Monday, August 20, 2012

Kiriman dari Sentanadalem PB.V

Serat Babad Amengeti Lalampahandalem: Sampejandalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Pakoe Boewono Senopati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sajidin Panata Gama Ingkang Kaping: V: Ing Surakarta Hadiningrat

Pakubuwana V, Soemosapoetro, 1956, #721
Katalog : Pakubuwana V, Soemosapoetro, 1956, #721
Sambung : -

--- 0 ---

Kawedalaken dening: Pagujuban Darahdalem Pakoe Boewono: V: Surakarta

--- 0 ---

Purwaka

Sinom

1. MĂȘkaring tyas tumaruna / lir taru katrĂȘsan riris / mangkana sotaning driya / Paguyuban Trah Narpati / kaping gangsal mandhiri / ing Surakarta praja gung / amangun babadira / laksitanira Sang Aji / wiwit miyos ginita praptĂšng surudnya //

2. Tinaliti kang sĂȘjarah / kang nĂȘrahkĂȘn narapati / myang pratelaning pra putra / mĂšt wĂȘwaton pĂšngĂȘtaning / karaton dalĂȘm tuwin / anut dongĂšnging pra sĂȘpuh / amrih dadya tuladha / mring trahira dimĂšn ngudi / mardi budya ambĂȘk darma martotama //

3. Ingkang piniji mangripta / yĂšku Radyan Mas Sumantri / Sumosaputro kalawan / binantu Radyan Mas Panji / WangsĂšngkusumo tuwin / Dyan Mas NgabĂši sinĂȘbut / Tiknopranoto lawan / kadang ingkang amumpuni / Rahadyan Mas NgabĂši Atmowidagdo //

4. Dyan Mas BĂši Yudoprojo / ugi wasis sastra niti / kaping gangsal Dyan Mas Lurah / Atmosudarmo sĂȘsilih / kanĂȘmira winarni / iyĂšku ingkang sinĂȘbut / Dyan Mas Cokrosumitro / samya saeka sakapti / ambiyantu mrih prana pranawĂšng karya //

5. Titimasaning pangripta / RĂȘbo Kliwon amarĂȘngi / sajuga wulan Mucharam / warsa Be sangkalĂšng warsi / brahmana asta sami / angĂšsthi panunggalipun (1888) / wugu windu SĂȘngara / ing mangsa Karo marĂȘngi / kaping wolu Agustus sangkalĂšng warsa //

6. Rasa lima pambukanya / ngaurip (1956) mangkya kang nganggit / minta gungan pra nupiksa / mugi kasdu sung wĂȘwahing / pĂšngĂȘtan myang pĂȘpeling / dongengan mrih saya wimbuh / sampĂȘting kang pustaka / babadira Sang Narpati / kaping gangsal musthikaning Surakarta //

Juru pangripta

[Tanda tangan]

(R.M. Sumantri Sumosaputro)

--- 1 ---

Sampeyan dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping: V: ing Surakarta Adiningrat, wĂȘkdal nalika taksih timur asma R.M.G. Sugandi, putra dalĂȘm sampeyan dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono Senapati ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping: IV: ing Surakarta Adiningrat, wĂȘkdal nalika taksih jumĂȘnĂȘng K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping: II: ing Surakarta Adiningrat, miyos saking B.R.Ay. Adipati Anom.

B.R.Ay. Adipati Anom punika atmajanipun R. Adipati Cakraningrat bupati ing PamĂȘkasan Madura. Wondene asal-usulipun badhe kapratelakakĂȘn ing wingking.

Wiyosan dalĂȘm amarĂȘngi ing dintĂȘn Anggara Kasih tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Dal 1711, sinĂȘngkalan: narpa putra kaswarĂšng rat, utawi kaping: 15 Pebruari 1785 sinĂȘngkalan: tataning bujangga amulang putra, wanci jam 1 siyang wuku Tambir windu Adi. Miyos dalĂȘm wontĂȘn ing kadipatĂšn salĂȘbĂȘtipun dhatulaya Surakarta Adiningrat.

Nalika R.M.G. Sugandi yuswa ±1½ warsa, ibu dalĂȘm B.R.Ay. Adipati Anom seda. Awit saking kaparĂȘngipun K.G.P.A. Anom, layonipun garwa dalĂȘm wau kasarĂškakĂȘn ing Astana Lawiyan, kaprĂȘnah sakilĂšn pangimaman masjid Lawiyan. Parlunipun K.G.P.A. Anom sagĂȘd asring anuwĂšni pasareanipun garwa dalĂȘm, labĂȘt saking taksih kandĂȘl sih katrĂȘsnan dalĂȘm dhumatĂȘng garwa dalĂȘm. SarĂȘng jumĂȘnĂȘng dalĂȘm Ingkang Sinuhun kaping V, ibu dalĂȘm wau kawisudha sĂȘsĂȘbutan saha asma: KangjĂȘng Ratu Pakubuwono, nanging pasareanipun taksih lastantun wontĂȘn ing Astana Lawiyan.

Awit saking tinilar seda ing garwa, K.G.P.A. Anom sakalangkung singkĂȘl ing wardaya, ngantos sawatawis candra botĂȘn sagĂȘt lipur. Nanging pĂȘpuntoning panggalih dalĂȘm lajĂȘng pinupus dhatĂȘng pĂȘpĂȘsthĂšning lĂȘlampahan, jĂȘr manungsa punika namung sadarmi anglampahi.

K.G.P.A. Anom sawĂȘg lipur sawatawis warsa kataman sungkawa malih, inggih punika rama dalĂȘm sampeyan

--- 2 ---

dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping III: murud dhumatĂȘng kasidan luhung, amarĂȘngi ing dintĂȘn Jumuwah Wage tanggal kaping: 25 wulan Dulkijah taun Jimakir 1714 sinĂȘngkalan: keblating jagad wasitaning urip utawi kaping 26 SĂšptĂšmbĂȘr 1788 sinĂȘngkalan: ngĂšsthi salira wasita tunggal, wanci jam 11 siyang wuku Wayang windu Adi. Sasampunipun paripurna layon dalĂȘm kasarĂškakĂȘn ing Astana Imagiri ing kadhaton kaswargan.

Watawis 3 dintĂȘn saking surud dalĂȘm wau, amarĂȘngi ing dintĂȘn SĂȘnĂšn Paing tanggal kaping: 28 wulan Dulkijah taun Jimakir 1714 sinĂȘngkalan: dadi raja sabdaning rama, utawi kaping: 29 SĂšptĂšmbĂȘr 1788 sinĂȘngkalan: brahmana asta amulang raja, wuku Kulawu windu Adi, K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping:II: kajumĂȘnĂȘngakĂȘn narendra, anggĂȘntosi kaprabonipun rama dalĂȘm, ajĂȘjuluk asma: Sampeyan dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrachman Sayidin Panatagama ingkang kaping IV: ing Surakarta Adiningrat, apĂȘparab: Sinuhun Bagus. Nalika samantĂȘn yuswa dalĂȘm sawĂȘg 20 warsa langkung 7 candra.

Watawis 3 warsa saking jumĂȘnĂȘng dalĂȘm nata, awit saking kaparĂȘnging karsa dalĂȘm badhe nambut silaning akrami. Ingkang badhe kapundhut pramĂšswari wau ingkang rayi B.R.Ay. Adipati Anom ingkang sampun sawarga, asmanipun: R.Aj. Sakaptinah, sami putranipun R. Adipati Cakradiningrat, bupati ing PamĂȘkasan Madura, dados nama ngarangulu.

Krama dalĂȘm amarĂȘngi ing dintĂȘn RĂȘbo Wage tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Jimawal 1717, sinĂȘngkalan: pandhita luwih kalokĂšng rat, utawi kaping 17 Agustus 1791 sinĂȘngkalan: janma sanga anabda tunggal, wuku Kulawu windu Kunthara, mawi pamiwahan agĂȘng-agĂȘngan, pakajangan ngantos 40 dintĂȘn. PramĂšswari dalĂȘm wau kapatĂȘdhan asma saha sĂȘsĂȘbutan: KangjĂȘng Ratu KĂȘnconowungu.

Watawis sawarsa kalihan krama dalĂȘm, R.M.G. Sugandi sanadyan sawĂȘg yuswa 7 warsa langkung 8 candra

--- 3 ---

ugi lajĂȘng kajumĂȘnĂȘngakĂȘn pangeran adipati anom, ajĂȘjuluk K.G.P.A. Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping III ing Surakarta Adiningrat, amarĂȘngi ing dintĂȘn SĂȘnĂšn LĂȘgi tanggal kaping 24 wulan Dulkijah taun Je 1718 sinĂȘngkalan: naga raja tinitihan janma, utawi kaping: 13 Agustus 1792 sinĂȘngkalan: nĂȘmbah dewa kaswarĂšng jagad, wuku Madhangkungan windu Kunthara, sabibaripun pakĂȘpung. LĂȘnggahipun anyĂȘpuhi K.G.P.A. H. Mangkunagoro ingkang kaping II.

AmarĂȘngi ing dintĂȘn SĂȘnĂšn Wage tanggal kaping: 5 wulan Mucharam taun Alip 1723 sinĂȘngkalan: guna paksa sabda raja, utawi kaping: 11 Juli 1796 sinĂȘngkalan: rasa pambukaning sabda jati, wuku Mandhasiya windu SĂȘngara, awit saking kaparĂȘnging karsa dalĂȘm Sampeyan dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV putra dalĂȘm K.G.P.A. Anom kaparingan ganjaran wĂȘwahing asma HamĂȘngkunagoro. Dados wĂȘtahing asma dalĂȘm K.G.P.A. Anom HamĂȘngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping III ing Surakarta Adiningrat.

Sabibaripun supit, K.G.P.A. Anom tansah winĂȘlĂȘg ing salwiring kawignyan sarta kagunan, punapadene aji jaya kawijayan tuwin guna kasantikan lan sapanunggilanipun. Para abdi dalĂȘm ingkang linangkung kasagĂȘdan sarta kagunanipun, sami kadhawuhan amulang muruk dhumatĂȘng K.G.P.A. Anom, kados ta babagan: kasusastran, karawitan, katuranggan, kaprajuritan, kawruh paniti praja lan sasaminipun. Ingkang sinuhun piyambak ugi botĂȘn kĂȘndhat anggĂšnipun paring piwulang dhumatĂȘng K.G.P.A. Anom, supados tĂȘmbenipun sagĂȘt anĂȘtĂȘpi kawajibaning narendra utama amĂȘngku praja tuwin kawula, jer tata-tĂȘntrĂȘming kawula punapadene kartaraharjaning nagari punika namung gumantung saking daya prabawanipun ingkang jumĂȘnĂȘng narendra.

Wulang dalĂȘm wau kajawi ingkang kawrat ing sĂȘrat piwulang kina-kina, ugi kados ingkang kawĂȘdhar ing ngandhap punika:

Kulup Pangeran Adipati Anom, ing tĂȘmbe sira bakal jumĂȘnĂȘng narendra amĂȘngku praja lan kawula, anggĂȘntĂšni kaprabon ingsun sarta dadi wĂȘwakiling Hyang Agung, rumĂȘksa marang tata-tĂȘntrĂȘming kawula sarta karta raharjaning nagara. Marmane sira bĂȘcik anelada pambĂȘgane para ratu ing kuna-kuna kang wus kawĂȘntar

--- 4 ---

kautamane, yaiku anganggoa ambĂȘg 4 prakara:

1. Tanuita, tĂȘgĂȘse kang bisa nĂȘnarik marang katĂȘntrĂȘmaning ati.

2. Darmaita, yaiku pangĂȘrĂšhira marang para santana abdi sarta kawulanira kang kalayan mĂȘrakati, supayane para santana, abdi sarta kawulanira pada sumusup datanpa sangsaya.

3. Tumraping para wadyanira bisaa nganggo ambĂȘg samaita, yaiku ulah tatakrama, anglungguhi traping pĂȘpangkatane, amarga yĂšn rinĂȘksa pranatane mau minangka dadi tĂȘtali amrih widadaning praja. SangkĂȘpe bisaa padha lĂȘbda marang kridhaning paprangan.

4. Saraita atĂȘgĂȘs sĂȘngsĂȘm ulah lĂȘlungit, miwah wajib amĂšngĂȘti bratane Nata Binathara Sri KrĂȘsna Dwipayono ing Yawastina. LabĂȘting nata pandhita prabawane anartani ayĂȘm saisining bawana, sumusupe sĂȘmu asih, dene kang ditindakake: samabeda - danadhĂȘnda. Yaiku manawa asih aja nganti kawistara, ing laire dipadha bae. Beda trumrap pamatahing karya, aywa nganti worsuh. Kang agal miwah kang alus saringĂȘn ywa kongsi klera-klĂšru. Trape kang sinĂȘbut dana, yĂšn ngadili datanpa pamrih. Dene kang dĂšn arani dhĂȘndha, iku traping pamidosa anuhoni anggĂȘring praja, aywa nganti pilih kasih. Nadyan marang santana warga, aywa mingsĂȘt saka tĂȘtĂȘping adil. Amung sarĂšhning wĂȘwĂȘngkon praja Surakarta iku jĂȘmbar tĂȘbane, langka bisane nyumurupi ing sawiji-wiji. Marmane pangrĂȘnggĂȘping samabeda, manawa amrih ayuning praja aywa ngetung kadang warga, kabĂšh bae rĂȘngkuhĂȘn padha. Dene bedane mung wĂȘruhana, ala bĂȘcike silahĂȘn lawan waspada. Kang ala yogya pinapas sakawasa pinrih bĂȘcike. Ewadene manawa mĂȘksa puguh, nuli dohĂȘna, awit iku wisa kang agawe rusak. Dene martaning nagara, sing sapa nĂȘdya rumĂȘksa, kanthinĂȘn minangka rowang, supaya sira bisa anyumurupi saniskara gĂȘlaring wĂȘwĂȘngkonira.

--- 5 ---

Kajaba anindakane ambĂȘg 4 prakara kaya kang wus ingsun pangandikakake mau kabĂšh kulup, isih akĂšh piwulang-piwulang ingsun marang sira, minangka kanggo gĂȘgaran jĂȘmĂȘnĂȘng[1] narendra utama rumĂȘksa marang katĂȘntrĂȘmaning nagara lan kawula. Marmane wigatĂškna:

1. SakĂšhing piwulang bĂȘcik andhĂšmana lan sarupane layang-layang wacanĂȘn kabĂšh. Sira aja kongsi nampik marang kawruh, lire lamun sira wus matuh marang wĂȘwarahing kabĂȘcikan, mĂȘsthi kadunungan kanikmatan.

2. SimpĂȘna bandha mas slaka, minangka kanggo prabeya karahayoning praja, santana, wadya lan kawulanira, lire lamun sira bisa nylamĂȘtake samubarang kang dadi tĂȘtanggunganira, bakal bisa widada wimbuh kuncara anggonira ngasta pusaraning praja.

3. Kawulanira padha paringana pangan lan kabungahan, sarta umbarĂȘn dimĂšn padha sumuyut. Kang mangkono iku sira jĂȘnĂȘng wĂȘruh marang tata pranata sarta nyumurupi marang kaparluwaning kawulanira.

4. Anggonira anindakake rumĂȘksa praja lan kawula santosakna, marmane sira angĂšsthia kasarasan lan pangadilan sarta wĂȘruha marang kabĂȘcikan, tĂȘgĂȘse mangĂȘrtia marang kagunan lan lĂȘlabĂȘtaning kawulanira.

5. RĂȘksanĂȘn pratingkahira kang rahayu supaya lastarine, marmane sakĂšhing tindak-tanduk kang tumuju marang kamurkan cĂȘgahĂšn, sartane aywa nindakake panyamah marang sapadha-padha, luwih manĂšh marang para nandhang kaswasih. Kang iku kulup, lamun sira wus mangĂȘrti marang kang anjalari rahayu, sira wus kĂȘna sinĂȘbut sudibya (linuwih).

6. Sira aywa kĂȘndhat anggonira amawas solah tingkahing wadyanira sarta digarĂštĂšh anggonira amituturi lan mulang muruk marang kabĂȘcikan, lire manawa wadyanira padha sumurup marang kabĂȘcikan, anjalari luwih tumĂȘmĂȘn anggone padha

--- 6 ---

rumĂȘksa marang ratu gustine.

7. TalitinĂȘn lawan tilingna kang dadi bot repote kawulanira, awit iku wus dadi sĂȘsanggĂȘman sarta kawajibaning narendra.

8. SabĂȘn sasine sira maringana pangan marang para ahli pujabrata, murih padha anggĂȘdhĂškake rahayuning praja lan yuwananing ratu. YĂšn mangkono sira bakal sinĂȘbut ing jagad lamun sira iku ratu kang mahambĂȘg mardu.

9. Lamun sira anggĂȘganjar marang wadyanira, luwih prayoga katitisake dhihin. Utusana nalisik angyĂȘktĂškake. Manawa wus prayoga tumuli paringana. Manawa mangkono, kagunane wadyanira kang ginanjar mau mĂȘsthi banjur tambah santosa lan atine tambah pangĂšdhĂȘpe marang ratu gustine. Mungguh sajatine kulup, sira iku bangĂȘt diasihi ing wong akĂšh. Babasan kaya asihing wong marang sĂȘsotya, lire asihe mau kanti amĂȘngku pamrih.

10. Wruhanira kulup, kawajibanira iku rumĂȘksa marang tata tĂȘntrĂȘming kawula sarta karta raharjaning nagara. Marmane sarupane pamidikan, pasĂȘmbahyangan, tĂȘtanĂšn, dalan-dalan, sĂȘndhang-sĂȘndhang, pancuran-pancuran, tambak-tambak, pasar-pasar lan sapĂȘpadhane kang dadi kabutuhane kawulanira, pada ruktinĂȘn kang prayoga.

11. Amawasa marang wadyanira kang kadunungan kamurkan, awit wong kang mangkono mau sok dhĂȘmĂȘn wĂȘwadul ngandharake alaning liyan. Marmane pandĂȘngĂȘn dĂšn nastiti dikaya pamawasira marang solah tingkahing durjana. Ewadene manawa WĂȘadule mau bĂȘn, cathĂȘtĂȘn ing wardayanira. Nanging manawa wĂšwadule mau goroh, banjur patrapana paukuman samurwate.

12. DĂšn ngati-ati lan nastiti lamun sira arsa amatrapi paukuman dosa pati marang wadyanira. PrĂȘkarane talitinĂȘn sarta sarasĂšhĂȘna kang barĂȘsih marang para ahli kukum, mangkono uga lamun sira arsa anggĂȘganjar sarta pĂȘparing, yaiku matitisna pĂȘparing lawan pangukum.

--- 7 ---

SarĂȘng K.G.P.A. Anom sampun dewasa, awit saking kaparĂȘnging karsa dalĂȘm ingkang sinuhun, dipun kramakakĂȘn kalihan putranipun R.M.H. Joyodiningrat. SalajĂȘngipun kapatĂȘdhan asma saha sĂȘsĂȘbutan: B.R.Ay. Adipati Anom HamĂȘngkunagoro. Akhiripun sarĂȘng K.G.P.A. Anom jumĂȘnĂȘng narendra, garwa dalĂȘm ugi lajĂȘng kajumĂȘnĂȘngakĂȘn ratu kapatĂȘdhan asma saha sĂȘsĂȘbutan: G.K Ratu Mas (AgĂȘng).

SarĂšhning K.G.P.A. Anom tansah winĂȘlĂȘg ing piwulang-piwulang sarta kawruh-kawruh punapadene kagunan-kagunan lair miwah batos, pramila sugĂȘng dalĂȘm kathah tĂȘtilaranipun ingkang minangka pracihna bilih K.G.P.A. Anom wau linangkung sayĂȘktos, kados ta:

1. Bab tosan aji. KabuktĂšn bilih wontĂȘn yasan dalĂȘm curiga ingkang dipun tapak astani piyambak. Nalika yasa curiga wau wontĂȘn ing kadipatĂšn, dipun ladosi para abdi dalĂȘm pandhe ĂȘmpu saandhahanipun. Swaranipun palu dhumawahing paron pating carĂȘngkling, ngantos kapiyarsa saking salĂȘbĂȘting kadhaton. Ingkang sinuhun dupi miyarsa swantĂȘn pandhe wontĂȘn ing kadipatĂšn, kaparĂȘng tĂȘdhak dhumatĂȘng kadipatĂšn, arsa anguningani barang punapa ingkang dipun garap putra dalĂȘm wau. KalĂȘrĂȘsan wĂȘkdal tĂȘdhak dalĂȘm ingkang sinuhun dhumatĂȘng kadipatĂšn sampun wontĂȘn curiga ingkang dados babaran. Curiga kaunjukakĂȘn Rama dalĂȘm. SarĂȘng ingkang sinuhun angunus curiga wau, sakalangkung kagyat salĂȘbĂȘting wardaya, ngungun anguningani wujuding curiga, dening saening tangguh sarta garapipun. Saking unjukipun K.G.P.A. Anom, bĂȘbakalanipun curiga wau saking lĂȘburan mariyĂȘm Kyai GunturgĂȘni. KasĂȘbut ing sĂȘrat Babad Kartasura, Kyai GunturgĂȘni punika mariyĂȘm ingkang kangge nanggulangi wĂȘkdal pĂȘrang Pacina, nanging lajĂȘng sumyur. PĂȘcahanipun Kyai GunturgĂȘni wau sagĂȘd amĂȘjahi wadyabala Cina, dene mimisipun sagĂȘd andhawahi komandhaning KumpĂȘni Walandi ingkang jagi wontĂȘn ing Loji. Dados anelakakĂȘn bilih tosanipun ampuh sangĂȘt. Awit saking kaparĂȘng dalĂȘm [dalĂȘ...]

--- 8 ---

[...m] ingkang sinuhun, curiga wau kaparingan nama Kyai KagĂšt, kajumbuhakĂȘn kalihan raosing panggalih dalĂȘm wĂȘkdal angunus curiga wau, dene sakalangkung kagĂšt raosing panggalih dalĂȘm. Miturut gotĂšk, Kyai KagĂšt wau sampun nate kacobi kangge anggĂȘbang wuluhing sanjata, sagĂȘt tugĂȘl dados kalih, nanging curiga botĂȘn rĂȘmpil. Dhawuh dalĂȘm ingkang sinuhun, Kyai KagĂšt kaparĂȘng kangge pusaka ing kadipatĂšn. Yasan dalĂȘm curiga botĂȘn namung satunggal Kyai KagĂšt kemawon, nanging taksih kathah tĂȘtunggilanipun.

2. Kawignyan dalĂȘm dhatĂȘng babagan undhagi kalĂȘbĂȘt awig ukir-ukiranipun, kacihna bilih gupala ingkang winangun sirahing rasĂȘksa minangka kangge rĂȘrĂȘngganing baita, ingkang salajĂȘngipun kaparingan nama Kyai Rajamala, punika tapak asta dalĂȘm piyambak, wiwit bĂȘbakalan ngantos dumuginipun wujud gupala. Samangke Kyai Rajamala kapitontonakĂȘn wontĂȘn ing Musium Radyapustaka SriwĂȘdari. KawontĂȘnanipun sakalangkung wingit. Miturut katĂȘrangan saking Musium Radyapustaka, sabĂȘn ing dintĂȘn malĂȘm Jumuwah sarta malĂȘm Anggara Kasih, Kyai Rajamala dipun sajĂšni awarni: sĂȘkar sĂȘtaman, wedang kopi sarta srabi abrit pĂȘthak. Sampun nate kalampahan wĂȘkdal Kyai Rajamala kasuwun ngampil dhatĂȘng kitha SĂȘmarang parlu kapitontonakĂȘn ing tentoonstelling, kintĂȘn-kintĂȘn ing taun masĂšhi 1912, kasupĂšn botĂȘn dipun sajĂšni kados ingkang kapratelakakĂȘn ing nginggil, tĂȘmahan ngĂȘdalakĂȘn daya prabawa sarta pangeram-eram, ingkang anjalari sawĂȘnĂšhing anak Walandi dhawah kalĂȘngĂȘr, jalaran ngangge dolanan rambut tuwin brĂȘngosipun Kyai Rajamala, wontĂȘn malih ingkang ewah ĂšngĂȘtanipun. Awit saking makatĂȘn wau, Kyai Rajamala lajĂȘng kakundurakĂȘn dhatĂȘng Musium Radyapustaka, sinaosa tentoonstellingipun dĂšrĂšng bibar.

Wondene anggĂšnipun K.G.P.A. Anom kagungan karsa yasa gupala Kyai Rajamala kasĂȘbut nginggil,

--- 9 ---

gotĂškipun makatĂȘn:

WĂȘkdal nalika samantĂȘn sampeyan dalĂȘm Ingkang Sinuhun KangjĂȘng Susuhunan Pakubuwono ingkang kaping IV sawĂȘg rĂȘngu dhumatĂȘng pramĂšswari dalĂȘm K. Ratu KĂȘnconowungu, ngantos sawatawis candra botĂȘn wawan pangandika, malah tĂȘmahanipun lajĂȘng dipun kiwakakĂȘn (dipun kĂȘbonakĂȘn).

K.G.P.A. Anom anguningani kawontĂȘnan makatĂȘn wau karaos-raos ing salĂȘbĂȘting panggalih dalĂȘm lajĂȘng anggarjita, bokmanawi ibu dalĂȘm wau ngantos kakondurakĂȘn dhumatĂȘng Madura, K.G.P.A. Anom piyambak ingkang sumĂȘdya badhe andhĂšrĂškakĂȘn.


baca selengkapnya dan dapat simpan di file anda dalam bentuk pdf, baca disini



  • Kiriman dari Sentanadalem PB.V






  • diposkan oleh : PAGUYUBAN PAKOEBOEWONO
    http://pakoeboewono.blogspot.com

    0 comments: