten ing bhumi Kretanagara, jumujug

sira ng kana, kapanggih punang wong pada sregep anengen sanjata, wawang hyang

kala matanya rikang wang agelar kabeh, boh kamung manusa kabeh, angapa don ta

amanguna gelar, sangkep ing wara yuda, saha busana ning aperang, sang apa satrun

ta warahen ta ku de mu kabeh, lamakane ngong weruha, mangkana patanya sang hyang

kala. Mojar sang tinakwanan, kami kinon de sri maharaja, manglagana kamung kala,

kinon amejahana kamung, dosanta anadah wang. Sumahur sang hyang kala, langgah

ujarmu kamung manusa, wehana sang panca kumara, mula tatadahan ingong, agawe

paran gumegeti sang panca kumara, mula baksana ning ngong, yan tan sawehan mu,

masa kamung huripa den i ngong, sawur manuk kang prayoda kabeh, ah tan paweh

nghulun, irika kroda sang hyang kala, pinupuh tang para yoda kabeh, rinebut sang

hyang kala, dening prajurit eng Kretanagara, tan pangrat sengit sang hyang kala

tiniban wara sanjata, malayu wadwa kabeh, sesaning mati, akweh atawankanin,

rinujak de sang hyang kala, tan ana wani mulat ngaranya, ana umaturi sang

prabhu, ryalah tang pekayoda, aperang lawan sang hyang kala, irika sang prabhu

mahasura, gelis mantuk sakeng watangan, marahe dalem puri, mawuwus i sang panca

kumara, kinen angilen sakahyun ira, mojaraken wadwa nira sampun alah, muwah ling

sang prabhu, ri sang panca kumara, ndah mangke nghulun mamwat pejah, tumangguh i

kita, tumandang i pamuk sang hyang kala, muliheng wiraloka. Mangkana pawekas

sang prabhu mayasura, tucapa sang prabhu, atanding kadiran kamawan sang hyang

kala, njorok jinorok, yan pira kunang swenira yuda, pejah sang prabhu tan

pasara. Annuli angranjing sang hyang kala ri jero ning kadatwan, rinuru sang

panca kumara, masowe nora kapangguh, dadi inambung de bhatara kala, wijayamala

nira, cihna ni dewata, huryan i sampun mijil sang panca kumara, binuru nira

muwah, dadi kapanggih ring marga agung, atawan tangis sumambe bhatara, tan dwa

sinikep de bhatara kala, neher anela, tan katakana.

Tucapa bhatara siwa, rumenga pasambat I putra nira, sigra tumurun paren lawan

bhatari sri, anglinggih I lembu lanang sweta warna, mijil saking ambara, irika

bhatara guru, amastu sang hyang kala, umutah, lingira astu sang hyang kala

umutah, dumaleg sang hyang kala, dadi mijil sang hyang panca kumara, malayu tan

pamput-amputan, ilang tan pajamuga, kapanggih bhatara siwa akalihan lawan

bhatari sri, anitihi lembu lanang sweta warna, lumaku tengah ngwe bener,

kamantyan kroda nira sang hyang kala, arep anadah bapa ibu nira, umangang

tutuknya kadi singha rodra, annuli mojar bhatara siwa, lingnira, ih aja kita

anadah bapa ibunta. Ujar sang hyang kala, dah salah lampah bapa ibungku, asing

wang lumaku-laku masa tengah ngwe bener, wenang tinadah mami, mangkana ling sang

hyang kala. Mawuwus bhatara siwa, lah ya wenang kaya ling ta, nanghing yan kena

den ta njepani cacangkriman mami, mangke bapanta ngawistarakena, yan kena denta,

tadah bapa ibun ta, teka ning lembu ning hulun. Misinggih sang hyang kala, ling

bhatara siwa, slokha;

Astapada sasti karno
Dwi srennggi sapta locanam
Catur buja trinabinca
Eka baga dwi purusah.

Maswe bhatara kala, umangen-angen lwir ing sapta locana, tan wruhnya ri soca

ning kalpika kara sanunggal, lyan sangke rika, kena de nira anjepani tan dwa swe

pitungka sang hyang kala, lawan bhatara siwa, anjapani cacangkriman sang bapa,

yan amesem ri dalem ati swacita bhatara bhatari, ri kemengan sang hyang kala.

Tan dumade, sayan lumingsir palaku sang hyang, wande bhatara kala manadah

bhatara bhatari, apan ya alah acacangkriman de bhatara siwa, mur bhatara bhatari

mulih eng siwapada muwah.

Tucapa bhatara kala, muwah inambung gandane, wijayamala hira sang panca kumara,

binuru nira muwah, dadi ana wang anlesang lalang ring nadi, kari mabanda kalih,

katon sang panca kumara, sumurup ri tengah ing alalang, tan dwa sinambut ikang

alalang, linukar de nira, humesang sang panca kumara muwah ring doh, krodha

bhatara kala, winastwan ikang wang aneles i alalang atali kalih, ujare, syapa

jwa ngenceba alalang matali dwa, nora nuculan talinya lagi manunggal, astu wang

mangkana mene katekeng jemah, tan pawali dadi janma muwah. I telah mangkana,

muwah binuru sang panca kumara, katon angepep ri sor ing kalumpu, ri sornya, ana

indan aking, sahang ikapinesel tan inuculan talinya, irika sumurup sang panca

kumara annuli ginogo de bhatara kala, dadi meleca sang panca kumara, muwah

malayu mareng doh, krodha sang hyang kala, tur amastu. Nyen jwa ngedang sahang

boten jinenge, twara mbusana taline, astu tan dadi janma mwah.

Muwah kaburu sang panca kumara katon sumurup ri cangkem ing standila, muwah

ginogo de bhatara kala, dadi meleca karirun, apan nora tinutupan rirunya, krodha

bhatara kala, tur amastu. Nyen jwa mapunpun twara ngempetin rirune, wastu tan

pandadi janma muwaah.

Mangke tucapa sampun sandekala, nora kapanggih sang panca kumara, binuru de

nira. Dadi ana kapanggih, wang matukar lawan sanaknya, neher binaksa de sang

hyang kala, tur winastu kang rat, syapa juga ingkang wang, marebat masa

sandekala, wenang ya tinadah de ningong, mangkana tantu bhatara kala, muwah

rinuruh sang panca kumara katekan ratri masa ning tengah wengi, ana wang dalang

angwayang, nemonin wuku tumpek wayang, sang anama enpu leger ngwayang, sampun

angarepakena wayang, saha juru redepnya, wus tinabeh, swara nira manis arum.

Kancit datang bhatara kala, amuru sang panca kumara, anangis sang panca kumara,

amelas arsa, ngasraya minta urip, les sumungkem ri pangkwaning sang dalang, dadi

kagyat empu leger, tur angeling, duh syapa dewa kumureb ring kisapwan kune, ling

sang tinanyan, hulun mangaran sang panca kumara, anakira bhatara guru, aminta

urip ri sang pangempwan, nghulun maya tinadah de kaka ning hulun bhatara kala,

sinung nugraha ri sang hyang kasuhun kidul, salwir ing wang aweton ri wuku wara

wayang, hulun metu ring dina caniscara, kliwon, wara wayang, ya tika pangasraya

mami ri sang pangempwan, angeling empu leger, duh masku awelas aku ri kita,

hulun mangilwanen kita, sinambat sang panca kumara, sinurupaken ring lyang ing

pring palawah ing redep, redep nga; gender. Tan kocapa empu leger muwah

ngwayang, anutugaken palakwaning carite nguni. Sedeng ramya nikang wayang, jag

dateng sang hyang kala, jumujug mareng banten, dahat lapa wlekang, tan dwa

binaksa salanlaning babangkit kabeh, enti tanpasesa de nira, widi widana ning

ngwayang, dadi katawurag sang angwidu, mwang juruning mradangga, teka ning wong

anonton, pada andulu warna nira sang hyang kala, kadi trap ning raksasa

ngawatara, ireng warnanya, bang rambutnya, muriring awrut-awrutan, socanya lwir

teja ning wintang tumambaga, ageng aluhur pangadegnya, amaya-maya jati sira.

Mojar mpu leger, agawe paran paduka bhatara kala, jag umangan pabanten ingsun,

nguniweh during huwusan manira angwayang, ring endi mami ngamet widi-widana

muwah, ling bhatara kala, wehen tadahan mami sang panca kumara, apan kita

umungupaken ringke, ya do ning hulun umangan pabanten ta, kamu wong dala salah,

sawur empu leger, ndiana wong maweh, yan during ana paminta, satrunta sang panca

kumara ngasrayeng urip ri kami, yan ana paminta ta rumuhun, wenang kami paweh

tan paweh, apan during ana pamintanta ri kami, jag baksa pabanten ing nghulun,

bhatara kala salah, yan suluhin ring dharmasastra, pamutus ira batara manunguni,

pasilihan pabantening hulun mangke, bhatara kala kahehan de ning hulun, kang

abecik mangke, paduka bhatara asung nugraha ri pinaka nghulun, pakena ning jagat

kabeh, denya wruha, pasampriti ning hulun kalawan kita, mene purwakanya, wang

anawur hutang ri kita, salamlam ing pabangkit den agenep, salwir ing wang aweton

ring wuku wara wayang, marya kita manadah iriya, yan Tanya manawur hutang ri

kita, sakahyun ta bhatara kala, maka mimita, sanak ta sang panca kumara,

kasampurna de bhatara kala, kawruhana de ning wang kabeh, unggwaken ring rerepi

nugraha ta ri nghulun, kawruhana de ning wang kabeh teka delaha, wedaran ku

sanakta sang panca kumara, away suma, winetwaken sang panca kumara de empu

leger.

Irika somya wat ira bhatara kala, suka ambaksa sang panca kumara, sampun karena

sojar ira empu leger, sangke jerone talawah, wenang maka pakretining jagat,

masiheng salira nira, mur sang panca kumara mantukeng swargaloka, kari empu

leger angucap-ucap lawan bhatara kala, duh bapa empu wong amangku dalang, wadu

ngaran ta waneh, kawruhana de ning wang, kasuguhan ta amangku dalang ngaranta,

kreta nuraga ki ring rat, maha budhi metri karuna swabhawanta ri rat kabeh, maka

purwaka sakak mami, sampritan ta ri nghulun, masinggih mami sawuwusta,

pagehakena kita amangku dharma pawayangan. Nityasa mengeta kita ri kami, wenang

kita nibaken panglukatan ira empu leger katekeng jemah, iri pangabantenya

nimitanya kadi dangu.

Iti pabanten panglukatan mpu leger, lwirnya; angadekakena sanggar tutuan,

munggah suci 2, soroh, genep salamlam ing banten suci kadi dangu, ring sornya,

pabangkit asoroh, genep saruntutan ing pabangkit kadi dangu, ma arta 4500. muwah

caru sor ning sanggar tutuan, sata manca warna, olah anut urip kadi dangu,

walulangnya laying-layang, seganya anut urip amanca desa. Malih banten penebasan

sang aweton, angadekaken lahapan mabucu tiga, munggah suci asoroh genep, maulam

itik mabe tutu genep salamlam ing suci kadi dangu, sasalah arta 1700, muwah

bantene ri sornya, penek putih 5, iwaknya sata putih winangun urip. Muwah

sanggah cukcuk 2, genahang ring tangun-tangun kelire, malamak

magantung-gantungan, munggah banten tumpeng pada madanan, kembang pahyas, lenga

wangi burat wangi, sarnanya sakabwatan.

Muwah banten sang mangawayang, suci 1, saruntutan ipun genep kadi dangu, iwaknya

itik mabe tutu, saha pula gembal, masekar taman, pajegan 1, canang pangkon,

daksina sarwa 4, m arta 500, peras panjeneng, segehan agung. Wadah tirta

panglukatan sang empu leger, sangku suda-mala, matatakan beras, benang, arta

225, mwang sekar mawarna 11 warna, mwang rwi-rwi, samsam bija kuning, telas.

Tucapa mangke bhatara kala, agendu rasa, kalawan empu leger. Ling empu leger,

pukulun paduka bhatara kala, mangke yatika bantene anggen manira, panyampurna

krodha bhatara ri anten ta, sang anama sang hyang panca kumara, pinaka panyuda

mala geleng bhatara, muwah teka ring delaha, yan ana rare metu ring wuku wara

wayang, yan tan ana waline, banten pamukum jiwa ri bhatara, mawali dening

panglukatan empu leger, yan tan mangkana, mangka wenang hyun bhatara, anibani

danda, anggeringi adyapi tinadah de bhatara, akahyun ta wenang, anangkaleni,

winastun ta, tan pandadi janma muwah, atmanya dadi byu kahikik, tumuwuh tengah

ing alas. Kunang wange yan sampun malukat ring wayang, de ning panglukatan empu

leger, away bhatara anangkaleni, mwang anadah, mangkana basamane empu leger ri

jeng bhatara kala.

Masinggih bhatara kala, mojar bhatara kala muwah, lah ya empu dalang, I wruha

pwa kita, yan ana wang malaku tengah ngwe bener, lumasa sandekala, lungha masa

ning tengah wengi, ika wenang ngong anadah, pinaka bela ning hulun, panugraha

nira hyang kasuhun kidul, mangkana ling bhatara kala, mawuwus empu dalang,

sakaharep de bhatara pukulun. Telas mangkana nubaya hitan ira sang rwa, mur

bhatara kala, mulih ing stana nira nguni, empu leger huwus angringgit, wong

kabeh pada mulih kuwu nira sowang-sowang. Telas. Iti kalapurana.





TUTURWAHIA- AJARAN KARAHAYONING GESANG

Om Awighnam Asthu!

Nihan wastuning silanira sang arep asewaka dharma, tan lian maka dasaring

kawikun, yogia kengetakena de sang paksa awiwikon. Iki wastunia, karuhun

kawruhakena langgeng asalina rupa, bawa, tindaak, tanduk, samaprih ningnia

satata, karan inemune kalawan munjine jua prih ayune satata, apanga pada ngalap

sor, den wani suka kalah, suka tiwas, suka belog, suka kanistan, suka cineda,

suka kelangan. Kewala sira agung asih ring sarwa sarwaning mahurip; ndatan

pamati-mati sira ring tan yogia patine; lamun bakal amah, bakal aturan, bakal

banten, bakal caru, sing ada gawenya, ika tan yogia matiang.



Muah kang wenang patenana denta, kutu, tuma, titih, semut gatel, sakancania

kabeh ngit, legu, buyung, ika wenang pinatian de sang wiku. Kewala sira langgeng

amegeng kroda satata, gung satosa wirati ri jagat sarat buwana. Jagat nga; sing

mamunji. Sarat nga; sing mabayu. Buwana nga; sing mangenot. Muah sira tan

panyeda, tan pangalem, ring papa, reka, warna, muang rasa. Rupa nga; ne bagus

ayu, jle, luiring jle melah. Raka ne tegeh, endep, lantang, bawak, dalem deken,

linggah cupek. Warna nga; putih, barak, kuning, selem, dadu, jingga, ijo, biru,

siwah. Rasa nga; lalah, sepet, masem, pakeh, pahit. Ika ta sadrasa nga; gunaning

lidah. Ika luiring alania tan cedanen, aywania tan pujinen.



Sira ta suka cineda, ingalem pinuji sira tan rena, angur sira laraha, angur sira

lapaha, angur sira angela, dahing wong waneh. Asing mahala ika sayogia hreten

den brasta kena ring jroning ati. Muah asing kanggeh rahayu, ika ta sayogia

pesuang karengenening wang len.



Nihan dasendria ring sarira kawruhakena dharmania, luirninia; padenria nga;

batis. Pajwindria nga; djlit. Bagopasdendria nga; baga, purus. Panindria nga;

tangan. Twakindria nga; cangkem. Ika ta maka lilima karmendria nga.



Muah jiwendria nga; netra. Srotendria nga; karna. Parsendria nga; kulit. Ika ta

maka lilima jnanendria (djnjanendria) nga.



Nihan dharmaning dasendria kawruhakena. Kunang darmaning batis, satata tan

paninjak-ninjak, sapalakuning suku mungsi karahayon. Kunang dharmaning silit,

tan pengentuti saking rusip muang tang angisingi saking songar muang tan

arabengi pada lanang. Kunang dharmaning baga purus, yan lanang tan panggugoni

sakawisayaning purus, tan pangambe istri. Kunang yan wong istri tang panggugoni

sakawisayaning baga. Kunang dharmaning tangan, tanpanggugoni sakawisayaning

tangan umareng ala. Maring ayu juga lakuning tangan satata.



Kunang dharmaning cangkem satata angucap sabda manahara, apes masor somia

srenggara, angalap sihing jagat mangrenge. Ndatan linyok, kewala ujar sadhu

basaja masatya tuhu, tan ajum, tan injek, tan angkara, tan capala, gangsul, tan

pisuh, tan sumpah, tan drapata, tan singgih, tan angaku-aku, tan kumaka wiku,

mabisa dawak, tan pangumpet ring len, tan bijal, tan cecemlek, kewala sabda enak

satata wedalnia. Telas samangkana dharmaning cangkem.



Kunang dharmaning lidah, ndatan panggatgat luiring rasa enak, kewala darana sira

ring rasa, ndatan apik, tan wigih, tan praceda ring rasa, hanangalem ring rasa,

ala ayuning rasa, samahita denira; apan lega santosa ring rasa, kewala sok

pangupajiwa kahitung, anging enak tan enak, samahita denira amangan, ndatan

kroda runtik ring amangan. Telas samangkana dharmaning lidah kajarnia.



Kunang dharmaning irung, luirnia; Suci juga sira ring ganda, mijik banges,

samahita pangadeke, tur tan praceda ring durganda, mangalem ring suganda muang

tan salah aras, tan salah ambung, kewala suci ganda juga kang ginanda, bayu tan

angangsur wetunia, aris satata wetune. Telas samangkana dharmaning irung

kajarania.



Kunang dharmaning netra luirnia; Ndatan pati not-noten ring sakaluiring mahala,

ika ayu juga tontonen, eda paliat abunis arum satata, mrih ulat umingsor, ulat

jatmika wruh ing smita tur tan katresnan sira ring sakaluiraning sakaton kabeh,

muang tan katresnan mulating sarajadrewe kabeh, muang tan tresna mulating anak

putu buyut muang sanak rabi, bapa babu, kaki nini muang tan tresna mulating

kadang warga mitra kabeh lanang wadon. Kewala smitaning  ulat ring sasaman

kabeh, den kadi matonia nyama; kang katon dening len. Ring wong atua, kang kadi

angemot i bapa i meme. Muang tan trena sira ring awak   sariranta muang tan gila

sira mulating kang sarwa ginilan. Ararem yan mulating gurusaksi, gurupada,

ndatan pandeleng saluhuring kapala, yan mulat ring ratu samangkana. Telas

samangkana dharmaning netra kajarnia.



Kunang dharmaning karna, luirnia; Eda pati madingehang saluiring mahala, kang

rahayu juga padingehang, prih darananing ngrenge juga tuten, ndatan prateja ring

saluiring ala karenge, ndatan angalem ring sakaluiring ayu karenge, eda salah

padingehan,  eda madingehang ujar tan krama, kramaning ulah ayu juga

padingehang. Telas samangkana dharmaning karna kajarnia.



Kunang dharmaning kulit, luirnia; Buat darana ring panas tisning kulit, samahita

juga ring wirasaning kulit, daraning salaraning kulit luirning lararaning kulit.

Telas samangkana dharmaning kulit kajarnia.



Ika ta kramaning dharmaning dasendria nga. Kukudakena dening angen-angen

mahening nirmala satata, ika tan len kabresihana de sang wiku, langgeng rahina

wengi.



Nihan trimala, nga; tan kantinen de sang wiku luirnia; angen-angen angkara nga;

buat caapala ring sesamane tumuwuh, pengkuh ambeke pangpang pungpung amungpang

satata, buat angangken awake sugih, ceclemek, kumabisa, tenggah ring tua-tua,

buat praceda ring wong len muang sang panditaaaa, iya juga bagus, iya juga ayu,

iya juga nganggeh wruh ring kawah swarga mwang kabudine angunggul,

angawang-awang, tan angga kociwa, singgih kumabisa dawak, anggak, brengga,

kumakawi, prajnjan tan ana madani, wani budine, angungkuli wong ring wong kabeh,

ajum, encek, murka buat kroda, amisuh anemah, adenggi ring sasamaning tumuwuh,

iri, lepaasan, iya juga nganggeh wruh ring silakrama kabeh, putusing aji brata

samadi yoga, muang wruh ring papegating aji kabeh, wruh tekeng panguwusani bawa

kabeh muang papegating  tigasakti. Telas samangkana gunaning angen-angen angkara

kajarnia. Ika ta kabeh tan kantinen de sang wiku.



Angen-angen loba nga; asing budi takut kikit, apang pada liu juga budinia suka

pirak, yen kikit branti uring-uringan. Apang katekan budiania sarwa liu, pipis

mas salaka pada liu, rajabrana, padi pada liu, somah liu pada ayu-ayu kabeh,

abungah yan tumoning pianak liu, panjak liu, sarwa ipen liau, kebo, sampi,

jaran, maisa, mesa, domba, ayam, bebek, angsa, dara pada liu, tur geget, credik,

crewing, yen kelangan sedih kingking gung tangis, bekut, bengul, osah

menggah-mengguh, uyang-ayingan. Yan angidih taan polih branti, yan tan polih

branti, yan polih pirak; yan kaidihin, buat paweh, kunang yan amangan, buat

winongin dria, ping telu ping pat sadina duh-duhan ring rasa enak, sabran dina

tan kari sarwa iwak muang inum sarwa sajeng arak brem kabeh, uron-uron atura

rahina wengi, asanggama rahina wengi, anganggo sarwa bungah, sarwa merab, yan

nista nganggo gung runtik. Telas kudunia pracidra ring drewening len,

angutilangen tal, ambegal, anayab, amaling, amlagandang, amurugul, amatimati tan

padosa, adol wong, ananggap upah amrih bati tan surut, denia amrih kasugihan.

Ndatan surut pamrihnia apang katekan amisesa jagat kabeh. Telas samangkana

gunaning angen-angen kaloban kajarnia.



Kunang muah angen-angen tresna, nga; luirnia, buat wedi ring pati ring gring,

ring lara, buat wedi ring mala pataka, buat wedi ning keweh luiring keweh, buat

wedi ring sakaluiring sangkala, buat wedi ring karoga, luiring rorogan. Anging

kewala pamrih budinia seger oger, aawluya jati paripurna maurip, warasa sadakala

manutug tuwuh dirgayusa, tan kasurudan suka sugih, wedi kalaladan

keweh-kewehning anak putu buyut muang wredining sarwa iwen, yaan kapatianing

iwen, gung tangis menggah-menggah, luih kapatianing anak putu buyut, sampun tan

pacamugaga, tan parupa tan pawarna, tan pagoba janma, kapati-pati denia, gung

kapriatinan, dewa den pasuhi, kayangan den rubuh, dening gunning kapriatinan.

Kunang yang tumoning aanak putu buyut pada paripurna seger-oger tan analahane.

Ikaa ta suka lega manahnia tumon, abungah cecengah mahor gangga sada motah;

adulur kenyang-kenyung pangucape sada jegir, tegake kadi tegak wawalene kancegan

kaparaga dewa. Telas samangkana gunaning angen-angen katresnan kajarnia.



Ika ta gunaning trimala margining atmaning manusa mulih maring yamaniloka

kajarnia, tumampuh ring kawah de sang yamabala. Luirnia wastuning kawah tiga

prabedaning kawah; kawah tambragomuka, kawah tai, kawah endut siblagadaba.

Angkara nga; kawah tambragomuka; lobha nga; kawah tai. Tresna nga; kawah endut

siblagadaba. Ya doni trimala yogia kayatnakena de sang wiku, ya karaning hret

ring jroning ati sakawisesaning trimala kabeh, brastakena ring jroning hredaya

salawasing mahurip, adja aweh metua.



Kunang wineh metua nggeh ngulah maring aju juga pesuang, makasadana, semu teken

munji apang pada ngulah kasor. Muah yan pageh samangkana, ika ta kajarnia marga

mulih maring swargaloka sanghyang atma. Apan agung reko sih sanghyang dharmaraja

iri kita, doning reko langgeng sanghyang atma amukti sarining sari.



Nihan kengetakena de sang wiku, alaning aturu ring rahina. Pupuk prih embuh

satru, sagunging tapa bratanta rug sirna brasta tanpasesa, tur lungsuring

kajaten, omah-omah rampung tanpasesa, wiadi tan pegat; ika ta panten nga; ya

karaning papalinana de sang wiku maturu ring rahina, apan gung reka ilania.



Nihan tingkahing sang wiku amangan pindo sadina, yan ring inum, kewala brem

muang madu kawasa inginum. Kunang saluiring sajeng arak tan yogia inumen de sang

wiku. Yan amangan tan parowang, aroron, aturu tan pakaruwana, alungguh tan

pakaruwan sabale.



Yatna sang wiku ahutang apiutangang. Kunang yan sang wiku ahutang, masatia ring

pasamayania manahur. Kunang sang wiku apiutangang ndatan panagih, winong ring

budining sang mahutang.



Kunang yan sang wiku angadol, telas tan panengker aji, aweh tur madulur

mahimbuhin. Kunang yan sang wiku atuku ndatan panawah, tan panagih imbuh.



Muah ring sang wiku, telas tong ada amotoh-motohan saluiring jujuden, pan tan

wiku hana murug.



Muah sang wiku tan amangan luiring parad-paridan, lamukajunan de sang guru,

wenang sang wiku amangan.



Muah tan dadi sang wiku anglipeti teda, muang tan dadi sang wiku

kahundang-hundangan, abeberukan.



Telas samangkana wastuning silanira sang amrih sewaka dharma; apan makadasaring

kawikun. Kunang yan tan mangkana  dasar sang amrih kawikun, kajarnia birdon

kawikunira, rug bubar tan pajamoga, apan sanghyang dharmaraja gung runtik ring

sang wiku, salah surup, panten sang wiku mangkana.



Iti tuturwahia, away cawuh, away wera, gung ila-ila, poma.

baca selengkapnya dan dapat simpan di file anda dalam bentuk pdf, baca disini


  • JAWA SEJATI-SEJATINYA JAWA DALAM LONTAR DAN SEJARAH(LANJUTAN)





  • diposkan oleh : PAGUYUBAN PAKOEBOEWONO

    http://pakoeboewono.blogspot.com

    0 comments: